Anggrèk

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Orchidaceae
Haeckel Orchidae.jpg
Lukisan Ernst Haeckel, Kunstformen der Natur
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Asparagales
Famili: Orchidaceae
Juss.
Subfamilia

.

Suku anggrèk-anggrèkan utawa Orchidaceae iku suku tetanduran ngembang kanthi anggota jinis paling akèh. Jinis-jinisé kasebar wiyar saka laladan tropika teles tekan wewengkon sirkumpolar, sanadyan sapérangan gedhé anggotané tinemu ing laladan tropika. Akèh-akèhé anggota suku iki urip minangka epifit, mligi sing asalé saka laladan tropika. Anggrèk ing laladan iklim sedheng biyasané utip ing lemah lan minangka umbi minangka cara adhaptasi marang usum adhem. Organ-organé sing lumrahé kandel lan "ndaging" (sukulen) marakaké tahan ngadhepi tekanan sumadyaning banyu. Anggrèk epifit bisa urip saka embun lan udara lembab.

Anggota wigati sing kaloka manungsa ya iku anggrèk hias sarta panili.

Ciri-ciri botani[besut | besut sumber]

Anggota suku iki lumrahé duwé organ-organ sing sukulen utawa "ndaging": kandel kanthi kandhutan banyu sing dhuwur. Mila bisa urip ing kaanan banyu sithik. Banyu diantuki saka udan, embun, utawa uwab banyu ing udara. Nanging, sanadyan mangkono, anggrèk ora tinemu ing laladan ara-ara amarya pangoyotané ora intensif. Anggrèk seneng cahya srengéngé nanging ora langsung saéngga anggrèk biyasa tinemu ing alam minangka tetanduran njogan alas utawa ing sangisoring naungan. Minangka tetanduran hias, anggrèk tahan ing njeron ruwang.

Oyoté serabut, ora jero. Jinis-jinis epifit ngembangaké oyot sukulen lan nèmplèk ing watangé wit papané tuwuh. Ing kulit oyot sok tinemu jamur oyot (mikoriza) sing simbiosis karo anggrèk.

Watang anggrèk ros-rosan. Anggrèk sing urip ing lemah ("anggrèk lemah") watangé cendhak lan lumrahé mèmper umbi. Sauntara iku, anggrèk epifit watangétuwuh apik, asring saya kandel lan kareksa lapisan lilin kanggo nyegah panguapan sing kakèhen. Tuwuhing watang bisa asifat "saya dawa" (monopodial) utawa "saya amba" (simpodial), gumantung genusé.

Godhong anggrèk biyasané oval dawa kanthi balung godhong uga dawa, kas godhong monokotil. Godhongé bisa uga saya kandel lan duwé fungsi minangka panyimpen banyu.

Kembang anggrèk wanguné kas lan dadi panyiri sing mbédakaké saka anggota suku liya. Kembang-kembang anggrèk kasusun majemuk, mijil saka gagang kembang sing dawa, mijil saka kelèk godhong. Kembangé simetri bilateral. Helaian Kelopak kembang (sepal) biyasané warnané mèmper karo mahkota kembang (saéngga ingaran tepal). Sak helai mahkota kembang kamodifikasi minangka kaya "ilat" sing ngreksa sawijining struktur aksesoris sing nggawa benang sari lan putik. Benang sari duwé gagang cendhak banget kanthi loro kepala sari wangun cakram cilik (ingaran "pollinia") lan kareksa déning struktur cilik sing kudu dibukak déning srangga panyerbuk (utawa manungsa kanggo panili) lan nggawa serbuk sari nuju cangkem putik. Tanpa direwangi organisme panyerbuk, ora bakal dumadi panyerbukan.

Woh anggrèk wanguné kapsul sing wernané ijo, yèn wis tuwa lan mateng dadi garing lan kabukak ing pinggir. Wijiné cilik banget tur enthèng, saéngga gampang kagawa angin. Wiji anggrek ora nduwé jaringan panyimpen cadangan pangan; malah embrioné durung mateng sampurna. Wiji bakal thukul yèn tiba ing medium sing selaras lan terus tuwuh nganti mateng.

Pamanfaatan[besut | besut sumber]

Anggrèk kaloka minangka tetanduran hias populèr sing dijupuk kembangé. Kembang anggrèk éndah banget lan variasiné mèh ora winates. Anggrèk biyasa didol minangka tetanduran pot utawa minangka kembang potong. Indonésia duwé akèh jinis anggrèk, mligi anggrèk epifit sing urip ing wit-witan alas saka Sumatra tekan Papua. Anggrèk bulan iku kembang pesona bangsa Indonésia. Anggrèk uga dadi kembang nasional Singapura lan Thailand.

Anggrèk asring dipigunaaké minangka simbul saka rasa tresna, kaméwahan, lan kaéndahan suwéné maabad-abad. Bangsa Yunani migunakaké anggrèk minangka simbul kajantanan, sauntara bangsa Tiongkok ing jaman biyèn percaya yèn anggrèk iku tetanduran sing ngetokaké ganda arum saka awaké Kaisar Tiongkok.

Ing pertengahan jaman, anggrèk duwé peran wigati ing pangembangan tèhnik pangobatan migunakaké tetanduran. Panggunaané uga mawiyar nganti dadi bahan ramu-ramuan lan malah naté dipracaya minangka bahan baku utama panggawéyan ramuan ramuan katresnan ing mangsa tartamtu. Nalika anggrèk mijil ing impèning wong, iki dipracaya minangka simbul representasi saka kabutuhan sing jero marang kalembutan, romantisme, lan kasetyan ing sawijining gegayutan. Akiré, ing wiwitaning abad kaping 18, kegiyatan ngolèksi anggrèk wiwit dadi kagiyatan sing akèh dilakoni ing saindenging donya, mligi amarga kaéndahan tetanduran iki.

Panili (Vanilla planifolia) uga arupa anggota suku anggrèk-anggrèkan. Tetanduran iki dimanfaataké wohé. Kanggo ngasilaké woh, panili kudu "dikawinké" déning manungsa, amarga srangga ora bisa urip ing sanjabaning laladan asalé, sanadyan saiki usaha-usaha nuju pamanfaatan srangga wiwit dilakoni.

Jinis-jinis anggrèk hias[besut | besut sumber]

Panyebutan jinis anggrèk hias biyasa disebutaké kanthi jeneng genusé waé amarga akèh banget hibrida antarspesies lan antargenus sing wis gigawé. Akibaté, pananduran anggrèk nduwé sawijining aturan mirunggan sing rada "nyimpang" saka aturan pananduran botani biyasa.

Ing ngisor iki jeneng-jeneng gènus anggrèk hias populèr:

Pranala njaba[besut | besut sumber]