Menyang kontèn

Jayadrata

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jayadrata

Wonten salebeting wiracarita Mahabharata, Jayadrata (Sanskerta: जयद्रथ; Jayadratha) inggih punika raja wonten ing Karajan Sindhu[1]. Wonten ing versi Sala, Jayadrata asring dipunsebat Arya Jayadrata, ingkang gadhah asma asli Arya Tirtanata utawi Bambang Sagara[2]. Piyambakipun gadhah garwa, ingkang asma Dursala[1]. Dursala punika rayinipun bala Korawa[1]. Manawi wonten cariyos sanès, Jayadrata punika putra Begawan Sapwaniwijawastra saking nagari Banakeling[2][3]. Ugi wonten kang nyebataken Jayadrata ugi aran Sindureja putrane Begawan Sempani.[4]

Riwayat

[besut | besut sumber]

Miyosipun Jayadrata

[besut | besut sumber]

Miterat layang Mahabharata, Jayadrata menika putranipun Prabu Wreddhaksatra, ratu (narendra) ing negari Sindhu. Nalika miyosipun Jayadrata, Prabu Wreddhaksatra pikantuk wangsiting dewa, mekaten, " He Prabu Wreddhaksatra. Jabang bayi putra kita iku ing tembe diwasane bakal kuncara, kaloka ing manca praja. Mung emane dheweke bakal tiwas diprajaya mungsuh ing satengahing paprangan. Mustakane gumlundhung ing lemah."[5]

Wangsiting dewa menika wau njalari sungkawa penggalihipun Prabu Wreddhaksatra. Sang Prabu lajeng nyabda putranipun mekaten, "Sing sapa njalari gumlundhunging mustakane anakku, mustakane dhewe padha sanalika pecaha dadi sapirang-pirang."

Sareng Jayadrata diwasa, Prabu Wreddhaksatra lajeng seleh kaprabon dhumateng Jayadrata, lajeng mahas ing asepi adhedhepok wonten ing madyaning wana ingkang dumunung mboten tebih saking Tegal Kurusetra.

Dene miterat crita pedhalangan, Jayadrata utawi Raden Jayadrata inggih punika putra Begawan Sapwaniwijawastra (Prabu Sapwani, Sempani) kaliyan Dewi Dratawati saking nagari Banakeling[2][3]. Rumiyin Sang Begawan maksih dados ratu ing Banakeling. Miyosipun Jayadrata punika awujud saking buntelan bayi Raden Bratasena. Anggenipun miyos, Raden Bratasena mblebet wonten salebeting buntelan. Saksmpunipun Raden Bratasena miyos saking buntelan, Déwa mbucal buntelan punika. Buntelanipun dhawah wonten ing nagari Banakeling. Lajeng buntelan punika pinanggih déning Begawan Sapwani, dipunbekta kondur. Buntelan punika dipunpuja-puja, lajeng malih dados putra jaler, dipunnamani Jayadrata ugi asring dipunsebat Ksatriya Banakeling[3].

Cariyos utawi versi sanes ngandharaken bilih Prabu Sempani saha Dewi Dratawati menika ngantos yuswa sepuh dereng kagungan putra. Sang Prabu lajeng ngrasuk busana kapandhitan, nilaraken negari Banakeling, lajeng mratapa wonten tepining samodra.

Sawijining dinten Prabu Sempani karawuhan Bathara Narada, paring sarana supados enggal saged peputra, kanthi maringaken bungkus utawi kulitipun jabang bayi putranipun Prabu Pandhu, narendra ing Ngastina. Kulit bungkusipun jabang bayi wau kadhawuhan supados dipun kum ratuning toya; inggih menika toya jawah ingkang sepisanan. Sasampunipun dipun kum sedinten sedalu, toya kum-kuman kulit bungkus jabang bayi wau kadhawuhan ngunjuk sesarengan kalih ingkang garwa.

Dhawuhipun Bathara Narada dipun esthokaken. Setunggal warsa (setaun) salajengipun Dewi Dratawati saged peputra mijil kakung. Kaparingan kekasih Raden Tirtanata inggih Jayadrata. Tirta tegesipun toya, nata menika ratu (narendra). Minangka pepenget lamun Prabu Sempani saged peputra lantaran kulit bungkusipun jabang bayi putranipun Prabu Pandhu ingkang dipun kum ratuning toya.

Saksampunipun diwasa, Jayadrata gadhah pepenginan. Panjenenganipun kepéngin bekti dhumateng raja. Saking piwelingipun Sapwani supados Jayadrata ngabdi dhumateng Raden Bratasena kemawon. Raden Bratasena punika Pandhawa ingkang nomer kalih, dipunterangaken ugi manawi Raden Bratasena minangka saduluripun [3].

Wonten salebeting “lelampahan” tumuju panggènan Bratasena, Jayadrata pepanggihan kaliyan Patih Sakuni. Patih Sakuni “mbujuk” / ngiri-iri supados Jayadrata ngabdi dhumateng raja Astina kemawon. Astina punika karajan ingkang ageng ugi sugih bandha. Patih Sakuni Anjanjeni manawi Jayadrata ngabdi dhumateng raja Astina, panjenenganipun badhé dpiun angkat dados penggawa ageng ingkang misuwur. Jayadrata ugi badhé dipunparingi Dewi Dursilawati, rayinipun Prabu Suyudana. “bujukan” Sakuni punika minangka tipu muslihat, amargi panjenenganipun ngraos manawi Jayadrata saged dados panglima Astina kanggé nglawan Pandhawa [3].

Sedaya “rancangan” Sakuni kadadosan. Jayadrata dados penggawa ageng, nggarwa rayinipun Suyudana, Dewi Dursilawati. Jayadrata ugi dipunparingi kuwasa ageng, ingkang dipunsebat ksatriya ageng. Pramila makaten, Karajan Astina pikantuk pahlawan kanggé dipunwakilaken wonten perang Baratayuda. Raden Jayadrata punika meh sami kaliyan Raden Werkudara lan Raden Gathotkaca. Mirsani “roman mukanya” saha asal-usulipun, Jayadrata manawi dipun”tinjau” saking kebatinanipun, sajatosipun langkung caket kaliyan Pandhawa [3].

Versi sanes ngandharaken bilih ancasipun Raden Jayadrata tumuju ing Ngastina menika amargi badhe ngangsu kawruh dhateng Prabu Pandhu, ratu ing Ngastina / Astina. Dugi Ngastina, Prabu Pandhu sampun seda. Ingkang jumeneng narendra (ratu) nalika semanten inggih Prabu Dretarastra (Dhestharata). Sang Prabu kagungan putra satus sinebat Kurawa. Amargi Prabu Dretarastra menika wuta, Kurawa satus kapasrahaken dening Patih Sengkuni/ Sakuni (rayi ipe Sang Prabu) supados dipun gulawenthah. Mangertos bilih Raden Jayadrata katingal digdaya, ing mangka Kurawa mbetahaken rowang kagem ngadhepi Pandhawa, saking iguhipun Patih Sengkuni, Raden Jayadrata kalampahan dipunpudhut minangka putra mantu dening Prabu Dretarastra, dipundhaupaken kaliyan Dewi Dursilawati (wuragilipun sata Kurawa). Kanthi mekaten, sangsaya amimbuhi santosaning Kurawa.

Sareng sampun setunggal taun mangun bale wisma (omah-omah), Raden Jayadrata saha Dewi Dursilawati peputra setunggal, kaparingan asma Raden Wisakusuma.

Anugraha Siwa

[besut | besut sumber]

Jayadrata punika priyangga ingkang gadhah penggalih badhé mejahi Abimanyu-putranipun Arjuna. Wonten ing wekdal punika, Jayadrata nyegat para ksatriya Pandhawa amargi para ksatriya Pandhawa badhé nylametaken Abimanyu. Awit Abimanyu séda, Arjuna ngudi badhé mejahi Jayadrata. Kados déné wonten salebeting cariyos Bharatayuddha dinten kaping sekawan welas, Jayadrata séda déning Arjuna.[6]

Arjuna mburu Jayadrata amargi garwanipun, Dewi Dropadi dipunculikani. Jayadrata katangkep. Piyambakipun badhé dipunpejahi Arjuna, nanging Yudhistira nylametaken Jayadrata lajeng dipundadosaken batur tukon. Salajengipun Bima nyukur rikamanipun Jayadrata, saéngga piyambakipun buthak / gundhul. Amargi Jayadrata serik, piyambakipun tapa ngadhep Sang Siwa. Piyambakipun nyuwun kakiyatan supados saged mejahi Pandhawa, Sang Siwa ngendika bilih punika mustail. Nanging Siwa maringi anugraha dhumateng Jayadrata supados saged mejahi sadaya Pandhawa wonten ing dinten sapisanan– kajawi Arjuna. Pramila Arjuna saged mejahi Jayadrata.[6]

Perang Wonten Ing Kuruksetra

[besut | besut sumber]

Raja Sindhu-Jayadrata mihak Duryodana wonten salebeting perang Kurusetra. Dinten ingkang kaping tigawelas, Jayadrata ngginakaken kakiyatanipun kanggé nyegat Pandhawa, sapunika caket kaliyan barisanipun Cakrawyuha ingkang sisah dipunlebeti. Sawetara Abimanyu – putra Arjuna wonten salebeting barisan saha tarung piyambakan. Piyambakipun sampun kepèpèt dipunkepung para Korawa. Wonten ing wekdal punika para ksatriya Pandhawa ingkang badhé nylametaken Abimanyu, Jayadrata nyegat. Wonten wekdal kepèpèt saha sampun kasisahan, Abimanyu dipunpejahi kanthi cara curang[6].

Arjuna kagèt lajeng semaput sasampunipun mireng bilih Abimanyu sèda. Para ksatriya Pandhawa mbabaraken kados pundi kahananipun perang, bilih Abimanyu dipunkurung wonten salebeting barisan Cakrawyuha, lajeng dipunpejahi sesarengan déning para Korawa. Sawetara Pandhawa badhé biyantu Abimanyu, nanging dipuncegat Jayadrata. Saksampunipun dipunbabaraken para Pandhawa, Arjuna apunagi bilih piyambakipun badhé pati obong manawi boten saged mejahi Jayadrata wonten ing dinten kaping sekawan welas[6].

Pranala njawi

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 Archived 2015-03-21 at the Wayback Machine.(Dipun undhuh tanggal 24 November 2012)
  2. 1 2 3 Archived 2013-03-31 at the Wayback Machine. (Dipun undhuh tanggal 24 November 2012)
  3. 1 2 3 4 5 6 R, Wiwien Widyawati.-. Ensiklopedi Wayang.-: Pura Pustaka. (hlm 332-333)
  4. Kartapradja. BRATAJOEDA - 1937 (ing basa Jawa).
  5. Mulyantara, Mulyantara (2019-05-31). "Majalah Jaka Lodhang". sseratan.blogspot.com.
  6. 1 2 3 4 (Dipunundhuh tanggal 24 September 2012)
Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti KuruParaga liya
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | CitrānggadāAmba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wiratha | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha
Topik kagandhèng
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa