Menyang kontèn

Parikesit

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Prabu Parikêsit iku nåtå ing nêgårå Ngastinå salêbaré pêrang Baråtåyudå, putrané Dèwi Utari patut klawan Radèn Abimanyu/Angkawijåyå. Nalikå lair ora kêtunggon ramané, awit Raden Abimanyu wis sédå ing pêrang Baråtåyudå dinå kaping 13, diranjap gêgaman déning Kuråwå nganti prasasat tatune arang kranjang, lan candrane kaya landhak kekirig. Abimanyu gugur pengawak kusuma bangsa. Gedhene lelabuhane Abimanyu ora kena kinerta aji. Bisa ngobrak abrik wadyabala Kurawa lan dadi saran uwale Prabu Puntadewa kang kinepung dening Pandhita Durna lan Kurawa mung kari saranggehan saka pamikute Pandhita Durna, saliyane iku uga dadi jalaran sirnane pengeran pati ing Ngastina Raden Sarojakusuma iya Lesmana Mandrakumara. Tokoh iki mung kocap ing lakon wayang Jumenengan, yaiku jumenenge Raden Jaka Parikesit ing Ngastina. Wosing carita, Raden Parikesit antuk wangsiting dewa , supaya bisa lana anggone juemeneng ratu kudu Sawisé akhir diwåså, Radèn Parikêsit nêdyå kajumênêngaké ratu ing nêgårå Ngastinå, nggêntèni kalênggahané Sang Prabu Kalimantåyå yå Prabu Puntådéwå kang wis 36 taun ngasthå pusaraning pråjå. Rubuhan

Ing pêrang Baråtåyudå dinå kaping 18, sawisé ditinggal gugur pårå sénåpatiné, klêbu Prabu Salyantåkå,  Patih Haryå Sêngkuni monjuk atur ånå ngarsané Prabu Duryudånå ngaturaké sédané Prabu Salyå. Barêng prikså Prabu Salyå wis séda,  Prabu Duryudånå kêrså arêp nyalirani pribadi maju ing paprangan. Bêbarêngan karo pangucaping Duryudånå ånå udan gêtih ing pakuwon Sèwuntånå. Sadurungé maju ing  paprangan Duryudånå dhawuh marang Kartåmarmå supåyå manjing Taman Kadilênglêng sapêrlu njagå kawidagdané Banowati. Ananging mênåwå Duryudånå tumêkaning pati  ing paprangan, Déwi Banowati kudhu digåwå lungå såkå kêdhaton åjå nganthi dadi boyongané Janåkå. Kartåmarmå budhal.

Kocapå Radèn Kartåmarmå kang manjing taman Kadi Lênglêng sigrå angglandhang Déwi Banowati kang kaanggêp dadi måtå pitå pangawakaning Pandhåwå nêdyå kasirnakaké, satêmah lumajar såkå datulåyå manjing jroning wanadri. Kartåmarmå kélangan lacak. Sarampungé pêrang Baråtåyudå kanthi sirnane Prabu Duryudånå, byar, sumilaking mêndhung ing Têgal Kurusétrå ambabar padhang srêngéngé trontong-trontong ing brang wétan. Soroté asung pêpadhang ing saindênging jagad. Dèwi Utari, brayat Wiråthå lan pårå Pandhåwå pådhå boyongan mênyang nêgårå Ngastinå. Prabu Matswåpati, Prabu Bathårå Krêsnå, Prabu Puntådéwå, , Radèn Wêrkudårå, Radèn Janåkå, Nakulå- Sadéwå, Dèwi Wårå Drupadi, Dèwi Utari nitih krétå kêncånå, kinusiran Radèn Trusthåjumênå. Bêgawan Abiyåså, Dèwi Kunthi, Radèn Nakulå- Sadéwå, Radèn Påncåwålå. Patih Udawa, Dèwi Wårå Srikandhi, Dèwi Wårå Sêmbådrå, Dèwi Larasati, nitih råtå Jålådårå kinusiran Radèn Sêtyaki, déné Radèn Wêrkudårå, lampah ndharat kanthi mandhi gådå Rujakpolo. Déné pårå satriyå liyané nitih kudå. Sigêg. Kacaritå Déwi Banowati kang uwal såkå pambujungé Kartåmarmå rumångså sayah bangêt nuli ngaso ånå dlanggung prosêkawanan. Déwi Banowati. Busanané wis pådhå rusak rontang-ranting mêrgå kêcènthèl ribêbondhotan, sarirané kuru aking. Nalikå lagi waé lêlênggahan dumadakan Déwi Banowati wêruh ånå arak-arakan dåwå bangêt. Barêng mangêrti yèn iku barisané pårå Pandhåwå kang arêp boyong ånå nêgårå Ngastinå, Déwi Banowati nuli nyêgat lakuné arak-arakan iku. Prabu Krêsnå paring dhawuh marang Radèn Janåkå supåyå nyêtitèkaké marang wanitå kang nyêgat lakuné arak arakan. Barêng wis cêthå yèn wanitå iku Déwi Banowati, Prabu Krêsnå nuli paring dhawuh marang pårå abdi supåyå nyawisaké busånå lan dhaharan. Barêng wis ngadhi busånå lan dhahar sawêtårå, boyongan banjur nêrusaké laku. Têkan nêgårå Ngastinå Dèwi Utari kang wis nggarbini sêpuh mbabar putrå kakung sinêksènan déning Sang Bêgawan Abiyåså. Mulå bayi putrané Dèwi Utari iku ugå kaparingan asmå Radèn Krêsnå Dwipåyånå iyå Radèn Jåkå Parikêsit. Nunggak sêmi klawan asmané Bêgawan Abiyåså nalikå jumênêng nåtå ing Ngastinå. Sadurungé kondhur ing pêrtapan Saptåargå (Wukir Ratawu), Bêgawan Abiyåså paring pitungkas sajroné 7 dinå 7 bêngi, åjå ånå sing turu. Kang mangkono kinaryå nulak têkaning bêbåyå. Nanging sing jênêngé awak manungså iku kêkuwatané winatês, ora turu sajroné 3 dinå waé awak rasané wis ora karu karuan. Gulu lan pundhak rasané kaku kaku, apamanèh kok nganthi 7 dinå 7 bêngi gèk rasané awak kåyå ngåpå. Kocap Aswåtåmå kang ngêsong bumi kanthi gawé landhakan kanthi namakaké panah Cundhåmanik, anthuk pambiyantuné Bathari Wilutåmå, satêmah ånå jroning bumi katon padhang têtrawangan. Wanti-wani piwelingé Sang Ibu, Aswåtåmå ora dikêparêngaké nolèh mêmburi. Nanging amargå kêsurung råså kêpingin ngêrti åpå thå kang njalari padhang iku, Aswåtåmå nolèh mêmburi, satêmah Bathari Wilutåmå kêlingsêman. Pêpadhang mau jêbul sumberé såkå badhongé(pawadhoné) Bathari Wilutåmå. Barêng tinutupan, sanalikå kahanan dadi pêthêng dhêdhêt lêlimêngan. Bathari Wilutåmå dukå bangêt, nganthi kawijil pangandhikané yèn gêgayuhané Aswåtåmå bakalé cabar, Ora bakal klakon matèni Pandhåwå. Nanging malah Aswåtåmå kang bakal nêmahi cilåkå. Dèwi Wilutåmå ilang kakêdhèpaké kondhur makahyangan Aswatama banjur mbacutaké laku lumebu ing kêdhaton. Aswåtåmå kasil jumêdhul ing jroné baluwarti (bètèng nêgårå Ngastinå) nuli andhum gawé. Aswåtåmå bakal lumêbu jroning kadhaton, Radèn Kartåmarmå dikon ngêntèni ing sakiwå têngêné papan landhakan kono. Sawisé kasil mlêbu kêdhaton, Aswåtåmå banjur namakaké aji sirêp mégånåndå, wusånå pårå satriyå pådhå turu kêpati. Supåyå énggal- énggal kêtêmu papan padhunungané ponang jabang bayi kang diparingi asmå Radèn Jåkå Parikêsit iku, Aswåtåmå lan Kartåmarmå banjur pisah sowang-sowang. Kocap Aswåtåmå wêruh Dèwi Wårå Srikandhi lan Dèwi Larasati turu kêpati ånå sacêdhak patunggoné ponang jabang bayi. Srikandhi lan Larasati ditamani Cundhåmanik sirnå margålayu tanpå sambat. Nuli Aswåtåmå kanthi mbrangkang-mbrangkang nyêdhaki patunggoné jabang bayi karo ngligå pêdhang. Nalikå bayi dicêdhaki dumadakan tangi karo nangis jêmpling- jêmpling. Aswåtåmå dadi gugup ora wêruh yèn ing sacêdhaké bayi ånå pusakané Radèn Arjunå panah Kyai Pasopati, wusånå tanpå kêjarak katêbak Aswåtåmå lan mêncêlat ngênani dhadhané Aswåtåmå. Karo godrès gêtih Aswåtåmå mlayu metu såkå kêdhaton. Tangisé jabang bayi sing kêkêjêr gawé kagèt nuli pådhå tangi. Rèhné wêruh ånå kumlêbaté pawongan, banjur pådhå alok ånå duratmåkå saèngga pating brêngok. Gègèr sajroning kedhaton, pating blulung nggolèki maling. Rèhné mêntas pådhå wungu saré sarwi kagèt mulå akèh sing pådhå tubruk-tubrukan, ånå sing kêpidhak lan kêtunjang. Malah Dèwi Wårå Sêmbådrå kêjêpit lawang saéngga ngêmasi pralåyå, Radèn Sêtyaki ugå mati kêbrukan lawang sing didobrak déning Werkudara. Aswåtåmå sing mlayu sêmpoyongan karo nggåwå Cundhåmanik, kêpapag Radèn Påncåwålå lan Trusthajumenå. Nalikå arêp dicêkêl déning Trusthajumenå lan Påncåwålå, Aswåtåmå namaké Cundhåmanik ing dhadhané satriyå sakloron têmahan tumêkaning pati. Kacaritå, Kartåmarmå kang ngêntèni ånå sakiwå tengené papan landhakan banjur mlêbu ing Taman Kadilênglêng, dumadakan wêruh ånå wong wadhon nggarbini sêpuh saré kepati saéngga wêntisé kathon ngéglå. Kartåmarmå ora pangling, yèn wong wadon iku Dèwi Banowati buroné. Wêruh kahanan mêngkono tuwuh brantané, saénggå Dèwi Banowati kalarak mêthu såkå kêdhaton. Ana ing papan sing rungkut, Dèwi Banowati rinudå pêksa. Sawisé nyuntak lårå brantané, nuli Dèwi Banowati dèn tamani gêgaman sirnå margålayu. Sadhurungé sédå, Dèwi Banowati kasil males namani patrêm ing jajané Kartåmarmå saéngga gladrahan kwandhané. Kartåmarmå dupi mirêng ånå swarané wong alok maling banjur mlayu mêtu ngliwati papan landhakan utåwå urung-urung. Radèn Wêrkudårå kang mlayu nggolêki maling ngidhak Kartåmarmå sing ånå sajroné urung urung saénggå sirnå margålayu. Yitmané salin dadi brêngkutis kang sabané ånå papan sing jêmbêr. Barêng prikså yèn ånå kunarpané Dèwi Banowati nuli karukti kanthi satataning panêmbah. Såkå padharané sing kêtaman gêgamané Kartåmarmå iku lair ponang jabang bayi wadhon, lan déning pårå pinisêpuh kaparingan têtêngêr Dèwi Lêsmånådari sartå kapacangaké klawan Jåkå Parikêsit. Playuné Aswåtåmå têkan ing Pêrtapan Grojogansèwu, papané Rêsi Jålådårå kang nêdhêng mbangunaké tåpå satêmah ora mangêrtèni tumapaking pêrang Baråtåyudå. Prikså ånå pawongan têkå kanthi godrès getih, Rêsi Jålådårå sing ora patiyå pêrmånå iku ndangu bab tumindaking pêrang Baråtåyudå, nanging durung nganthi rampung anggoné matur, Aswåtåmå kang wis tatu abot ditampêg tutuké déning, Radèn Sêtyåkå (putrané Prabu Krêsnå) karêpé murih åjå matur bab pêrang Baråtåyudå. Aswåtåmå tumêkaning pati. Dupi prikså Aswåtåmå mati, Sang Rêsi Jålådårå dukå yayah sinipi, Sêtyåkå kang dianggêp lancang disawat Nênggålå kênå dhadhané têmahan sirnå margålayu. Jumeneng nata ing Ngastina Sinegeg kang winursita kang minangka sinambeting dnarita kacondra adeging Negari Ngastina. Radèn Jåkå Parikêsit kang wis akhir diwasa nêdyå kajumênêngaké ratu ing nêgårå Ngastinå, nggêntèni kalênggahané Sang Prabu Kalimantåyå yå Prabu Puntådéwå kang wis 36 taun ngasthå pusaraning pråjå. Nalika Raden Jåkå Parikêsit sare, ing wanci gagat rahina nåmpå wangsiting déwå, supåyå biså lånå anggoné jumênêng nåtå ing Ngastinå, sêpisan kudu kadunungan duwung Luk Sångå Dhapur Kålåmisani, loro, miturut wangsiting jawata, kang wenang nglenggahake dhampar kencana negara Ngastina tilarane swargi Begawan Palasara yaiku pêpundhèn sêpuh Sang Wasi Jålådårå kang wêktu iku isih lênggah ing Pêrtapan Grojogansèwu,mula Dewi Utari banjur utusan Raden Janurwenda lan Jayasanga supaya mboyong Sang Wasi Jaladara. Dene kaping têlu, diêmongi déwå ngéjåwantah Kyai Lurah Sêmar Bådrånåyå saanaké. Bab iku banjur diaturaké marang ingkang ibu Dèwi Utari. Sang Dèwi banjur utusan marang Radèn Janurwéndå lan Jåyå Sångå supåyå sowan Wasi Jålådårå, kaaturan jumênêgaké Prabu Anom Jåkå Parikêsit lênggah dhampar ing Ngastinå. Durung nganthi Radèn Janurwéndå lan Jåyå Sångå budhal, dumadakan kêsaru pisowané sajugané naléndrå gagah pidêkså såkå Nêgårå Tajuk Tatahan jêjuluk Prabu Bråjåsurådêntå. Sang Prabu diutus déning ratu gung binatårå ing Purubåyå, kang jêjuluk Prabu Wêsiaji, tinanggênah ndhikakaké ngawu-awu kadhang marang Prabu Anom Jåkå Parikêsit lan sêntånå Nêgårå Ngastinå . Wusana banjur ditåmpå kanthi lêgå lêgawané pênggalih. Prabu Bråjåsurådêntå matur manèh kêjåbå ngawu awu kadhang ugå sang Prabu Wêsiaji arêp nyuwun warisan Nêgårå Ngastinå sigar sêmångkå. Dupi mirêng aturé Prabu Bråjåsurådêntå, pårå kadang sêntånå dukå yayah sinipi marang kêkarêpané Prabu Wêsiaji. Radèn Janurwéndå banjur maringi wangsulan mênåwå Prabu Wêsiaji arêp nyuwun warisané Nêgårå Ngastinå ora dililani déning kabèh sêntånå satriyå Ngastinå. Amargå Nêgårå Ngastinå kuwi ora mligi kagungané panjênêngan dalêm nåtå, nanging kagungané kabèh kawulå saindêngé Nêgårå Ngastinå munggahé pårå sêntånå lan nayåkå. Nuli Prabu Bråjåsurådêntå kadhawuhan nunggu ånå madyaning alun-alun, mêngko bakal nåmpå katrangan biså lan orané Nêgårå Ngastinå diparingaké marang Wêsiaji. Sapungkuré Prabu Bråjåsurådêntå, Prabu Anom Jåkå Parikêsit, Kanthi dibantu Jåyå Sångå, Jåyå Sumpênå, Suryåkåcå, Sasikirånå, Jåyåsênå, Êmban Subålå lsp. Sawisé biså ngundhuraké Prabu Bråjåsurådêntå sawadyåbålåné, gêgancangan Radèn Janurwéndå lan Jåyå Sångå budhal mênyang Pêrtapan Grojogansèwu sowan ånå ngarsané Sang Wasi Jålådårå. Sigêg. Kacaritå nênggih adêging Nêgårå Purubåyå iyå Pringgodani duking uni, Prabu Wêsiaji nêdhêng lênggah sinêwåkå ing dhampar dèn sébå rayi dhalêm kinasih kang jêjêré wanodyå kêkasih Dèwi Sri Tanjung, kasambêt patih Kumbånå Rånggå lan wadyåbålå sêgêlar sêpapan pindhå andhoyong ndhoyongaké pacak suji Nêgari Purubåyå ora kèri ugå nåmpå pisowané Togog Catugårå. Wosing wigati pêpanggihan iku Prabu Wêsiaji anggoné kagungan niyat nêdyå ngêmpèk kadhang marang Prabu Anom Jåkå Parikêsit lan sêntånå Nêgårå Ngastinå liyané ugå arêp nyuwun warisan Nêgårå Ngastinå sigar sêmångkå. Awit manut pètungané Prabu Wêsiaji luwih trêp mênåwå dhèwèké kang jumênêng ratu ånå Ngastinå, amargå dhèwèké rumångså pådhå pådhå turun Pandhåwå, Parikesit turun såkå Abimanyu, déné Wêsiaji yogané Radèn Gathutkåcå kang wis gêdhé lêlabuhané sajroning pêrang Baråtåyudå, malah manut sarasilah kêpêrnah luwih tuwå Wêsiaji tinimbang Parikêsit. Ki Lurah Togog matur mênåwå sapungkuré Pandhåwå iku ora ånå manèh ratu kêjåbå mung sajugå Prabu Parikêsit yå Sang Prabu Paripurnå. Lagi waé têkan sêmono aturé Ki Lurah Togog, dumadakan kasaru pisowané Prabu Bråjåsurådêntå. Kadhangu kadiparan anggoné kadhawuhan sowan ing Ngastinå. Prabui Bråjåsurådêntå ngaturaké cabaring laku, sang Prabu bangêt anggoné dukå dupi miring aturé kang dinutå. Dèwi Sritanjung banjur monjuk atur mênåwå Nêgårå Ngastinå kudhu ginêbug srånå pêrang, sang Prabu nyalirani pribadi, déné Sri Tanjung saguh bakal mbiyantu madêg suraning driyå maju ing paprangan. Dèwi Sri Tanjung darbé pusåkå Cupu kang isi banyu panguripan, dadi mênåwå cilik kêsupiting kéwuh gêdhéné tumêkaning pati cupu kasêbut biså kanggo maluyakaké. Prabu Wêsiaji andhawuhaké marang pårå sêntånå myang nayåkå lan wadyåbålå kêrik lampit brungkat kimpul nglurug pêrang mênyang Nêgårå Ngastinå. Ing Pêrtapan Grojogansèwu kang kêparêng anglênggahi gumêlaring pacrabakan, Sang Wasi Jålådårå. Tanpantårå dangu nåmpå pisowané Radèn Janurwéndå lan Jåyå Sångå. Janurwéndå matur mênåwå pisowané kautus tirtå Prabu Anom Jåkå Parikêsit ndhikakaké mboyong Sang Wasi, sapêrlu rawuh ing Nêgårå Ngastinå paring pangèstu anggoné kêpyakan sang Prabu Anom jumênêng nåtå gung binatårå ing Nêgårå Ngastinå pinångkå songsong agunging pårå satriyå têdhak turuné Pandhåwå lan Kuråwå kang wis manunggal. Wasi Jålådårå midhangêt aturé Janurwéndå bangêt anggoné gumbirå ing pênggalih marwåt sutå, mulå nora kapênggalih nulyå saguh kaboyong mênyang Nêgårå Ngastinå, wusånå banjur budhal. Gancanging caritå lakuné Dyan Janurwéndå lan Jåyå Sångå wis têkan laladan Nêgårå Ngastinå, kacihnå wis dadi pêrang gêgêmpuran antarané pårå satriyå Ngastinå lan Pringgodani. Dhasar watak prajurit nadyan wis yuswå sêpuh, Wasi Jålådårå kêpingin énggal nundhung mungsuh, wusånå amusthi Sênjåtå Nênggålå maju ing payudan. Wêsiaji kêtaman Nênggålå gladrahan kwandhané tan kênå kinukup, Dèwi Sri Tanjung sigrå anyakêti kunarpané Prabu Wêsiaji dèn usadani srånå banyu panguripan såkå cupu, têmahan biså waluyajati kåyå wingi uni. Dèwi Sritanjung caos pamrayogå mênåwå Nênggålå kudhu karêbut såkå tangané Wasi Jålådårå. Sakêdèping nêtrå Dèwi Sritanjung salin wujud mémbå warni dadi Radèn Janurwéndå nglêmbut Nênggålå. Yuswå sing wis pikun kang sinandang Sang Wasi Jålådårå nggampangké lakuné Sri Tanjung anggoné ngrêbut Sênjåtå Nênggålå. Wasi Jålådårå barêng ngêrti yèn kang mémbå warni trubusing mungsuh bangêt anggoné gêthun gêdhuwung, gêtêr salirané dupi Sênjåtå Nênggålå ånå rêgêmané Sri Tanjung, Prayitnå Dyan Janurwéndå kanthi ngrêrêpå Sang Rêsi Jålådårå kaboyong mlêu ing kêdhaton Ngastinå. Kang kinaryå sambunging kåndhå anênggih kang ånå ing pêdhukuhan Karangkadêmpêl iyå sinêbat Karangtumaritis yå pêdhukuhan Klampisirêng. Sinêbat Karangkadêmpêl awit nyukupi kabutuhané kawulå sakukuban, sinêbat Karangtumaritis amargå akèh thuk sumbêr ilining banyu, anjog bêlik, pancuran, tlågå, sêndhang miwah bèji, satêmah cukup kinaryå sumbêr panguripané kawulå nadyan katêrak kêtigå dåwå ora naté bakal kasatan. Pêdhukuhan Klampisirêng ing têlênging pêdhukuhan ånå sajugané wit klampis kang godhongé irêng angrêmbuyung ngayomi sangyå pårå kawulå Ora sêpirå gêdhéné pêdhukuhan, nanging amargå biså anggoné mranåtå satêmah kathon asri lamun kadulu. Ingkang kêparêng dêdukuh ing papan kono ora liya Kyai Sêmar Bådrånåyå, Bojågati, Ki Nåyåntåkå, Saronsari, Dhudhå Manangmunung, Juru Dyah Puntå Prasåntå iyå Janggan Asmåråsantå iyå Bathårå Ismåyå. Nalikå sêmånå kasébå ingkang putrå tetiga Nålå Garèng, Pétruk lan Bagong. Durung nganthi angunandhikå dumadakan karawuhan satriyå bagus luruh pasêmoné, barêng pitêpungan matur yèn dhèwèké iku kêkasih Bambang Swidåpakså iyå Sidåpakså såkå Kahyangan Sumur Upas. Swidåpakså mitêrangaké mênåwå dhèwèké iku isih klêbu yogané Radèn Sadéwå patut klawan Dèwi Srênggini putrå Badawangananålå. Ing samêngko nêdyå ngawu awu kadhang ånå Nêgårå Ngastinå. Kyai Sêmar kang mbiyen dadi pêndhèrèké Pandhåwå têrtamtu biså paring dhalan anggoné bakal sowan mênyang Nêgårå Ngastinå. Kyai Sêmar sak anaké saguh anglarapaké Bambang Swidåpakså angawu awu kadhang marang Prabu Anom Jåkå Parikêsit, wusånå banjur budhalan. Kocap kang nuju lênggah ing kêdhaton Ngastinå Prabu Anom Jåkå Parikêsit nåmpå pisowané Radèn Janurwéndå lan Jåyå Sångå kang wis kasil mboyong Wasi Jålådårå. Sang Prabu bangêt anggoné gumbirå ing pênggalih awit pinisêpuh kang dèn anthu anthu wis biså manunggal rawuh ånå Nêgårå Ngastinå, Namung Wasi Jålådårå durung biså minangkani pamundhuté ingkang wayah, jalaran pusåkå piyandêlé ajurit nênggih Sênjåtå Nênggålå ilang kadhustå prajurité mungsuh yaiku Dèwi Sri Ttanjung lan durung lêga mênåwå Wêsiaji sing bakal njongkèng kawibawan Nêgårå Ngastinå sirnå såkå jagad råyå. Tanpantårå dangu katungkå pisowané Swidåpakså iyå Sidåpakså kang didhèrèkaké prêpat Pånåkawan. Swidåpakså ngaturaké mungguh panujuning karså arêp angawu-awu kadhang ngarsané Prabu Anom Parikêsit lan kabèh pårå sêntånå trah Pandhåwå - Ngastinå kang wis manunggal. Kyai Sêmar ugå nguwataké lan anjlèntrèhaké Bambang Swidåpakså marang Sang Prabu dalasan pårå sêntånå Nêgårå Ngastinå, Kêjaba kuwi Kyai Sêmar ugå ngaturaké Dhuwung Dhapur Kålåmisani kang dèn upåyå sang prabu minångkå sarånå jumênêng nåtå agung. Pårå sêntånå pådhå sarujuk nåmpå Swidåpakså sêmono ugå Prabu Anom Jåkå Parikêsit wathon Bambang Swidåpakså biså ngrêbut Sênjåtå Nênggålå såkå tangané mungsuh. Swidåpakså nyaguhi nuli didhèrèaké Pånåkawan budhalan ngupadi Sênjåtå Nênggålå. Kacaritå Bambang Swidåpakså manut iguh pratikêlé Kyai Sêmar supåyå malês marang Dèwi Sri Tanjung sarånå nglêmbut Nênggålå kanthi mémbå warni warnå Prabu Wêsiaji. Ilang sipaté Swidåpakså salin wêwujudané dadi Wêsiaji pindhå suryå kêmbar banjur nungkå lakuné Sri Tanjung. Sang Dèwi kang durung têkan Nêgårå Purubåyå mandhêg sawêtårå ånå satêngahé dhalan mêrgå kråså sayah lumayu såkå pråjå Ngastinå. Ingkang abdi Togog mawantu wantu caos atur marang Sri Tanjung supåyå ngati ati åjå nganthi kêsuwèn anggoné lèrèn ånå dhalan. Durung nganthi mênyat såkå palênggahan katungkå praptané Prabu Wêsiaji pindhå warni (tiron). Gancanging caritå Nênggålå banjur dicaosaké marang Prabu Wêsiaji tiron, wusånå banjur badhar ånå sangarêpé Sang Dèwi. Rumångså kawiyak wêwadiné Sri Tanjung banjur andhon kasêktèn pêrang tandhing klawan Swidåpakså. Ramé anggoné pådhå béndhåwålå pati, nanging suwé-suwé Sang Dèwi biså kacandhak rikmané banjur kaukêl déning Swidåpakså, têmah ênthèk dåyå kêkuatané arêp disirnakaké. Hyang Narådå tumurun misah kang pådhå Båndåyudå, banjur didunung-dunungaké mênåwå kêkaroné isih kadhang nak ndulur, Sri Tanjung putrané Radèn Nakulå déné Swidåpakså putrané Radèn Sadéwå. Dewi Sri Tanjung melu Prabu Wesi Aji kuwi merga diapusi dening Prabu Wesi Aji. Sawisé pådhå padhangé banjur gapyuk rêrangkulan, Hyang Narådå nuli makayangan, Senjata Nênggålå dikondhurké marang Wasi Jålådårå, déné Dèwi Sri Tanjung diapurå kabèh kaluputané lan kêkaroné ditåmpå anggoné suwitå ing Nêgårå Ngastinå. Sabanjure Senjata nenggala dikondhurake marang Sang Wasi Jaladara. Sang Resi Jaladara nedha nrima marang Raden Sidapeksa Sabanjuré Swidåpakså kapacangaké klawan Dèwi Sri Tanjung. Kocapå Prabu Wêsiaji kang nåmpå pêlapurané Togog mênåmå Sri Tanjung malih tinggal ngiloni Ngastinå amargå pinanggih klawan Swidapåkså sêdhulur nak-ndhulur malah kabaré kêkaroné kapacangaké. Prabu Wêsiaji dukå yayah sipipi jumangkah nylirani pribadi ngrabåså ing Nêgårå Ngastinå. Wasi Jålådårå mangêrti mênåwå Wêsiaji maju ing palagan, kabèh pårå sêntånå Nêgårå Ngastinå ora dikêparêngké mapagaké yudané amargå arêp kajangkah dhéwé déning Sang Wasi Jålådårå. Åjå dumèh wis kampong pérot jambul wanên ananging barêng krodhå ing paprangan sanyåtå isih nggêgirisi. Bawané wis kaladhuk yuswå suwé- suwé anggané biså katingkês déning Prabu Wêsiaji, nalikå arêp disirnakaké kåyå ånå dåyå kêkuatané Wasi Jålådårå musus ponang èpèk èpèk Sênjåtå Nênggålå mijil såkå astå kajojohaké dhadhané Prabu Wêsiaji gladrahan ing bantålå sirnå margå layu. Sawisé kahanan Nêgårå Ngastinå bali têntrêm, tumuli upåcårå kêpyakan banjur kalêksananaké. Prabu Anom Parikêsit enggal dijumênêngake ratu gung binatårå lan dilenggahake ing dhampar pusaka Ngastina tilarane Begawan Palasara dening Sang Wasi Jaladara. Jejuluk (abhisékå) Prabu Parikêsit iyå Prabu Paripurnå iyå Sang Prabu Krêsnå Dwipåyånå. Wasi Jålådårå minångkå parampårå, Radèn Janurwéndå kasêngkakaké ngaluhur minångkå patih njêro kanthi sêsêbutan Patih Dwårå, déné Swidåpakså minångkå patih njåbå, sénåpati agung nênggih Jåyå Sångå, Jåyå Sumpênå, Suryåkåcå, Sasikirånå, Jåyåsênå, Êmban Subålå lsp. Sédané Prabu Parikêsit . Kacaritå Prabu Parikêsit anggoné jumênêng nåtå ing Ngastinå wis ngancik 60 taun. Anggoné ngastå pusaraning pråjå lêlandhesan watak adil påråmåråtå. Ora mokal mênåwå Nêgårå Ngastinå dadi tåtå titi têntrêm adoh såkå durjånå jati. Garwané Sang Prabu Parikêsit ånå 5, yaiku : 1. Dèwi Tapèn (Satapi) pêputrå Radèn Yudåyånå lan . Dèwi Prawasti; 2. . Dèwi Dhangan pêputrå Raden Ramaprawa lan Radèn Wara Basana. 3, . Dèwi Puyangan (Radèn Prawasata lan Ramayana); 4. . Dèwi Gêntang ugi sinebut Dewi Niyata, putrane Prabu Sayakesthi ing negara Mukabumi, lan banjur pêputrå Dèwi Tamioyi; lan 5. Dèwi Impun, pêputrå siji Dèwi Niyodi..

Prabu Parikêsit rêmên bangêt grogol utåwå bêdhah pikat ing wånå. Mulå sabên antårå mångså mêsti tindhak mênyang wånå gung sapêrlu ngénggar énggar pênggalih lan mburu sato wånå. Nalikå sêmånå pinuju mburu kidang, Prabu Parikêsit ngraosaké badhané lungkrak lan salit bangêt gurungé. Kidang sing diburu ilang sajroning grumbul. Embuh mênyang ngêndhi parané. Prabu Parikêsit banjur ngupadi sumbêr kanggo nêlêsi gurungé. Sênajan wis midêr midêr ing têlênging wånå sawêtårå suwé, nanging ora manggihaké sumbêr. Nalikå tindhak têkå sawijining padépokan, Sang Prabu prikså ånå sawijining Rêsi kang ndilati umpluk susu ing lambéné pêdhèt (anak sapi). Rêsi iku pêparapé Resi Saniti. Prabu Parikêsit mrêpêgi lan mundhut prikså åpå sang Rêsi prikså playuné kidang buroné. Sang Rêsi Samiti ora caos wangsulan amargå lagi tåpå mbisu. Prabu Parikêsit dukå bangêt, Sang Rêsi dianggêp wis wani nyêpèlèké ratu. Ndilalahé ånå sacêdhaké Sang Rêsi ånå bathang ulå irêng. Bathang ulå iku dicutik nganggo gên ulå dhéwå lan dikalungké ånå guluné sang Rêsi Samiti. Sang Rêsi dikalungi bathang ulå mung mênêng waé, ora angråså sêrik ing atiné. Prabu Parikêsit banjur kondur ing kêdhaton Ngastinå. Rêsi Samiti kagungan putrå kakung siji jênêngé Srênggi. Amargå ibuné Srênggi wujud lêmbu, mulå Srênggi darbé sungu. Srênggi sênêngé tåpå, mulå darbé kadikdayan kang linuwih. Biså mabur lan asring munggah ing kahyangan sowan Bathårå Guru. Mung emane, watakje Srênggi iku brangasan (gampang muring) . Bêgawan Krêpå, mitrané Rêsi Samiti asring paring pitutur murih Srênggi åjå sêthithik sêthithik nêsu. Kudu sinau watak sabar, awit watak sabar iku kuncining swargå. “Tirunên kêsabarané bapakmu, nadyan dikalungi bathangé ulå déning Prabu Parikêsit, dhèwèké ora nêsu. Pasuryané ajêg ngatonaké èsêmé. Kuwi kênå kanggo kåcå bênggålå marang kowé,” Mirêng pangandhikané Bêgawan Krêpå, Srênggi nêsu bangêt. Dhèwèké ora trimå wong tuwané diinå kåyå mangkono. “Pitung bêngi manèh Prabu Parikêsit bakal mati dicokot ulå gêdhé sing jênêngé Någå Taksåkå,”ucapé Srênggi. Sênadyan wis mapan ana panggungan lan dijaga rapedt dening para prajurit lan padhita sing wasis ing babagan wisa ula, parandene Prabu Parikêsit isih biså kecolongan. Någå Taksåkå kongkonané Srênggi ora kurang akal. Dhèwèké ngundhang sedhuluré supåyå mémbå brahmånå lan misungsungaké woh jambu dipånirmålå marang sang prabu. Déné Någå Taksåkå bakal ndhêlik ing njêro woh jambu iku. Prabu Parikêsit rênå pênggalihé nåmpå pisungsung jambu såkå brahmånå iku. Nalikå jambu binêlah nêdyå kadhahar, dumadakan såkå njêro woh jambu mijil ulå kisi irêng (ulå cilik) matané abang branang. Sang Prabu kagèt. Dumadakan ulå cilik iku bali ing wujudé sêkawit, dadi Någå Taksåkå. Tanpå tariwårå banjur nyokot janggané Prabu Parikêsit. Sang Prabu sirnå margålayu. Janggané tatu siyung loro, lan kunarpané malih dadi biru èrêm.


Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti KuruParaga liya
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | CitrānggadāAmba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wiratha | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha
Topik kagandhèng
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa