Puring

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Codiaeum variegatum
Colpfl05.jpg
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Malpighiales
Famili: Euphorbiaceae
Génus: Codiaeum
Spésies: C. variegatum
Jeneng binomial
Codiaeum variegatum
(L.) A.Juss.

Puring utawa Codiaeum variegatum, kerep uga ingaran croton, utawa variegated croton, iku species tanduran saka Genus ''Codiaeum'', lan kalebu famili Euphorbiaceae.[1] Biyasa dadi tanduran pethètan.[1] Ing alam bébas, grumbul puring dhuwuré bisa nganti telung mèter lan duwé godhong kang amba, alus lan gilap.[1] Puring kang ditandur lumrahé luwih cilik sarta wangun lan wernané godhong akèh banget jinisé.[1] Ana atusan jinis puring kang akèh tinemu ing Indonésia, sing kalebu jinis anyar antarané: Puring Kura-kura, Puring Apel Abang, Puring Apel Ijo, Puring Logam, Puring Kobra, Puring Jèngkol, Puring Dasi, Puring Keris, Puring Walèt, Puring Oskar, Puring Concord, Puring Krupuk, Puring Cakwé, Puring Bor, Puring Madu, Puring Papua, Puring Malang, Puring Kaca, Puring Koin, Puring Lélé, Puring Raja, Puring Koi, Puring Bali, Puring Srilangka, Puring Terang Bulan, Puring Pancawarna, Puring apel,puring anggur, puring anting ratu,puring bor,puring cabe hijau,puring buntut jago, puring emping, puring jet kuning, puring jét orange, lan liya-liyané.[1]

Puring duwé corak lan motif godhong kang akèh.[2] Tanduran iki bisa dadi tanduran hias ing pot lan bisa dadi pager tanduran.[2] Kaéndahan tanduran iki ana ing variasi warna lan gedhé ciliké corak godhongé kaya ta corak brintik utawa trotil-trotol lan garis.[2] Werna godhongé uga macemé akèh, kaya ta ijo rada kuning, oren, abang rada ungu.[2] Saya tuwa tanduran iki wernané saya cetha lan kandel.[2] Ana uga puring kang duwé loro nganti telun warna saben godhongé, kaya ta warna abang ijo, lan kuning.[2] Godhong puring ana kang bentuké huruf z, manuk walet, kriting spiral lan liya-liyané.[2]

Dhuwuré puring kurang luwih 5 mèter, nanging puring uga bisa dipasang ing pot.[2] Cara nengkaraké puring bisa kanthi stek lan cangkok.[2] Yèn lagi wayah panas, puring bisa disiran sadina sepisan.[2] Media kanggo nandur puring ya iku lemah lan bisa uga dicampur pupuk lan pasir.[2]

Lelara kang nyerang puring lumrahé semut lan kutu putih.[3] Kanggo matèni semut lan kutu putih bisa nganggo semprotan srangga uta inséktisida.[3]

Akeh Gunane[besut | besut sumber]

  1. Puring bisa nyerep gas racun kang mbebayani tumprap kaséhatan.[1]
  2. Kanggo pager urip ing latar omah lan dalan-dalan.[1]
  3. Kanggo tanduran hias. Yèn kena srengéngé, puring saya cerah lan katon apik.[1]
  4. Kanggo obat, godhong ijo kang wis tuwa digodhog lan dienggo adus utawa diombe kanggo obat mriang lan awak panas.[1] Oyote yèn digodhog uga kena kanggo obat pencahar.[1]

Tanduran puring asalé saka Maluku.[1]

Cara nangkaraké[besut | besut sumber]

Puring bisa ditangkaraké kanthi cara kang gampang.[4] Pangé bisa distèk utawa dicangkok.[4] Saliyané iku wektu thukulé ora pati suwé lan kasilé 100 % padha karo indukané.[4]

Tanduran kanthi wit utawa pang kang atos kaya puring iki pancèn bisa nangkar kanthi penyerbukan alami.[5] Nanging butuh wektu suwé lan wiji kang dikasilaké uga ora bisa stabil, kadhangkala akèh kadhangkala sithik.[5] Uga anakan saka wiji ana kamungkinan ora padha karo indhukané.[5]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k Tabloid Nova(dipunundhuh tanggal 13 April 2011)
  2. ^ a b c d e f g h i j k Kebokembang.com(dipunundhuh tanggal 13 April 2011)
  3. ^ a b Profil tanaman(dipunundhuh tanggal 13 April 2011)
  4. ^ a b c Bukukita.com(dipunundhuh tanggal 13 April 2011)
  5. ^ a b c Langit-langit.com:Trik Perbanyakan Puring Langitlangit.com(dipunundhuh tanggal 13 April 2011)

Pranala njaba[besut | besut sumber]