Aswatama

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Aswatama

Aswatama iku putrane Drona lan Dewi Wilutama. Wiwit cilik Aswatama ditinggal déning ibune. Aswatama kalatih déning Drona kaya déné Pandhawa lan Kurawa. Dhèwèké éntuk pusaka panah sekti saka ramane, yaiku Panah Cundamanik.

Ing perang Bharatayudha, Aswatama ngerti pokale Prabu Salya kang mbela Pandhawa nalika dadi kusire Adhipati Karna. Dhèwèké nyoba lapur marang Duryodhana, nanging raja Astina iki ora percaya. Aswatama minggat saka Kurusetra.

Ing pungkasane Bharatayudha, Aswatama sesidheman mlebu ing kraton. Dhèwèké matèni kabèh anak-bojone Pandhawa kang isih urip. Pas arep matèni Parekesit, anaké Abimanyu iki mancal keris kang banjur matèni Aswatama.

Bayi Aswatama

Kacarita, Bambang Kumbayana saka Atasangin, awit saka kersane ramane bakal didhaupake karo sawijining endhang atmajane Brahmanaresi ing Madhendha. Nanging, Kumbayana ora saguh. Gelem nambut silahing akrama yen karo widadari ing Kahyangan. Resi Baratwaja (ramane Kumbayana) paring priksa yen wong jejodhoan iku kudu sabobot. Ora samesthine lan ora sabobot yen manungsa ing marcapada ngangkah duwe sisihan widadari.

"Tiyang gesang gadhah pangangkah menika rak kenging-kenging kemawon to Rama? Perkawis kabul lan mbotenipun, menika perkawis nasib," ature Bambang Kumbayana.

Amarga dhawuhe ora diestokake, Resi Baratwaja duka. Kumbayana ditundhung minggat saka padhepokan. Kumbayana nuli oncat saka Atasangin, lunga saparan-paran. Dumadakan, tuwuh krentege nedya ngupadi mitrane kang jenenge Sucitra. Miturut pawarta, Sucitra wis jumeneng ratu ing negara Pancala, jejuluk Prabu Drupada. Kumbayana niyat ngepek kamukten, mula banjur jumangkah tumuju negara Pancala.

Pirang-pirang dina Bambang Kumbayana nasak alas, munggah gunung, mudhun jurang. Nalika lakune tekan gisiking segara, lakune dadi kandheg, awit kepalang samodra kang jembare prasasat tanpa tepi. Amarga adreng karepe kudu tekan Pancala, mula Kumbayana banjur ngucapake pasanggiri, "Sing sapa bisa nyabrangake aku ngliwati samodra iki nganti tekan ing pesisire negara Pancala, yen lanang dakrengkuh dadi kadhang sinorohwadi, yen wadon bakal takdadekake garwaku."

Dumadakan, ana jaran sembrani wadon kang tumurun saka dirgantara. Mbengingeh karo mendhak-mendhak ing ngarepe Kumbayana, ing semu njaluk ditumpaki.

Tanpa mikir dawa, Kumbayana nyengklak jaran wadon iku, banjur digawa mabur ing sandhuwure samodra. Kumbayana ngrasakake kepenak banget numpak jaran sembrani iku, banjur tuwuh nakale. Jaran sinanggama, satemah nggarbini. Jrone 9 sasi 10 dina jaran kekiter ngambah dirgantara. Bareng krasa arep nglairake, banjur niyup mudhun ing pesisire negara Pancala.

Ora let suwe, jaran sembrani nglairake bayi lanang, dlamakane sikil wujud tracak jaran, rambute rambut jaran. Bayi mau diparingi tetenger Bambang Aswatama, tegese jaran linuwih, lan diupakara Bambang Kumbayana.

Deleng uga[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]