Menyang kontèn

Wangsa Candra

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Dinasti Candra)

Wangsa Candra utawa Wangsa Soma ya iku salah siji wangsa kang misuwur ana ing legendha India, kang miturut gethok tular didhunaké déning Candra (Soma), déwa rembulan.[1] Cathetan ngenani wangsa iki tinemu ana ing susastra Hindhu, kaya Purana, Mahabharata, Srimad Bhagawatam, lan sapanunggalané.[1]

Wangsa kang isih sadulur karo wangsa iki ya iku Wangsa Surya, kang miturut gethok tular didhunaké déning Surya, déwa srengéngé.[1] Wangsa Candra seduluran karo Wangsa Surya amarga leluhur saka kekaro wangsa iki duwé gegandhèngan kulawarga saka nikahan.[1]

Sawisé pirang-pirang génerasi, Wangsa Candra kapérang dadi Wangsa Yadu lan Wangsa Puru.[1] Ana ing Wangsa Puru, lair raja Bharata kang misuwur ana ing legendha India, kang garis keturunané dijenengi Wangsa Bharata.[1] Ana ing Wangsa Bharata, lair Raja Kuru kang garis keturunané dijenengi Wangsa Kuru.[1] Dadi ana ing Wangsa Candra akèh wangsa nanging sebeneré ana siji.[1]

Legendha

[besut | besut sumber]

Miturut ana ing cathetan Purana lan Mahabharata, wangsa iki didhunaké déning Candra, déwa rembulan.[2] Candra palakrama karo Tara banjur duwé anak kang dijenengi Buda, déwa planit Merkurius.[2] Buda palakrama karo Ila, putri Manu.[2] Buda lan Ila duwé anak kang dijenengi Pururawa.[2] Pururawa iki kang misuwur dadi raja pisanan saka Wangsa Candra, déné bapak lan kakiné ya iku déwa, dudu raja.[2] Ibu saka Pururawa, Ila, ya iku putri Waiwaswata Manu. Dhèwèké seduluran karo Ikswaku, leluhur Wangsa Surya.[2] Ila lan Ikswaku padha keturunan saka Surya, kang ndadèkaké antarané Wangsa Candra lan Surya duwé gegandhèngan kulawarga.[2] Wangsa Yadu (wangsa Yadawa) ya iku cabangan saka Wangsa Candra, amarga Sang Yadu kang ngedegaké Wangsa Yadu iku keturunan Yayati, raja Wangsa Candra.[2] Dadi, antarané Wangsa Yadu lan Candra uga duwé gegandhèngan kulawarga.[2] Wangsa Yadu nyabang manèh dadi Wangsa Wresni (Warsneya), Wangsa Andhaka, lan Wangsa Bhoja.[2] Kabèh wangsa iki duwé leluhur kang padha karo Wangsa Candra.[2]

Silsilah

[besut | besut sumber]
Candra
 
Tara
 
W. Manu
 
Srada
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Buda
 
Ila
 
Ikswaku
 
putra-putra
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Pururawa
 
 
 
Wikuksi
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Wangsa
Candra
 
 
 
Wangsa
Surya
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Yadu
 
 
 
Puru
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Wangsa
Yadawa
 
 
Wangsa
Boja
 
Wangsa
Paurawa
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Wangsa
Wresni
 
 
 
Wangsa
Barata
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Wangsa
Kuru

Pratélan para raja

[besut | besut sumber]

Ing ngisor iki pratélan para raja ana ing Wangsa Candra. Kitab kang digunakaké dadi réferènsi ya iku kitab Wisnupurana lan Purana liyané.

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 www.parissweethome.com
  2. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 "www.bluefame.com". Diarsip saka sing asli ing 2010-01-17. Dibukak ing 2011-09-08.