Menyang kontèn

Yudhisthira

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Yudistira)
Aksara Latin
     
Yudhistira

Puntadewa utawa Yudhistira ing Wayang Kulit
utawa Puntadewa ing Pedhalangan Jawa

Jeneng miturut basa
Basa Sangskreta Yudhiṣṭhira
Jeneng miturut aksara
Dewanagari युधिष्ठिर
aksara Bali
aksara Jawa ꧋ꦪꦸꦢꦶꦱ꧀ꦠꦶꦫ꧉

Jeneng Yudhistira, ing carita Jawa, asline dianggo déning raja jim ing alas Mertani utawa Wanamarta. Ing lakon Babad Alas Wanamarta, Para Pandhawa kasil ngalahake para jim ing alas iku. Prabu Jim Yudhistira manjing ana ing ragane Raden Puntadewa, pembarepe Pandhawa. Jeneng Yudhistira luwih kondhang dienggo déning Puntadewa kang banjur dadi raja ing Amarta, Ngamarta, Indraprasta, iya Cintakapura, utawa Batanakawarsa, sing tilas alas Mertani/Wanamarta.

Ing Kitab Mahabharata, Yudhistira (utawa tinulis Yudisthira) iku ya Puntadewa dhéwé. Dhèwèké lair saka bun-bunan Dewi Kunti, mula saka iku dijenengi Puntadewa kang tegesé punjering kaluhuran. Yudhistira dhéwé tegesé raja prajurit. Ing Kitab Mahabharata, Pandhawa duwé garwa kang padha, ya iku Dewi Drupadi (poliandri). Nanging ing Pedhalangan Jawa, Drupadi iku garwane Puntadewa. Seka jejodhoan iki duwé putra ya iku Raden Pancawala.

Ing Pedhalangan, Raden Puntadewa iku putra pembarepe Prabu Pandhu Dewanata (ratu Astina) lan Dewi Kunthi Talibrata. Dasanamane Yudhistira ya iku:

Miturut Kitab Mahabarata, salugune Raden Puntadewa putrane Bathara Dharma, dewane keadilan, srana Bathara Dharma manunggalake rasané karo Dewi Kunthi kang mateg dayane aji Adityahredaya (yèn miturut pedhalangan "mateg Aji Kunta Wekasing Rasa Cipta Tunggal tanpa Lawan").

Rehne bab mau rinasa kurang trep ing bebrayan Jawa, mula déning para pujangga kita banjur diowahi, dijumbuhake laro tuntunan budaya Jawa lan kapribaden Jawa kang isiné yane peputra ora karo bojone dhéwé iku kalebu tumindak sing nistha. Mulane ing carita padhalangan, Puntadewa iku putrane Prabu Pandudewanata, ratu ing Astina (Ngastina) lan Dewi Kunthi, déné Bathara Dharma iku dadi bapa angkate, kang uga banjur manitis ana anggane Raden Puntadewa. Mula saka iku, Puntadewa uga sinebut Raden Darmakusuma.

Ing pedhalangan pusakane kang asring dipocapake dhalang ya iku Jimat Pustaka Jamus Kalimasada Ana uga Song-Song/Payung Kyai Tunggul Naga lan Tombak Kyai Karawelang, lan Kalung Robyong (tilarane Prabu Jim Yudhistira, Nalendra Negara Wanamarta/Mertani) kang dayane manawa Puntadewa duka lan astane nganti nyeggol kalung iki, sanalika sarirane salin wujud dadi "Brahala" utawa buta kang gedhene sagunung anakan kang pakulitane putih kang apraceka Déwa Amral iya Déwa Mambang.

Garwa Prameswarine Prabu Puntadewa iku mung siji, Dewi Drupadi, putrine Prabu Drupada, ratu ing nagara Pancala iya Cempala. Karo Dewi Drupadi banjur peputra siji aran Raden Pancawala.

Ing versi Mahabharata India, Yudhistira pinter olah kaprajuritan lan gagah nalika perang. Yudhistira iku tegesé Raja Prajurit. Nanging ing carita Pedhalangan Jawa, Yudhistira iya Puntadewa iku kondhang "Titah Ludira Seta" utawa wong kang getihe putih. Kang mangkono mau kagawa saka watake sing sabar, jujur, salawasé urip ora gelem goroh/ngapusi. Dhemen tetulung kepara apa sing didarbeki yèn dijaluk wong liya diwènèhake. Mula Puntadewa uga kondhang sinebut manungsa lega donya lila ing pati.

Minangka tuladha, ing lakon "Indrajala Maling" (lakon carangan), Prabu Puntadewa ditembung dijaluk patine kanggo numbali wewalak ing nagara Buluketiga. Sang Prabu ya manut. Dhirine dipasrahake. Ngenani wewatakane paraga siji iki, oncek-oncekane utawa anggoné ndudah kudu permati. Awit akèh bab-babe sing rasané angèl ditrapake ing sajeroning penguripane wong sawantah.

Prabu Puntadewa sing sabar tur banget lila-legawa pambegane iku tau diapusi para Kurawa lumantar Patih Sengkuni srana kasukan main dadu kanthi totohane nagara. Satemah para Pandhawa sakadang diukum kudu gelem nglakoni dadi wong buangan ing alas suwéné 12 taun lan setaun nawur laku/nyamar dadi wong sudra ing sawijining nagara tanpa konangan karo Para Kurawa, manawa konangan bakal mbaleni ukuman. Nalika nglakoni ukuman, Para Pandhawa nglakoni dadi wong buwangan ing Alas Kamyaka, lan sawisé nglakoni sasuwéné 12 taun, Puntadewa sakadang nawur laku/nyamar dadi wong sudra ing Nagara Wirata. Puntadewa dadi Juru Sapon Pasar Wirata kang Aran Tanda Dwija Kangka.

Ing lakon Baratayudha Jayabiangun, Prabu Puntadewa tetep nglenggahi watake sing jujur, ora gelem ngapusi. nalika Pandita Durna madeg senopati agung, kabèh Pandhawa rumangsa bingung. Sebab, dikaya ngapa baé Pandita Durna iku gurune Para Pandhawa. Apa iya murid arep wani marang gurune ?

Untung Prabu Sri Bathara Kresna ora kurang iguh pertikele. Terus sing didhawuhi ngadhepi Pandita Durna iku putra Nagara Pancala, Raden Dhesthajumena. Prabu Kresna mung dhawuh marang Raden Werkudara supaya merjaya gajah titihane senopati pengapit Prabu Premeya salah sijiné para Kurawa kang aran Gajah Hestitama.

Sawisé gajah kelakon mati dikepruk Gada Rujakpolo, kabèh wadyabala Pandhawa Manggalayudha banjur kadhawuhan alok yèn Hesthitama mati. Pamirenge Pandita Durna sing mati mau Aswatama. Mula Pandita Durna banjur nglumpruk otot bebayune, kaya wis kelangan daya. Kanthi ati sing bingung, Pandita Durna banjur takon mrana-mrene, kalebu marang para Punakawan, marang Raden Werkudara, Raden Arjuna, Raden Nakula, lan Raden Sadewa, lan sapituture. Kabèh anggoné mangsuli padha gelem goroh yèn Raden Aswatama pancen mati.

Pandhita Durna akhire takon marang Puntadewa. bareng ditakoni kaya mengkono mau mesthi baé Sang Prabu bingung banget, mosok arep goroh ?

Dibisiki karo Prabu Kresna yèn kala-kala wong kena goroh sethitik-sethitik ora apa-apa, nanging Puntadewa tetep puguh ora gelem goroh. Kresna golèk cara liya, supaya anggoné matur marang Durna nalika ngucapake tembung "Hesti" sing lirih banget baé, déné anggoné ngucapake tembung "tama"sing cukup seru.

Tenan, diucapake déning Prabu Puntadewa ngono iku. Saka pangrungune Pandita Durna, Raden Aswatama mati, mula Durna banjur nglumpruk ing sangarepe Puntadewa, ning Sang Prabu banjur digandheng Kresna sumingkir saka papan kono. Karimijen tanpa daya, Durna ketekan Dhesthajumena kang wis kepanjingan yitmane Prabu Ekalaya iya Raden Palgunadi kang péngin males ukum. Kanthi pedang ligan, Pandita Durna ditigas janggane, satemah palastra ing Tegal Kurusetra.

Sabubare Perang Baratayudha Jayabinangun, Pandhawa menang perang ngasorake Para Kurawa, Prabu Puntadewa anggelar boyongan tumuju Nagara Astina lan jumeneng nata jejuluk Prabu Kalimataya, sasuwéné ngenteni Waris Astina. Ya iku Raden Parikesit, putune Arjuna saka putrane Raden Abimanyu patutan karo Dewi Utari.

Sabubare Keprabon (Tahta) Astina diparingke putune Raden Parikesit kang dijumenengke nata Jejuluk Prabu Kresnadipayana utawa Prabu Paripurna. Puntadewa sakkadang Pandhawa uga Garwane Dewi Drupadi, nglakoni Laku Tapa tumuju Muksane kanthi munggah Gunung Mahameru.

Puntadewa munggah swarga bareng karo sadulur-seduluré. Puntadewa bareng karo asune kang tansah mbuntuti nalika munggah Gunung Mahameru muksa sing pungkasan. Tinimbang Pandhawa liyané, raja iki luwih resik atine. Ora kumalungkung, ora sok kuwasa, sabar ngadepi pacoban, jujur, lan ngugemi agama kanthi ngati-ati.

Ing kaswargan, Puntadewa ora trima amarga sadulur-seduluré padha lumebu neraka utawa Kawah Candradimuka. Dhèwèké njaluk supaya mèlu lumebu neraka. Kamangka, para Kurawa malah énak-énak ana Kaswargan. Jebul iku mung sawatara. Pandhawa kudu nglebur dosa dhisik sawatara banjur lumebu swarga. Déné Kurawa bisa ngrasaake endahing swarga amarga ana sawatara kabecikan, nanging ora akèh. Sawisé Kurawa ngrasakake swarga banjur dilebokake ana ing neraka.

Pirsani Uga

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]
Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti Kuru Paraga liya
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wiratha | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha
Topik kagandhèng
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa