Citranggada
Citrānggada चित्राङद | |
![]() Sosok Citrānggada versi wayang. | |
Déwanagari: | चित्राङद |
Asal: | Hastinapura, Karajan Kuru |
Sisihan: | — |
Wonten salebeting wiracarita Mahabharata, Citrānggada inggih punika putranipun Raja Santanu kaliyan Satyawati ingkang nomer satunggal[1]. Amargi Bisma sampun sumpah, manawi piyambakipun badhé boten rabi saha boten nglajengaken singgasana Hastinapura, Citrānggada dipundhaulah ingkang rama supados dados ratu[1]. Nalika Citrānggada dados ratu, Hastinapura dados tentrem, utamanipun Satyawati[2]. Nanging sadaya wau namung sawatara wekdal kemawon[2].
Citrānggada inggih punika ratu ingkang remen perang[3]. Wiyaripun Karajan Hastina punika sampun boten dipunetang, punapa malih sasampunipun dipuntambah déning laladan ingkang dipunkalahaken[3]. Kasil punika boten namung paring paedah dhumateng Citrānggada, nanging ugi ndadosaken Hastina gadhah musuh sanèsipun[3]. Para ratu ingkang dipunkalahaken déning Citrānggada boten remen kaliyan tindak-tandukipun ingkang sewenang-wenang ugi boten gadhah wibawa ingkang saé[3]. Culikanipun malih, Raja Citrānggada punika boten mawas dhiri. Langkung kathah karajan ingkang dipunkalahaken, panjenenganipun langkung angkuh[3].
Tanpa dipunduga-duga, Hastinapura manggihi petaka[2]. Wonten kiriman serat saking ratu ingkang wujudipun gandarwa, namanipun ugi sami, nun inggih Citrānggada[2]. Wosing serat punika nantang ratu Citrānggada saking Hastinapura[2]. Panjenenganipun duka, amargi kalih ratu ingkang gadhah asma sami, boten angsal gengsang sesarengan wonten saktunggal jaman[2]. Citrānggada gadhah penggalih manawi salah satunggaling saking ratu punika kedah séda[2]. Citrānggada putra Santanu sarujuk nampi tantangan kasebat[2]. Salajengipun Citrānggada putra Santanu perang kaliyan Citrānggada gandarwa wonten ing kurusetra[2]. Saksampunipun perang ingkang kadadosan tigang sasi, Citrānggada putra Santanu palastra, lajeng kakuwasananipun dipungantosaken rayinipun, inggih punika Wicitrawirya[2]. Sadèrèngipun séda, Citrānggada dèrèng naté nikah, pramila boten gadhah katurunan[2].
Tindak-tandukipun Citrānggada punika boten namung dipunsengit déning para ratu ingkang dipunkalahaken, nanging ugi para Déwa[3]. Pramila makaten, panjenenganipun boten angsal nindakaken punapa kemawon ingkang ndadoskaen culikanipun tiyang ngagesang [3]. Perang-perang ingkang dipunwontenaken Citrānggada punika ndadosaken para wanita janda, para laré dados piyatu (kelangan bapak), saha para mudha tiwas ing peperangan[3].
Rujukan[besut | besut sumber]
- ↑ a b [1], Dipun undhuh tanggal 23 September 2012.
- ↑ a b c d e f g h i j k [2], Dipun undhuh tanggal 4 November 2012.
- ↑ a b c d e f g h [3], Dipun undhuh tanggal 26 Oktober 2012.
Kang sadurungé Santanu |
Dinasti Candra,keturunan Kuru Raja Hastinapura |
Kang sawisé Wicitrawirya |
Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa | |
---|---|
Para paraga | |
Dinasti Kuru | Paraga liya |
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā | Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wirata | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha |
Topik kagandhèng | |
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata | Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa |