Menyang kontèn

Karna

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Adhipati Karna
Adhipati Karna

Adipati Karna utawa Basukarna iku ratu ing Ngawangga (Awangga), nagara cilik bawahan nagara Astina. Garwané asma Dèwi Surtikanthi Warsa dan Geeta, putriné Prabu Salya ratu ing Mandaraka. Dèwi Surtikanthi iku mbakyuné Dèwi Banowati dan Dèwi Mayuriwati (garwané Prabu Duryudana), mula ing padhalangan Prabu Duryudana yèn ngaturi Prabu Karna, "Kaka Prabu Karna" utawa "Kaka Adipati Karna".

Adhipati Karna iku sadulur Janaka kang tunggal ibu nanging séjé rama. Ramané adhipati Karna iku aran Bethara Surya, déné yèn ramané Janaka iku Pandhu Déwanata, ibuné padha-padha Dèwi Kunthi.

Patuladhan saka dhèwèké nalika ana perang Baratayuda adhipati Karna iki ora mbéla marang prajurit Pandhawa, nanging sabiyantu marang prajurit Ngastina, jalaran dhèwèké kepéngin males budi kabecikan marang ratu ing Ngastina iya Sang Prabu Duryudana. Adhipati Karna iku paraga wayang sing kalebu antagonis ning bisa diarani simpatik. Dhèwèké bisa kaanggep anti hero. Kaya déné Kumbakarna, Adhipati Karna asring dadi panutan ing prakara nasionalisme.

Duk rikala semana adhipati Karna lunga saka praja disiya-siya déning ibuné, kepara kelakon dilarung ing Bengawan Swilu gangga, sawusé ngancik diwasa arep mèlu mupu sayembara panah waé ora olèh, dupèh dudu putrané raja, rikala iku banget lingsemé lan lara atiné adhipati Karna, ing wektu iku uga Duryudana banjur maringi tanah perdikan ing Angga lan ngiras patut diepèk dadi putra angkaté ratu ing Ngastina mau. Ing sajeroning ati adhipati Karna aprasetya, "Iya seksènana bumi langit saisiné mbésuk kapan kelakoné aku bakal mbéla marang wong kang bisa paring dalaning kamulyan uripku iki".

Karna pancèn putrané Bathara Surya lan Dèwi Kunthi, mula Karna iku kalebu drajating Wasu, ya iku manungsa setengah déwa. Mula ora mokal yèn Karna kasinungan kadigdayan kang linuwih. Prigel ulah warastra (jemparing) prasasat timbang karo keprigelané Arjuna. Kejaba panah Kuntawijayadanu (Kunta Druwasa), pusakané Karna wujud keris aran Kiai Kaladete (yèn ing padhalangan gagrak Sala sinebut Kiai Jalak). Aji-ajiné Karna ya iku aji Kalalupa (bisa ngetokaké buta akèh banget), lan Naracabala (bisa ngetokaké gegaman manéka warna).

Tembung Karna iku dhéwé sajatiné duwé teges kuping, amarga lairé saka kuping. Critané mangkéné: nalika Dèwi Kunthi isih kenya naté meguru marang resi Druwasa kang sekti. Karo sang resi Druwasa, Dèwi Kunthi diparingi mantra panggendhaming déwa aran Adityahredaya iya Punta Wekasing Rasa Tunggal Sabda Tanpa Lawanan, kang dayané yèn diwateg bakal nekakaké déwa sing lagi sela. Welingé sang resi, Dèwi Kunthi ora éntuk ngrapal mantra iku sembarangan, yèn perlu temenan waé. Amarga péngén ngerti kasiaté mantra iku dina Dèwi Kunthi ngrapal mantra saka sang resi. Kabeneran Déwa sing lagi sela ya iku Bhatara Surya kang nguwasani srengéngé. Kocap kacarita Bhatara Surya seneng karo Kunthi. Nalika ngerti yèn Dèwi Kunthi anggarbini banjur Bhatara Surya mbudidaya supaya jabang bayi bisa lair tanpa liwat guwa garba. Kanthi kasektenané Bhatara Surya, si jabang bayi bisa dilairké saka kuping utawa amarga. Mula banjur diparingi asma Karna. (Basukarna).

Bayi Karna nuli diwadhahi kendhaga, banjur dikelekaké ing bengawan Gangga. Ing tembé bayi Karna ditemu déning kusir Adhirata.

Nanging miturut carita padhalangan jabang bayi Karna dadi puta angkaté Prabu Radeya ratu ing Pethapralaya. Sawisé diwasa Karna bisa jumeneng ratu ing Awangga, amarga bisa ngalahaké Prabu Karnamandra (Kala Karna), ratu ing nagara iki. Patihé Karna asmané Patih Adimanggala (Surahadimanggala).

Karna gugur

[besut | besut sumber]

Ing perang Bharatayudha, Karna mbélani Kurawa. Satriya iki ngerti yèn sajatiné Kurawa kang salah. Nanging dhèwèké ngugemi jejer ing satriya kudu mbela sapa wong sing mbiyèn mbela dhèwèké. Ing perang iku, Karna bisa maténi Gathotkaca nganggo pusaka Kuntawijayandanu.

Karna madeg senapati kurawa sawise Bisma gugur. Dene Arjuna senapati Pandhawa kang ngadhepi. Arjuna kang uga ngerti menawa Karna kuwi sedulur ibu seje bapa rumangsa pakewuh kudu mungsuh sedulur tuwa. Nanging Kresna banjur ngelingake darmaning satriya kang kudu mbelani kang becik senajan kudu mungsuh sedulur.

Adipati Karna kang nunggu Arjuna ing Tegal Kurusetra dumadakan katekan naga aran Radèn Ardhawalika saka nagara Guwabarong. Dene tekane kono arep mbiyantu Adipati Karna amarha Radèn Ardhawalika arep males ukum marang Arjuna kang wis mateni ramane aran prabu Jathagimbal lan rakane Prabu Kalasrenggi. Nanging Prabu Karna ora nglilani lan dhawuh Radèn Ardhawalika supaya ngadhepi Arjuna. Wusana Ardhawalika mati kataman jemparing Arjuna.

Perang banjur diterusake ing saduwure kreta. Salya nalika iku dadi kusiré Karna, kang sajatiné mantuné dhéwé. Déné Arjuna dikusiri déning Kresna. Kekarone pada adu katyasan ulah jemparing. Suwe anggon kekarone ngadu panah, wusana Arjuna nglepasi panah Pasopati lan titis ing janggane Adipati Karna. Sadurunge tumeka pati, Adipati Karna nimbali Arjuna sarta amelas asih. Arjuna banjur sedya nyaketi nanging dicegah Prabu Kresna amarga mangerti yen Adipati Karna wis ngunus pusaka Kyai Kaladite (ing pewayangan gagrag Sala aran Kyai Jalak) lan bakal ngajak sampyuh. Mula Kresna banjur dhawuh Arjuna ngetokake pusaka Kyai Kalanadhah. Pusaka kekaro banjur muksa makayangan, mustaka Adipati Karna gumlundhung lan gugur ing paprangan.

Ing negara Ngawangga, Dewi Surtikanthi kang nampa kabar gugure garwane banjur bela pati kanthi suduk sarira. Dene ing Ngastina, Prabu Suyudana ndhawuhake supaya Pandhita Durna kang madeg dadi senapati Kurawa.[1]

Lakon iki kondhang kanthi irah-irahan Karna Tandhing amarga Arjuna uga macak kaya Karna.

Dasanama

[besut | besut sumber]

Dasanamané: Basukarna, Basusena, Bismanthaka, iya Suryatmaja utawa Suryaputra kang mengku teges putrané Bathara Surya.

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Pustaka, Balai. Serat Padhalangan Ringgit Purwa - 1930, 1932 (ing basa Jawa).