Arjuna

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Arjuna
Duryodana
Arjuna.
Jeneng miturut basa
Basa Sanksekerta Arjuna
Jeneng miturut aksara
Dewanagari
aksara Bali
aksara Jawa ꧋ꦄꦂꦗꦸꦤ꧉
Pandhawa
Yudhistira
Bima
Arjuna
Nakula
Sadewa

Arjuna (Sangskreta Arjuna) iku paraga sajeroning wiracarita Mahabharata. Miturut carita padhalangan, Arjuna iku putra Prabu Pandhudéwanata, ratu Astina, klawan Dèwi Kunthi sing angka telu. Mula saka iku, Arjuna banjur sinebut satriya "Panengah Pandhawa". Sedhuluré nunggal rama lan ibu ana loro, ya iku Puntadéwa (Yudhistira) lan Werkudara (Bima). Déné, sedulur nunggal rama séjé ibu ana loro, ya iku Nakula (Pinten) lan Sadewa (Tangsen). Kabèh putrané Pandhu iku disebut Pandhawa, saka linggané tembung Pandhu lan Hawa kang tegesé anak. Dadi cethané tembung Pandhawa iku tegesé anak Pandhu. Déné yèn miturut layang Mahabharata, Arjuna iku saluguné putrané Bathara Indra kang miyos saka Dèwi Kunthi srana Dèwi Kunthi mateg aji panggendhaming déwa aran Adityahredaya (miturut Mahabharata) utawa Aji Kunta Wekasing Rasa Cipta Tunggal Tanpa Lawan (miturut pedhalangan) paringané Resi Druwasa. Mula Arjuna uga sesilih Indratanaya kang tegesé putrané Bathara Indra. Kasatriyané Arjuna ana ing Madukara, patihé asma Raden Surata.

Dasanamané Arjuna,[besut | besut sumber]

Begawan Ciptaning gagrag Yogyakarta
  • Janaka
  • Kiritin/Walikithi
  • Parta
  • Pritaputra
  • Permadi/Pamade
  • Dananjaya
  • Kumbalyali (ing padhalangan asring disebut Kumbang Ali-Ali)
  • Ciptaning Mintaraga (ing lakon Begawan Ciptaning)
  • Pandusiwi/Pandhuputra
  • Indratanaya
  • Jahnawi
  • Palguna
  • Danasmara
  • Margana
  • Gudhakesa
  • Wibatsuh
  • Kandhi Wrahatnala (nalika nylamur laku dadi banci)

Sifat Arjuna[besut | besut sumber]

Wayang saged dados sarana nggambaraken watak lan karakter manungsa. Ing cariyos Mahabharata, wonten tokoh wayang ingkang gadhah sipat ingkang ala lan becik. Ingkang becik inggih punika golongan Pandhawa, lan ingkang ala inggih punika golongan Kurawa. Tokoh Pandhawa punika Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula lan Sahadéwa. Nanging Pandhawa ugi gadhah sipat ingkang kir ang becik, kados ta Arjuna.

Arjuna punika putranipun Prabu Pandhu kaliyan Dewi Kunthi, lairipun Arjuna punika kanthi mantra Adityahreda. Lajeng Arjuna lan sederekipun merguru kaliyan Drona. Kasilipun merguru kaliyan Drona punika Arjuna dados satriya ingkang pinter manah lan gadhah sipat ingkang tansah asih, remen tetulung, mancalaputra mancala putri sekti tanpa aji-aji, nglurug tanpa bala.

Arjuna ugi nggadehi sipat satriya lan nepati janji, mula Arjuna naté ngukum diri ngantos 10 taun wonten ing alas. awit saking sipat satriyanipun Arjuna dipunsebat Lelananging Jagad. Ananging, piyambakipun ugi gadhah sipat ingkang boten becik. Upaminipun inggih punika nalika Arjuna iri kaliyan Ekalaya ingkang langkung pinter anggènipun manah. Arjuna ugi asring ngagungaken dhiri.

Lelanang ing Jagad[besut | besut sumber]

Garwané Arjuna pirang-pirang, kabèh putri éndahing warna (ayu-ayu). Ana anak ratu, anak pandhita, anak déwa, anak taksaka (ula), lan sapituruté. Putrané uga pirang-pirang turta bagus-bagus, umpamané :

Ana salah sijining wanita kang ditresnani Arjuna nanging malah dadi garwané wayang liya, ya iku Banowati. Nanging sawisé rampung Bharatayudha, Banowati bisa dadi siji karo Arjuna, ora kétung mung sewengi.

Satemené bojo (garwa) lan anak akèh iku minangka gegambaran yèn Arjuna dhemen gawé lelabuhan becik (sing dipralambangaké kadidéné putri sulistya). Mula undhuh-undhuhané uga kabecikan sing akèh (dipralambangaké anaké pirang-pirang bagus-bagus lan ayu-ayu). Yèn sing ditindakaké iku pakarti ala, asilé mesthi uga ala.

Arjuna wis naté bangunaké tapa lan madeg pendhita ing Gua Mintaraga kang dumunung ing puncaké gunung Indrakila, kanthi peparab Begawan Ciptaning iya Mintaraga. Arjuna uga tau dadi ratu ing kahyangan Tinjomaya (ngratoni para widodara-widodari) suwéné 7 dina, kanthi jejaluk Prabu Karitin/Kariti iya Wilikithi. Anggoné jumeneng nata ing Tenjomaya amarga Arjuna wis gawé lelabuhan becik marang para déwa kanthi nyirnakaké kraman kang ngrabasa ing kahyangan ya iku Prabu Niwatakawaca, ratu buta saka nagara Manik Ima-Imantaka.peputra

Aji-aji[besut | besut sumber]

Arjuna iku ndarbèni enem aji-aji, ya iku:

  • Palimunan/panglimunan = bisa ngilang.
  • Tunggengmaya = bisa gawé banyu.
  • Sepiangin = bisa mlaku tanpa napak lemah banteré pindha angin.
  • Mlayabumi = bisa ngalahké mungsuh.
  • Pengasihan/sempaliputri = disenengi wong akèh.
  • Asmaragama/kamasutra = ngèlmu saresmi.

Gaman[besut | besut sumber]

  • Pecut Kyai Pamuk
  • Panah Pasopati
  • Panah Harya Sangkali
  • Panah Ardhadehali/Hrudhadhedali
  • Ali-ali Mustika Ampal
  • Trompet Dewadata
  • Keris Pulanggeni
  • Brahmasira/Agniyastra
  • Panah Merdaging
  • Panah Mercujiwa
  • Sarotama
  • Keris Kyai Kalanadhah
  • Busur Kyai Gendhewa

Pungkasan Carita[besut | besut sumber]

Ing Bharatayudha, Arjuna perang tandhing mungsuh Adipati Karna. Abot rasané ati, amarga dhèwèké adu arep karo sedulur tuwa nunggal ibu séjé bapa. Nanging rasa mangu-mangu iki bisa diilangaké déning Prabu Bathara Kresna. Arjuna banjur maju ing palagan tandhing lawan seduluré sing diajeni. Wusanané Adipati Karna gugur ana sajeroning paprangan. Ing perang bharatayuda uga, Arjuna kèlangan kabèh putra-putrané. Nanging putuné, Parikesit, dadi raja ing Astina. Sawisé perang, Arjuna pindhah dadi raja ing Bawanakeling, kang mauné dadi kratoné Jayadrata. Ing bubaran perang uga, kabèh bojoné dipatèni déning Aswatama. Uripé Arjuna rampung bareng karo Pandhawa liyané munggah menyang kahyangan laku liwat Himalaya.

Wandané wayang[besut | besut sumber]

Wandané wayang Arjuna ana lima, ya iku wanda Jimat (anggitané Panembahan Senopati lan Sultan Agung Hanyakrakusuma),wanda Kanyut, wanda Kinanthi, lan wanda Malat. Yèn wayang Arjuna gagrak Yogyakarta wandané ana telu, ya iku wanda Janggleng (rai lan awak kuning/prada) kanggo adegan paseban, sedhih; wanda Yudhasmara (sunggingan rai lan awak kuning, kanggo adegan roman (percintaan); lan wanda Kinanthi (sunggingan rai ireng awak kuning kanggo adegan sawisé metu saka kedhaton utawa kanggo perang).

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti Kuru Paraga liya
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wirata | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha
Topik kagandhèng
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa