Batur tukon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Buruh bocah ing Népal

Batur tukon utawa ing krama réncang tumbas iku sawijining fénoména ukum utawa ékonomi ing ngendi prinsip sistim ukum kapamilikan ditrapaké marang manungsa. Dadi manungsa iku éwoning bandha sing bisa diduwèni, didol lan dituku. Banjur wong sing dadi batur tukon ora bisa njabel kahanan iki kanthi sapéhak. Manawa sawijining wong iku dadi batur tukon, sing duwèni ndarbèni hak kinèrjané si batur tukon tanpa perlu mbayar gaji awaké. Hak-hak lan pangreksané si batur tukon bisa diatur déning undhang-undhang utawa adat ing sawijining wektu utawa papan, lan sawijining wong bisa dadi batur tukon sawisé dicekel, dituku utawa wiwit lair.

Saiki iki, kahanan batur tukon wis dilarang ing kabèh nagara sadonya, nanging sawijining wong bisa kahanggep batur tukon manawa wong iku dipeksa nyambut gawé kanggo wong liya tanpa nduwé daya bisa njabel aturan iki kanthi sapéhak. Kahanan kaya mengkéné iki kerep diarani "praktèk mèmper batur tukon". Wujud mutakir padagangan batur tukon lumrahé diarani slundupan manungsa.

Batur tukon iku wis ana ing mangsa prasajarah lan ugi ana ing akèh kabudayan. Mbiyèn praktèk iki diakoni minangka lembaga absah déning akèhé maskapé utawa masarakat, nanging saiki dilarang ing kabèh nagara.[1][2] Sing pungkasan nglarang iku Mauritania ing taun 2007. Nanging sanadyan mangkono praktèk iki isih lestari minangka utang, batur sing dikurung, bocah-bocah sing diadopsi lan dipeksa nyambut gawé, prajurit bocat, slundupan manungsa, lan kawin peksa.[3] Diprakirakaké jaman saiki, gunggungé batur tukon paling akèh sajeroning sajarah manungsa, cacahé sadonya ana sakiwa-tengené 45 yuta.[4]

Tèrminologi lan dasanama[besut | besut sumber]

Paragraf iki mbabar istilah utawa tembung batur tukon. Ing basa Jawa batur tukon iku tegesé batur sing dituku. Dadi sajatiné iki ukara utawa luwih mèmper frasa. Ing basa Jawa Kuna tembungé sing dienggo ya iku hulun. Nanging ing basa Jawa Anyar tembung iki malih dadi 'ulun' utawa 'ngulun' lan tegesé dadi 'aku'. Tembung 'ngulun' iku kajupuk saka basa Jawa Kuna nghulun, nghulun iku tembung 'ng' + 'hulun'. Uga ana tembung sing kajupuk saka basa Ngarab, ya iku abdi. Nanging jaman saiki abdi iku durung temtu batur tukon. Tembung liyané iku kawula.

Ing basa Mlayu tembung kanggo batur tukon iku 'hamba'. Ing basa Indonésia modèren tembung kanggo batur tukon iku 'budak'. Tembung 'budak' iki ing basa Sundha tegesé 'bocah'.

Ing basa Inggris tembung slave, basa Walanda slaaf lan basa Jerman der Sklave iku kajupuk sama basa Prancis Kuna sclave, saka basa Latin Abad Tengahan sclavus, saka basa Yunani Bizantum σκλάβος. Tembung iki kajupuk saka jeneng ètnonim Slavia. Bangsa Slavia iku mbiyèn akèh sing kacekel lan didadèkaké batur tukon.[5][6] Téyori sing luwih lawas nggandhèngaké tembung iki karo tembung karya Yunani skyleúo sing tegesé 'nggundhuli/ngoncèki/nguliti satru sing kasoraké'.[7]

Jinis batur tukon[besut | besut sumber]

Miturut Encyclopaedia Britannica ana rong jinis batur tukon ing sadawaning sajarah manungsa. Sing lumrah dhéwé iku bisa diarani batur tukon gegriya, patriarkal utawa dhomèstik.[8]

Batur tukon dhomèstik sakala-kala ya nyambut gawé sajabaning omah, contoné yèn didhawuhi ngundhuh panèn utawa dami suket, nanging fungsi mligi ya iku ngladèni bendarané sing miliki awaké utawa ing ngendi waé miturut kabutuhan bendarané, contoné ing dines militèr. Para batur tukon iki dadi simbul status wong-wong sing sugih. Turahané dhuwit kerepé dienggo tuku batur. Batur tukon gegriya kerep banjur awor karo kulawargané sing ndarbèni awaké, nganti sing bocah lanang dadi anak pèk-pèkan lan bocah wadon dadi selir utawa bojo sing nglairaké ahli waris.[8] Kalebu jinis iki ya iku kawin peksa.

Jinis batur tukon utama liyané iku, ya iku batur tukon produksi. Jinis kaya mengkéné iki ora patiya kerep dumadi, lan akèhé ing mangsa Klasik Yunani Aténa lan Kakaisaran Romawi saha ing bawana Amérika sawisé tinemu déning Kolumbus. Saliyané iku, jinis kaya mengkéné uga tinemu ing Irak ing abad kaping 9, antara Suku Indian Kwakiutl ing Amérika lor-wétan lan sawetara laladan ing Afrika sakiduling Sahara. Sanajan para batur tukon uga ditrapaké ing gegriya, para batur tukon iki mliginé ana kanggo produksi komoditas ing tambang lan tegal-kebon sing bisa didagangaké.[8]

Cara ndeleng agama marang batur tukon[besut | besut sumber]

Cara pandelengan agama marang batur tukon iku béda-béda lan ambigu. Sawetara cuplikan ing kitab suci iku ngamini batur tukon, mènèhi semangat ngatur cara kapamilikan iki, carané ngopèni utawa dagang batur tukon, kamangka fragmèn liyané nglarang praktèk batur tukon kanthi implisit utawa èksplisit miturut kahanané. Kerep kedadéan wong sing pro lan kontra padha-padha nrapaké fragmèn sing padha saka kitab suci kanggo nepungaké, nrapaké kanthi amba, ngreksa praktèk batur tukon utawa ngurangi lan nglarang batur tukon. Ing ngisor iki kapacak panemuné agama-agama Samawi.

Agama Yahudi[besut | besut sumber]

Ing Alkitab Yahudi, ana sawetara aturan sing ngatur carané ngopèni batur tukon. Miturut Kitab Pranjanjian Lawas, wong Israèl ora olèh digawé dadi batur tukon kanggo salawasé (Pangentasan 21:2)[9], olèhé ngadol anak wadon diatur (Pangentasan 21:7-11)[10] lan ngrampog wong Israèl kanggo didadèkaké batur tukon diukum pati.(Andharaning Torèt 24:7)[11].

Wong-wong saka bangsa sakiwa-tengené Israèl bisa dituku minangka batur tukon. Batur tukon non-Israèl iki, bisa dadi miliké sing nuku kanggo salawasé lan bisa diwarisaké ing para ahli waris (Kaimaman 25:44-46).[12]

Kakristenan[besut | besut sumber]

Ing Prajanjian Anyar fénoména batur tukon ora ditentang utawa dibéla, nanging ana sawetara fragmèn sing nuduhaké manawa para batur tukon lan wong bébas iku dianggep padha waé ing ngarsané Allah.

Nanging para batur tukon sing mlayu ing sawetara wektu dilaknat lan ora pareng mèlu Komuni utawa Riyaya Pista Dhahar.[13] Gusti Yésus dhéwé sajeroning Prajanjian Anyar maringi sawetara paupaman ing ngendi dipratélakaké gegayutané antara batur tukon lan bendarané, nanging ora nentang fénoména batur tukon kanthi èksplisit. Ing sabagéan gedhé ayat-ayat Alkitab ing ngendi si batur tukon iki diomongaké, dhèwèké kudu nurut bendarané (Lukas 12:47[14], I Timotius 6:1[15], Kitab Titus 2:9-10[16], Éfesus 6:5[17], I Pétrus 2:18-19[18]).

Wiwit abad kaping 15 ana sawetara paus sing ngecam batur-tukon. Bulla kapausan Sicut Dudum tuwin bulla Sublimus Deus (1537) sing diwetokaké déning Paus Paulus III matrapi praktèk batur tukon kanthi èksplisit. Paus Pius II (1458-1464) ngarani batur tukon minangka “magnum scelus” (Jawa: 'kadurjanan gedhé').

Sanajan mangkono, bulla kapausan Dum Diversas (1452) lan Romanus Pontifex (1455) iya kudu ingaran. Loro-loroné diwetokaké déning Paus Nikolas V, panerusé Paus Eugenius. Ing kéné tinulis manawa wong kafir lan wong agama liya (Wong Sarasèn) olèh digawé batur tukon. Salah sijiné cara kanggo neraki bulla kapausan sing nglarang batur tukon carané ya iku mawa duwé panemu manawa sawetara bangsa iku ora nduwé roh. Juan Ginés de Sepúlveda ngandharaké manawa wong-wong Indian ora nduwé roh, mula kabèh ora bisa dianggep manungsa. Nalika Débat Valladolid ing 1550, Bartolomé de las Casas olèh pangakonan manawa wong-wong Indian iku manungsa.

Islam[besut | besut sumber]

Jaman mbiyèn mazhab-mazhab wigati maringi kasarujukané marang batur tukon.[19] Muhammad lan akèh sobaté mundhut, ngadol, ngluwari lan nggawé batur tukon.

Ing Surat Al Balad wong-wong Muslim dianjuraké ngluwari batur tukon lan manawa mbébasaké batur tukon dianggep tobat sing bisa ngurangi dosa.

Sajeroning saréngat perkara batur tukon iki dibabar akèh.[19] Ing Alquran lan kadis batur tukon iku kaanggep minangka sawijining kahanan ora lumrah sing bisa dialamai kabèh umat manungsa.[20]

Namung anak-anak batur tukon utawa tahanan perang non-Muslim sing bisa dadi utawa digawé dadi batur tukon, ora tau wong Muslim sing lair bébas.[21] Manawa batur tukon diluwari, iku kaanggep sawijining tindhakan sing luhur lan bisa ngurangi dosa.[22] Miturut saréngat, batur tukon kuwi dianggep manungsa sing adhedhasar kahanan iki ndarbèni sawetara hak. Saliyané iku, sawijining batur tukon Muslim kawajibané padha karo wong Muslim bébas. Malahan batur tukon iku luwih dhuwur tinimbang wong bébas.

Sajarah[besut | besut sumber]

Sajarah batur tukon iku ngandhut kabèh kabudayan, nagara lan agama saka jaman purbakala nganti dina iki. Nanging kahanan sosial, ékonomi lan ukum batur tukon béda-béda ing sistém sing séjé-séjé iki ing wektu lan papan sing séjé-séjé.[23]

Sajarah awal[besut | besut sumber]

Bukti-bukti batur tukon iku luwih dhisik ana tinimbang sajarah lan ana ing akèh kabudayan. Batur tukon antara wong-wong tegal lan beburon langka banget. Batur tukon masal perlu suplus ékonomi lan kapadhetan sing ndunungi supaya bisa ditrapaké. Déné faktor-faktor iki, praktèk batur tukon namung bisa kadadéan sawisé tetanèn diciptakaké nalika jaman Révolusi Néolitik, sakiwa tengené 11.000 taun kapungkur.[8]

Ing cathetan-cathetan sajarah awal dhéwé, batur tukon wis dianggep lembaga sing wis mapan. Kodèks Hammurabi (kurang luwih 1760 SM) contoné, nulis manawa kaukuman wong sing nulungi batur tukon sing mlayu utawa sing ndelikaké wong mlayu iku pati.[24] Alkitab uga nulis perkara batur tukon minangka lembaga sing wis mapan.[25]

Batur tukon iku ditepungi ing mèh kabèh kabudayan lan masarakat kuna kaya ta Suméria, Mesir Kuna, Tiongkok Kuna, Akkadia, Asuriah, India Kuna, Yunani Kuna, Kakaisaran Romawi, Karajan-karajan Yahudi ing Levant kuna, lan kabudayan pra-Kolumbus ing Amérika. Praktèk batur tukon uga ngandhut batur tukon déné utang, paukuman kadurjanan, batur tukon déné tawanan perang, bocah sing dilirwakaké lan anak sing lair saka batur tukon.[26]

Mangsa klasik[besut | besut sumber]

Cathetan perkara batur tukon ing Yunani Kuna kuwi lawasé nganti jamané Yunani Mykenéa. Wis bisa didhedhes manawa ing Aténa ing Mangsa Klasik ndarbèni sing ndunungi batur tukon sing gedhé, mbokmenawa nganti 80.000 wong ing abad kaping 6 lan 5 SM. Antara 40% nganti 80% sing ndunungi kutha iki iku batur tukon.

Mawa èkspansi Républik Romawi dadi saya amba, akèh sing ndunungi tlatah-tlatah sing kasoran didadèkaké batur tukon, nganti ana suplai gedhé saka saindhenging Éropah lan Sagara Tengah. Para batur tukon iku asliné antarané wong Yunani, Iliria, Bèrbèr, Jerman, Karajan Manunggal, Trasia, Gaulia, Yahudi, Arab lan liya-liyané. Kabèh ora mung dienggo tenagané minangka buruh dikon nyambut gawé, nanging uga kanggo panglipur, contoné kanggo tenaga gladiator lan batur tukon sèksual. Penindasan déning minoritas élit iki ngakibataké pambalélan déning para batur tukon. Salah sijiné sing kawentar iku pambalélané Spartakus, wong Trasia.

Ing mangsa Républik pungkasan, batur tukon wis dadi pilar wigati ékonomi sajeroning kamakmuran Romawi, saha pérangan wigati masarakat Romawi. Diprakirakaké punjul 25% sing ndunungi Roma Kuna iku batur tukon, sanadyan angka iki dipaido akèh sarjana lan béda-béda saka daérah siji karo sijiné.

Para batur tukon iku nmujudaké antara 15-25% sing ndunungi Italia, akèhé tawanan perang sing mliginé saka Gaulia lan Epirus. Prakiran cacahé batur tukon ing Kakaisaran Romawi katoné nuduhaké manawa para batur tukon iki sumebar ing provinsi-provinsi sajabaning Italia. Lumrahé, para batur tukon ing Italia iku wong Italia pribumi, mawa ana wong ngamanca sithik (kalebu batur tukon lan batur tukon sing wis diluwaraké) sing gunggungé namung 5% ing kutha karajan nalika ing puncaké, awit nalika iku cacahé pas sing gedhé dhéwé. Sing asalé saka sajabaning Éropa biasanya katurunan Yunani, kamangka sing katurunan Yahudi kerepé ora bisa asimilasi lan awor ing masarakat Romawi lan panggah dadi kaum minoritas sing katon mencolok.

Para batur tukon iki (mliginé sing wong ngamanca) ndarbèni kadar pati sing luwih dhuwur lan kadar lair sing luwih asor tinimbang wong pribumi. Terkadhang para batur tukon ngamanca iki uga diusiri kanthi gedhèn-gedhènan. Umur batur tukon sing kacathet nalika mati ing Kutha Roma iku asor banget: 17,5 taun (17,2 kanggo lanang lan 17,9 kanggo wadon).

Abad Tengahan[besut | besut sumber]

Éropah Abad Tengahan lan mangsa modèren awal[besut | besut sumber]

Dagang ing batur tukon skala gedhé mliginé namung ana ing tlatah kidul lan wétan Éropah nalika jaman Abad Tengahan: Kakaisaran Bizantium lan Donya Islam iku patujoné batur tukon, kamangka sumber wigatiné iku Éropah Tengah lan Wétan sing isih kafir nganti tekan Kaukasus lan Tartaria. Para bakul Viking, Arab, Yunani lan Yahudi Radhani kabèh mèlu kagepokan. Padagangan batur tukon Éropah tekan ing puncaké ing abad kaping 10 sawisé Baléla Zanj sing ngakibataké suruté batur tukon Afrika ing Donya Arab.

Spanyol ing Abad Tengahan lan Portugal mèh tansah lan tanpa pegat diinvasi déning wong Muslim menyang tlatah-tlatah sing akèh dienggoni wong Kristen. Èkspedisi kerep dikirim saka Al-Andalus kanggo nempuh Karajan Kristen Ibéria, lan manawa bali nggawa jarahan perang lan batur tukon.

Contonipun ing sawijining serangan menyang Lisboa, Portugal taun 1189, sang kalif Almohad Yaqub al-Mansur nggawa bali 3.000 wong wadon lan bocah tawanan, kamangka gubernur Córdoba ing serangan sawisé menyang Silves, Portugal ing taun 1191, njarah 3.000 batur tukon Kristen. Sawisé iku saka abad kaping 11 nganti abad 19, Bajag Afrika Lor nganakaké razia, serang ing kutha-kutha pasisir Éropah kanggo njarah batur tukon Kristen sing diadol ing pasar-pasar batur tukon in Aljazair lan Maroko.[27]

Ing Karajan Manunggal, praktèk batur tukon diterusaké sawisé Kakaisaran Romawi sirna, lan sawetara pérangan undhang-undhang Hywel the Good sing ngurusi batur tukon in Wales Abad Tengahan. Padagangan iki mliginé dianakaké sawisé invasi Viking mawa pasar gedhé ing Chester lan Bristol sing disuplai déning wong Dènmark, Mercia lan Wales. Wong-wong iki olèhé golèk batur tukon ya mawa nyerang daérah pawatesan siji lan sijiné.

Nalika jamané Domesday Book, sawetara 10% sing ndunungi Inggris iku batur tukon. Batur tukon ing Abad Tengahan ing Éropah iku lumrah banget nganti Gréja Katulik Roma bola-bali nyoba nglarang. Saorané èkspor batur tukon Kristen menyang tlatah non-Kristen dilarang nalika contoné Konsili Koblenz (922), Konsili London (1102) lan Konsili Armagh (1171).

Ing taun 1452, Paus Nikolas V ngetokaké bulla kapausan Dum Diversas, sing maringi Raja Spanyol lan Portugal hak kanggo nggawé kabèh wong Sarasén (tembung kuna sing ngrujuk wong Muslim), wong kafir lan kabèh wong sing ora percaya dadi batur tukon salawasé lan ngabsahaké padagangan batur tukon minangka kasil perang.

Kapustakan[besut | besut sumber]

  • (ing basa Walanda) Reggie Baay, 2015, Daar werd wat gruwelijks verricht. Slavernij in Nederlands-Indie. Amsterdam: Athenaeum.
  • Murray Gordon, 1989, Slavery in the Arab World. New York 1989: New Amsterdam Books.

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. ^ Kevin Bales, New Slavery: A Reference Handbook, (2004:4), ISBN 978-1-85109-815-6, diaksès tanggal 11 Fèbruari 2016]
  2. ^ Shelley K. White, Jonathan M. White, Kathleen Odell Korgen, Sociologists in Action on Inequalities: Race, Class, Gender, and Sexuality, (2014:43), SAGE Publications, ISBN 978-1-4833-1147-0
  3. ^ Religion & Ethics – Modern slavery: Modern forms of slavery, BBC, 30 Januari 2007, diaksès tanggal 16 Agustus 2016
  4. ^ Modern slavery estimated to trap 45 million people worldwide, NY Times, 31 Mei 2016, diaksès tanggal 1 Juni 2016
  5. ^ Oxford English Dictionary, 2nd edition 1989, s. v. 'slave'
  6. ^ Encyclopædia Britannica, History of Europe – Middle Ages – Growth and innovation – Demographic and agricultural growth
  7. ^ F. Kluge, Etymologisches Wörterbuch der deutschen Sprache. 1891, s. v. 'Sklave'.
  8. ^ a b c d 'Enclycopaedia Britannica', Slavery, diaksès tanggal 13-8-2016
  9. ^ 'Yèn kowé tuku batur-tukon wong Israèl, wong mau kudu dadi batur-tukon sajeroning nem taun. Ing taun kapitu kudu diluwari tanpa mbayar tebusan apa-apa. (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994))
  10. ^ 21:7 Yèn ana wong wadon Ibrani dadi batur, wong mau ora kena diluwari kaya carané ngluwari batur lanang.(Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994))
  11. ^ Yèn ana wong nyulik pepadhané tunggal bangsa didadèkaké baturé utawa diedol kaya batur-tukon, wong mau kudu diukum pati. Srana cara mangkono kowé mbrantas piala mau.(Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994))
  12. ^ Yèn kowé butuh batur-tukon, tukua sing asalé saka bangsa-bangsa sakiwa-tengenmu. Utawa tukua anak-anaké wong manca sing manggon ing antaramu. Anak-anaké wong manca sing lair ing negaramu, kena kokdadèkaké batur-tukonmu, lan kena kokwarisaké marang anak-anakmu selawasé urip. Nanging pepadhamu wong Israèl ora kena koksiya-siya. (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994))
  13. ^ Infallibility on Trial Christian Classics, Luis M. Bermejo, 1992, kaca 313, ISBN 0-87061-190-9
  14. ^ Awit abdi sing ngerti apa sing dikersakaké déning bendarané, mangka ora siyaga lan ora nglakoni kersané bendarané, abdi mau bakal dipecuti marambah-rambah (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994).
  15. ^ Para batur-tukon Kristen kudu padha ngajèni marang bendarané, supaya asmané Allah lan piwulang kita aja diala-ala déning wong (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994).
  16. ^ Para abdi padha yasa-turuta marang dhawuhé bendarané lan ing sadhéngah prekara gawéa mareming atiné bendarané. Aja padha madoni bendarané, utawa nyolong barang-barangé bendarané. Malah para abdi selawasé kudu nélakaké yèn dhèwèké becik lan setya, supaya srana sadhéngah prekara sing ditindakaké kanthi becik mau, wong-wong padha ngalem piwulang bab Allah, Juru Slamet kita (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994).
  17. ^ Para batur, kowé padha yasa-turuta marang bendaramu klawan wedi lan geter, sarta klawan tulusing ati; padha kaya enggonmu yasa-turut marang Sang Kristus (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994)
  18. ^ Kowé para batur, padha sumuyuda kanthi pakéring marang para bendaramu, ora mung karo bendaramu sing luhur bebudèné lan sumanak, nanging uga karo sing kereng. Allah bakal mberkahi kowé samangsa padha betah nandhang panganiaya sing ora adil, amarga ngerti yèn kuwi kersané Allah (Alkitab Jawa, Lembaga Alkitab Indonésia (1994).
  19. ^ a b Lewis 1994, Ch.1
  20. ^ Brunschvig. 'Abd; Encyclopedia of Islam
  21. ^ Du Pasquier, Roger, Unveiling Islam, p. 67
  22. ^ Gordon 1987, page 40.
  23. ^ Herbert S. Klein and Ben Vinson, African Slavery in Latin America and the. Caribbean, 2007, New York: Oxford University Press, isbn 978-0195189421
  24. ^ Mesopotamia: The Code of Hammurabi (sitat: Prologue, "the shepherd of the oppressed and of the slaves". Code of Laws #7, "If any one buy from the son or the slave of another man")
  25. ^ "Slavery (sociology)". Encyclopædia Britannica.
  26. ^ Demography, Geography and the Sources of Roman Slaves, by W. V. Harris: The Journal of Roman Studies, 1999
  27. ^ "British Slaves on the Barbary Coast" diarsip saka kéné ing tanggal 10-3-2008]