Kembang kemboja

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Kembang Kemboja)
Kemboja
Plumeria alba (Kemboja putih)
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Gentianales
Famili: Apocynaceae
Génus: Plumeria
Tourn. ex L.
Spesies

7-8 spésies:

Kemboja utawa samboja wujud saklompok tuwuhan sajeroning marga Plumeria.[1] Wangun wit cilik kanthi godhong arang nanging kandel.[1] Kembangé sing arum khas banget, kanthi makutha warna putih nganti abang rada ungu, lumrahé limang lèr.[1] Kembang kanthi papat utawa enem lèr makutha kembang déning masarakat tinentu dianggep duwé kekuwatan gaib.[1]

Tuwuhan iki asalé saka Amérika Tengah.[1] Jeneng Plumeria diwènèhaké kanggo ngurmati Charles Plumier (1646-1706), nimpuna botani asal Prancis.[1] Sanadyan asalé saka papan sing adoh, kemboja saiki wujud wit sing populèr banget ing pulo Bali amarga ditandur ing mèh saben pura sarta pojok désa, lan duwé kagunan wigati sajeroning kabudayan kono.[1] Ing sapérangan papan ing Nuswantara, kalebu Malaya, kemboja ditandur ing pasaréan minangka tuwuhan pangayom lan panenger papan.[1]

Kemboja bisa ditangkaraké kanthi gampang, kanthi cara stek watang.[1]

Plumeria saiki populèr kanggo tuwuhan hias outdoor.[1] Awalé tuwuhan iki mung kanggo tetuwuhan pasaréan.[1]

Kemboja lumrahé kanggo tanaman hias ing taman, ing ngarep omah utawa ing njero ruwangan kanggo dekorasi.[1] Kajaba iku, kemboja uga digawé bonsai.[1] Kemboja kang digawé bonsai lumrahé kemboja Jepang.[1] Ing kutha-kutha gedhé, kemboja lumrahé kanggo tuwuhan taman lan kanggo rerenggan interior omah amarga kembangé kang éndah lan duwé variasi warna kang apik.[1] Kemboja uga dadi kembang parsèl.[1]

Kemboja wis malih citrané, jaman mbiyèn kemboja lumrahé diarani kembang kuburan.[1] Nanging saiki kemboja wis dadi kembang kang larang regané.[1] Mulané akèh kang ngembangaké lan ngawin silangké kemboja kanggo nemu variasi anyar.[1] Saka iki variasi kemboja akèh tinemu, ora mung kemboja putih nanging ana uga kemboja abang nom, kuning, abang maroon, jingga.[1]

Amarga warna-warna iku mau, kemboja uga nduwé jejuluk anyar kaya ta Putri Salju, Mutiara, Merah Kecap, Putri Bal, Pecah Seribu, Putri Gunung. Regané kamboja uga sangsaya larang.[1] Kemboja kang dhuwuré 2-3 mèter regané Rp 1-1,5 yuta, kemboja kang dhuwuré 1-2 mèter regané Rp 200-300 éwu.[1] Akèh kolèktor ing Pulo Jawa kang nekakaké wit kemboja saka Bali. Wit kemboja iki duwé umur atusan taun.[1]

Jeneng lokal[besut | besut sumber]

Kamboja (Indonésia); semboja (Jawa); bunga jepun (Bali); samoja, kamoja (Sunda), bunga lomilate (Gorontalo); campaka molja/bakul (Madura); pandam (Minangkabau); karasuti, kolosusu, tintis (Minahasa); lan capaka kubu (Tidore).

Dhèskripsi[besut | besut sumber]

Kemboja dhuwuré rata-rata 6 mèter, wité duwé kayu kang atos. Pangé kang enom kayuné empuk, lan ana trotol-trotol kanggo thukul godhong. Godhongé lonjong lan pucuké lancip.[1]

Kemboja bisa ditangkaraké nganggo wiji utawa stèk watang.[1] Lumrahé nangkaraké kemboja nganggo stèk luwih gampang lan rikat thukul.[1] Kajaba iku cara stèk ora gumantung mangsa.[1]

Kemboja ing Bali uga diarani jepun.[2] Jeneng jepun iki tegesé duwé kekuwatan kang nerangi jiwa.[2] Istilah jepun asalé saka basa nagara Jepang ya iku Nippon utawa Nihon kang tegesé Tlatah Srengéngé Mlethèk.[2] Simbol kembang jepun uga akèh tinemu ing rélièf kuil ing Bali.[2] Mulané kemboja utawa semboja diarani wit candhi.[2]

Kamboja uga diarani kembang kuburan amarga lumrahé urip ing kuburan.[2]

Khasiyat[besut | besut sumber]

Saliyané kanggo tuwuhan hias, kemboja uga duwé akèh khasiyat.[1] Wit kemboja ana tlutuh sing wernané putih sing ngandhut damar, kautscuk, senyawa kaya karèt, senyawa triterpenoid amytin lan lupeol.[1] Nanging ati-ati, kulit wit kemboja ngandhut senyawa plumeirid, ya iku senyawa glikosida kang duwé sipat kaya racun.[1]

Sifat racun iki bisa matèni kuman, tlutuh kamboja yèn dhosisé pas bisa kanggo obat lara untu lan obat tatu.[1] Déné kulit wit kemboja bisa kanggo ngilangi lara kang disebabaké aboh lan tlapakan sikil sing pecah-pecah amarga kepanasen.[1]

Kanggo ngilangaké rasa lara ing untu, bisa nganggo tlutuh kemboja.[1] Carané, tlutuh kemboja ditètèsaké ing kapas banjur didèlèhaké ing untu kang lara.[1] Ati-ati aja nganti kena untu kang ora lara.[1]

Lara frambusia uga kena ditambani nganggo kemboja.[3] Kulit wit kemboja kurang luwih 3 tlapak tangan dikumbah lan diiris.[1] Digodhog kurang luwih 15 menit banjur banyuné kanggo adus.[1]

Tlutuh kemboja uga kena kanggo matengaké bisul lan ngempukaké katimumul lan kutil.[4] Tlutuh kemboja bisa nambani iritasi kulit lan radhang ènthèng, saéngga nanah bakal metu lan ora ngrusak saraf.[4] Kajaba iku, nambani nganggo kemboja ora krasa lara kaya yèn nganggo Colomax.[4]

Tèh[besut | besut sumber]

Kemboja uga bisa digawé tèh. Kemboja kang digaringaké kena digawé tèh lan duwé khasiyat kanggo kaséhatan.[5] Tèh kemboja rasané mèh padha kaya tèh biyasa kang digawé saka godhong tèh.[5] Tèh kembang kemboja uga payu dièkspor menyang manca nagara.[5]

Gladri[besut | besut sumber]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai aj ak http://www.indonesiaherbal.com(diundhuh tanggal 17 Mèi 2011)
  2. a b c d e f http://www.anneahira.com Archived 2011-05-02 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 17 Mèi 2011)
  3. http://www.kaskus.us Archived 2020-06-14 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 17 Mèi 2011)
  4. a b c http://sarikata.com Archived 2011-05-14 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 17 Mèi 2011)
  5. a b c http://suaramerdeka.com Archived 2010-10-31 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 17 Mèi 2011)