Bisma

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Bisma
Resi Bisma
Resi Bisma
Déwanagari: भीष्म; देवव्रत
Éjaan Sanskerta: Bhīshma; Dévavrata
Jeneng liya: Raden Dewabrata
Asal: Hastinapura, Karajan Kuru

Bisma utawa kawentar kanthi jeneng Resi Bisma utawa Maharsi Bisma iku pandhita kang lenggah ing pertapan Talkandha. Resi Bisma iku kalebu Brahmanacari utawa abadhan wadat kang tegese Bisma iku ora kersa mengku garwa salawasé urip. Anggoné ora kersa mengku wanodya ora kok amarga ora payu rabi, nanging amarga dhèwèké iku netepi ujar uni utawa netepi marang sumpah prasetyané kang wis kaweca sineksènan marang ingkang rama saha jagad saisiné. Ing jagad Pedhalangan Jawa, akèh tinemu paraga kang asarira badhan wadat, ing antarané Raden Lesmana Widagda (adhiné Prabu Ramawijaya), lan Resi Ramabargawa.

Mangsa timur[besut | besut sumber]

Nalika isih timur asmane Raden Dewabrata (Devavrata), putrané Prabu Sentanu ratu Astina kaliya widodari Batari Gangga, wayahé Prabu Pratipa, panjalmane Prabu Mahabisa. Sejatiné Bisma iku ahli warisé kraton Astina kang nduwé hak gumanti jumeneng nata. Bisma miyos saka Dèwi Gangga, kalebu golonganing widadari, mula jeneng ora mokal manawa Resi Bisma kagadhuhan kasektèn kang linuwih. Apa manèh dadi muridé Resi Ramaparasu iya Ramabargawa kang pancèn sekti mandraguna. Kaya kang mau ing ndhuwur, ramane Bisma iku Prabu Sentanu. Prabu Sentanu iku putrané Prabu Pratipa panjalmane Prabu Mahabisa/Prabu Puru ratu kang kasektèné tanpa tandhing, dadi Bisma iya isih keturunan kasektèné Prabu Puru. Bareng Sentanu katilar garwa Dewi Gangga, kersane anggarwa Dèwi Durgandini, warandhane Resi Palasara. Durgandini kersa kagarwa Prabu Sentanu nanging nyuwun yèn samangsane kagungan putra kakung kudu dadi ahli warisé jumeneng nata ana ing Astina. Sentanu bingung binulungan amarga émut yèn wis kagungan putra Dewabrata. Yèn Nagara Astina disuwun putrane Dewi Durgandini banjur kepriye Dewabrata ? Sentanu ora téga marang putrané iku saéngga ndadhekake banget sengkeling penggalihe. Raden Dewabrata iya Bisma ngerti apa kang ndadèkaké sekeling ingkang rama.

Sumpah Bisma[besut | besut sumber]

Bisma (tengen) sumpah ora bakal nikah sadawaning urip. Lukisan versi Indhia karya Raja Ravi Varma.

Dewabrata tuhu satriya kang bekti lan tresna sanget marang ramané, nuli ngiklasaké waris kraton Astina waton ingkang rama bisa kasembadan anggarwa Dewi Durgandini. Wusana Prabu Sentanu bisa kelakon anggarwa Dewi Durgandini. Supaya Dewi Durgandini ora was-was alias khawatir yèn nganti cidra, Raden Dewabrata banjur sumpah nedya dadi brahmacari kang ora bakal magepokan karo wanodya salawasé urip. Sineksenan para déwa lan jagad saisine sumpahe Raden Dewabrata iku, kinurmatan mendhung peteng ndhedhet lelimengan sarta udhan deres binarung suwarane guntur lan bledhèg kang padha saut-sautan ing antariksa saéngga kathon nggegirisi, Ya wiwit iku Raden Dewabrata banjur ganthi asma Bisma kang tegese priya kang sumpahe nggegirisi.

Madeg Pandhita[besut | besut sumber]

Sabanjure, Bisma banjur ambegawan peparab Maharsiwara Bisma kang lenggah ing pertapan Talkanda. Bisma iku pandhita kang sekti mandraguna tur gentur tapa. Ing paprangan tanpa tandhing, lan ora bakal mati yèn during dadi kersane mati. Nanging Bisma iya duwé luput nalika ngagari senjata marang Dewi Amba, Putri Negara Kasipura. Tanpa sengaja jemparing iku mrucut lan tumama, ndadhekake patine Dewi Amba. Ragane Dewi Amba muksa lan bakal nagih mbesuk ing perang Baratayudha Jayabinangun. Kaleksanan ing perang Baratayudha, Maharsiwara Bisma palastra déning Dewi Srikandhi, iki panagihé Dèwi marang Raden Dewabrata.

Bisma duwé watak wantu becik, kendhel tur jejeg teguh atine. Bisma luwih tresna marang Pandhawa kang abudi luhur tinimbang marang Kurawa kang padha awatak adigang adigung adiguna. Bola-bali Bisma ngelingake Prabu Duryudana supaya Perang Baratayudha diwurungake baé kanthi maringake Nagara Astina sigar semangka (separo) lan Negara Amarta sawutuhe marang para Pandhawa.

Nanging Duryudana ora maelu kabèh pangendhikane Sang Resi Bisma. Mula sanadyan ana Astina, nanging atine Bisma mbelani para Pandhawa. Déné anggoné kersa mbelani Astina iku mung jalaran Negara Astina iku wutah getihe, eling yèn iku tinggalane para leluhure mula kepiye baé kudu dibelani.

Nalika Perang Baratayudha[besut | besut sumber]

Ing Perang Baratayudha Jayabinangun, Maharsiwara Bisma madeg dadi senopati agung kang sepisanan. Mungsuhe Resi Seta (putrane Prabu Matswapati, Raja Negara Wirata), Raden Utara dalah Raden Wratsangka kang dadi senopatine para Pandhawa. Satemene, Bisma iku wis meh kalah mungsuh Resi Seta sing pancen luwih gagah lan gentur tapane iku. Bisma banjur lumayu nggendring saka paprangan dibujung Resi Seta. Playune Bisma kepalang Bengawan Swilugangga, mula banjur ambyur ing bengawan murih ora kecekel déning Resi Seta. Ana sajeroning bengawan, Bisma kepanggih marang ingkang ibu Bethari Gangga. Déning ingkang ibu, Bisma diparingi pusaka aran senjata Cucuking Dandang utawa Kyai Jungkat penatas.

Ringkesing carita, Resi Seta, Raden Utara lan Raden Wratsangka klakon palastra ing paprangan ketaman pusakane Bisma.

Sak sirnane Para Putra Wirata, para Pandhawa ndhapuk senopati agung kang anyar. Saka iguh pertikele Prabu Kresna, sing jumeneng senopati kanggo ngadhepi Resi Bisma ora liya Dewi Wara Srikandi, garwane Raden Arjuna. Resi Bisma klakon sirna mungsuh Srikandi, amarga dibiyantu marang aluse Dewi Amba kang nalika wuni diperjaya déning Dewabrata.

Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti Kuru Paraga liya
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wirata | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha
Topik kagandhèng
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa