Batur tukon ing Yunani kuna

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kirti pakuburaning Mnesarete, putrining Sokrates; batur enom (kiwa) lagi séba marang majikané kang wis mati.[1] Attica, udakara 380 SM. (Glyptothek, Munich)

Perkara batur tukon iku umum banget ing sujarah Yunani Kuna, kaya ta ing papan-papan liyané ing jaman samana. Diwatara, akèh-akèhé warga Athéna nalika ika duwé saorané batur tukon siji. Pangripta nguni akèh-akèhé nganggep yèn prakara batur tukon iku lumrah tur prelu. Paradhigma iki dadi rembug ing dhialog Sokrates. Stoisme mono mbabar cathetan kapisan kang ngutuk prakara batur tukon.[2]

Praktèk historiografis modhèren mbédakaké batur tukon catèl (deduwèn priangga) saka golongan kang kauger awit palemahan kaya ta pénésté ing Thessaly utawa hélot ing Sparta, kang luwih sairib sèrvus (prangkat tambahan tumrap palemahan) ing jaman tengahan. Hélot catèl mono wong kang winates kabébasané lan pineksa supaya manut marang majikané, kang kena nuku, ngedol, ngamardika dhèwèké kaya déné catèl liyané.

Kajian akadhemis bab batur tukon ing Yunani kuna nandhang prakara métodhologis kang wigati. Cathetan bab iki tan silih gegayutan lan kapérang-pérang, sarta nyungku mligi ing kukuban Athéna. Ora ana prajanjian kang mirunggan ngrembug jejer iki, déné yurisprudhènsi migatèkaké bab batur tukon mung nalika ana pametuné. Kumedhi lan tragédhi merlambangi stéréotip, déné ikonografi ora mbédakaké antaraning batur tukon karo tukang.

Pratélan tetembungan[besut | besut sumber]

Ana ing ngisor iki tembung-tembung Jawa kang dianggo ing artikel iki, dikanthèni jarwané ing basa Indonésia lan Inggris.

  1. akèh-akèhé - majority
  2. batur tukon - slave
  3. catèl - chattel
  4. deduwèn priangga - personal possession
  5. diwatara - to be estimated
  6. hélot - helot
  7. jejer - subject
  8. kabébasan - liberty
  9. kapérang-pérang - fragmented
  10. kauger awit palemahan - land-bonded
  11. kirti - stele
  12. merlambangi - represent
  13. mirunggan - specifically
  14. mligi - particularly
  15. nguni - ancient
  16. nyungku - to focus
  17. palemahan - real estate
  18. pametu - revenue
  19. pangripta - author
  20. pénésté - penestae
  21. prakara batur tukon - slavery
  22. prajanjian - treaty
  23. prangkat tambahan - enhancement
  24. sèrvus - serf
  25. tan silih gegayutan - disjointed
  26. tukang - craftsman
  27. udakara - circa
  28. warga - citizen
  29. winates - deprived
  30. yurisprudhènsi - jurisprudence

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. A traditional pose in funerary steles, see for instance Felix M. Wassermann, "Serenity and Repose: Life and Death on Attic Tombstones" The Classical Journal, Vol. 64, No. 5, p.198.
  2. J.M.Roberts, The New Penguin History of the World, p.176–177, 223