Menyang kontèn

Gathotkaca

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Gatotkaca)
Gathotkaca
Duryodana
Gathotkaca.
Jeneng miturut basa
Basa Sangskreta Ghaṭotkaca
Jeneng miturut aksara
Dewanagari घटोत्कच
aksara Bali ᬕᬢᬵᬢ᭄ᬓᬘ
aksara Jawa ꦒꦛꦸꦠ꧀ꦏꦕ

Gathotkaca utawa Gathutkaca iku paraga wayang Mahabharata. Dhèwèké putrané Wrekudara.

Gathotkaca kang kondhang kanthi sesebutan "Satriya Pringgodani"[1] lan "Alap-alap Pringgodani" iku, nalika isih jabang bayi jenengé Tetuka utawa Tutuka. Gathotkaca iku putrané Radén Werkudara (satriya Panenggak Pandhawa) patutan klawan Dèwi Arimbi, putrané Prabu Tremboko, ratu buta ing nagara Pringgodani.[2] Sekawit Arimbi iku uga wujudé buta wadon (raseksi), nanging bareng didandani déning Dèwi Kunthi terus malih dadi kenya sing sulistya. Mula Werkudara iya Brataséna uga banjur gelem ngepèk bojo Arimbi.[2]

Bareng wis suwé anggoné jejodhoan, Arimbi banjur nggarbini lan sabanjuré mbabar putra kakung wujud bayi manungsa setengah buta. Déning ingkang éyang, Abiyasa, jabang bayi Tetuka banjur diparingi "topeng" aran topeng waja kang mapan ana sajeroning kulit sajabaning daging. Kanthi topeng waja iku, Gathotkaca malih dadi satriya kang bagus citrané. Nuli déning ramané, Brataséna, jabang Tetuka banjur kaparingan kekasih Radén Gathotkaca, kersané Radén Werkudara kinarya pepenget duk nalika tandhing pupuh klawan Prabu Arimba (kangmasé Dèwi Arimbi) kang kekaroné padha ngetog kekuwatan lan kadigdayan.

Tembung gathotkaca tegesé kumpuling kasantosan. Nalika lairé, nganti umur nembelas dina puseré jabang Tetuka ora bisa ditugel nganggo lelandhep wujud apa waé. Nanging wusanané puser mau bisa pugut (tugel) srana wrangkané Senjata Kuntha Wijayadanu (Kunta Druwasa) duwèké Radén Suryatmaja iya Adipati Karna nalika isih enom. Lan kaélokané, wrangka Senjata kuntha mau manjing ing puseré Gathotkaca, satemah muwuhi kasantosané Gathotkaca, Sanadyan mangkono, bab iku uga dadi pengapesané Gathotkaca. Mula samangsa perang ngadhepi manungsa kang darbé Senjata KuntaWijayadanu, Gathotkaca kudu ngati-ati. Sebab yèn nganti senjata Kunta dilepasaké, Gathotkaca mesthi mati. Nuhoni unen-unen "Pusaka manjing Wrangka".

Lairé Gathotkaca ngepasi karo dumadiné ontran-ontran ing kayangan Jonggringsaloka.Para déwa padha kocar-kacir amarga diamuk déning Prabu Kala Pracona, ratu buta ing nagara Ngembatputihan kang arep njaluk bojo widodari. Nanging panjaluk sing ora samesthiné iku diduwa (ditolak) déning para Déwa saéngga ndadèaké peperangan. Para déwa padha keplayu banjur golèk "pintasrayan" menyang nagara Ngamarta (Amarta). Tekan nagara Ngamarta bayi Gathotkaca (Jabang Tetuka) kang lagi umur nembelas dina iku banjur diampil Bathara Narada, digawa menyang kahyangan, didadèkaké jagoné para déwa, dimungsuhaké Prabu Kala Pracona lan Patihé Apraceka Ditya Kala Sekiputantra sawadyabalané.

Sadurungé diajokaké ana paprangan bocah sing lagi lair iki banjur dijedhi (dijenang) ana ing Kawah Candradimuka lan para déwa didhawuhi déning Bathara Guru (tetungguling para déwa) supaya nlorongaké gegaman kahyangan kang mawa pamor. Wasana bareng jabang Tetuka metu sak sajeroning kawah Candradimuka wus ora wujud bayi manèh, nanging wujud jejaka tumaruna, wus ngagem busana kasatriyan. Ya iki sebabé Gathotkaca banjur sinebut:satriya babaran kahyangan" Déning Bathara Guru, Gathotkaca banjur pinaringan pusaka kanggo sipat kandel anggoné ngadhepi mungsuh ya iku Kotang Antakusuma, Caping Basunanda, lan Tlumpah Padhakacerma.

Nalika maju ana paprangan, tandangé Gathotkaca cukat trengginas, wusana Prabu Kala Pracona sawadyabalané padha mati kabèh. Sasirnané Prabu Kala Pracona, Gathotkaca banjur dijumenengaké nata ana ing kahyangan Tinjomaya saumuré jagung kanthi jejuluk Prabu Guruputra.

Wayang Gathotkaca

Ing Perang Baratayuda Gathotkaca palastra amarga kena panah Kuntawijayandanu kagungané Adipati Karna. Panah kang diuculké iku sajatiné ora tekan amarga Gathotkaca aburé wis ana sadhuwuré méga sam pitu, ning banjur dicandhak lan disurung déning yitmané Ditya Kala Bendana, bapa-pamané Gathotkaca kang wis tiwas amarga ditempiling déning ponakané iku, saéngga Gathotkaca palastra ana madyaning paprangan. Kuwandané Gathotkaca kumléyang saka gegana nibani krètané Adipati Karna nganti ajur sewalang-walang. Péranganing Baratayudha, Gathotkaca Gugur sumbaga wiratama, karan lakon "Suluhan" amarga dumadiné perang ing wayah bengi.

Dasanama

[besut | besut sumber]

Dasanamané Gathotkaca iku miturut padhalangan ya iku:

  1. Kacanagara
  2. Jabang Tetuka
  3. Purubaya
  4. Bimasiwi
  5. Arimbiatmaja
  6. Kancingjaya
  7. Krincingwesi
  8. Guritna
  9. Guruputra
  10. Suryanaradha

Bojo lan Anaké

[besut | besut sumber]

Gathotkaca banjur dadi raja ing Pringgondani. Garwané raja enom iku ana telu, ya iku:

  1. Dèwi Sumpani utawa Dèwi Sumpaniwati, peputra Raden Arya Jayasumpena.
  2. Dèwi Pregiwa, putriné Raden Arjuna kang banjur peputra Raden Sasikirana.
  3. Dèwi Suryawati, peputra Raden Suryakaca.

Ing sendratari, Gathotkaca asring katon ing Gathotkaca Gandrung. Jogèd iki nggambarké nalika Gathotkaca wuyung marang Pregiwa.

Gaman lan Aji-Ajiné

[besut | besut sumber]
Wayang Gathotkaca

Gathotkaca kondhang sektiné. Aji-ajiné:

  • Narantaka = daya khasiyaté yèn ditamakaké gunung bisa jugrug lan sagara bisa asat. Jalma manungsa kang ketaman aji Narantaka sanalika bisa ajur-mumur kuwandané tan-kena kinukup.Iya aji Narantaka iku kang kinarya nyirnakaké Raden Dursala kang dadi senapatiné para Kurawa.
  • Aji-aji Esmu Gunting kang daya kasektené yèn matèni mungsuh, Gathotkaca kanthi cara mancat pundhak lan nguntir guluné mungsuh nganti tugel.
  • Kotang utawa Klambi Antakusuma daya kasektèné: Gathotkaca bisa mabur utawa ngambah gegana kanthi rikat banget (kebat pindha kilat, kesit pindha tathit).Mula Gathotkaca uga banjur kajibah njaga katentraman nagara Ngamarta saka dirgantara (yèn jaman saiki Gathotkaca iku kadidéné Angkatan Udara). Iki uga dadi pralambang ing kaprajuritan, amarga sadulur liyané, Antareja lan Antasena kejibahan njaga dharatan lan laut.
  • Aji Brajadenta. Brajadenta asliné pamané dhéwé, nanging banjur manuksma lumebu ing èpèk-èpèké Gathotkaca sing sisih tengen.
  • Aji Brajalamatan. Brajalamatan uga jenengé pamané. Nalika palastra, Brajalamatan manuksma ing tangan kiwa Gathotkaca.
  • Aji Brajamusti. Brajamusti iku uga pamané. Nalika palastra manjing ing tangan tengené.
  • Aji Brajawikalpa. Kaya aji-aji liyané, Brajawikalpa iku saka pamané dhéwé kang manjing dadi rajah ing geger.

Para pamané kang dadi aji-ajiné, mauné ngraman ing Pringgondani nanging bisa ditumpes déning Gathotkaca. Ana salah sijining pamané kang mbela Gathotkaca, ya iku Kalabendana. Nanging Kalabendana iku jujur, lan sawijining dina dipatèni Gathotkaca amarga ngomong sanyatané ngenani Abimanyu. Carita iki ana ing lakon Gathotkaca Sraya.

Ing Bharatayudha

[besut | besut sumber]

Ing Bharatayudha, Gathotkaca bisa matèni Dursala, anaké Dursasana. Raja Pringgondani iki pancen ora bisa dipatèni nganggo gaman, kejaba mung panah Senjata Kunta. Nalika nugel ari-ariné, sarung Senjata Kunta kéri ana ing awaké Gathotkaca, lumebu ing wudel. Gathotkaca mati déning Adipati Karna kang dibiyantu déning Kalabendana. Pamané iki wis janji ora arep munggah swarga tanpa bareng ponakan kang paling disenengi. Carita Gathotkaca Gugur kalebu carita sing miris lan kebak adegan perang kang apik.

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. kompas.com[pranala mati permanèn](dipununduh tanggal 5 Maret 2011)
  2. a b oneearthmedia.net(dipununduh tanggal 5 Maret 2011)
Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti Kuru Paraga liya
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wiratha | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha
Topik kagandhèng
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa