Basa Sangsekerta

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Basa Sangskreta)
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Sangsekerta
saṃskṛtam
संस्कृतम्
Tembung saṃskṛtam ditulis nganggo aksara Déwanagari.
Pangucapan [səmskr̩t̪əm]
Tlatah India Agung
Mangsa milénium ka-2-an SM – 600 SM (basa Sangsekerta Wéda), sabubaré iku kulawarga basa Indo-Arya Tengahan tuwuh.
Ajeg dianggo minangka basa sembahyangan (basa Sangsekerta Klasik).
Révitalisasi Ana upaya révitalisasi. Sing ngaku dadi panyaturé ana wong 14.346 (sénsus 2001)[1]
Rupa purwa
Sangsekerta Wéda
  • Sangsekerta
Tanpa aksara asli. Ditulis nganggo manéka aksara saka kulawarga Brahmi.[2]
Status resmi
Basa resmi ing
India
Sandi basa
ISO 639-1 sa
ISO 639-2 san
ISO 639-3 san
Glottolog sans1269[3]

Basa Sangsekerta utawa basa Sangsekarta (saṃskṛtam , asliné संस्कृता वाक् saṃskṛtā vāk, "basa rinengga") iku salah sijining basa Indo-Eropah sing lawas dhéwé lan isih disinaoni. Sejarahé kalebu sing dawa dhéwé, tèks paling tuwa ing basa iki, Rgwéda dianggit ing watara taun 1500 SM.[4] Basa Indo-Eropah liyané sing bisa nandhingi 'umuré' basa iki saka rumpun basa Indo-Eropah namung basa Hitit.[5] Basa Sangsekerta iku basa suci utama agama Hindu lan Buddha.[6] Saiki basa iki kalebu salah siji saka 22 basa resmi ing India. Banjur ing nagara bagéyan Uttarakhand.

basa Sangsekerta Klasik iku basa sing wis dibakokaké déning Pāṇini, ing layang paramasastrané ing watara abad kaping 4 SM. Posisi basa iki ing anak bawana India lan Asia Kidul Wétan mèmper karo posisi basa Latin lan Yunani ing Eropah minangka basa Klasik. Basa Sangsekerta ndarbèni pangaribawa sing gedhé marang sabagéyan gedhé basa ing anak bawana India lan uga ing Asia Kidul Wétan.

basa Sangsekerta saka mangsa pra-klasik diarani basa Sangsekerta Wéda. Basa iki sing dienggo ngripta Rgwéda lan mbokmenawa wis dienggo wiwit taun 1500 SM.

Jeneng[sunting | Owah sumber]

Tembung Sangsekerta, ing basa Sangsekerta Saṃskrtabhāsa tegesé basa sing sampurna. Tembung kriya sifat sáṃskṛta- bisa dipertal minangka "rinoncé, ginawé, dibentuk sacara jangkep, alus, apik, éndah". Tembung iki turunan saka tembung wod saṃ-skar- "ndokok bareng, ngripta, nyepakaké, nyiapaké, nyedyakaké" [7] kamangka saṃ- tegesé "bareng, padha" (kaya ing basa Jawa sami) lan (s)kar- "makarya, nggawé".

Tembung iki sacara umum tegesé "digawé rampung, paripurna, bubar" lan bisa ditemokaké ing Rgwéda. Banjur ing basa Wéda minangka tembung aran nétral saṃskṛtám, iku tegesé uga "préparasi, papan sing disiapaké" lan dadi "papan ritus sing katutup, papan korban".

Minangka tembung kanggo "basa agung" utawa "basa rinengga", tembung sifaté namung muncul ing basa Sangsekerta Wiracarita lan Klasik, kayata ing Manusmrti lan Mahabharata. Basa sing dirujuk minangka saṃskṛta utawa "basa budaya" tegesé mesthi basa "suci" lan "adiluhung" lan namung ditrapaké kanggo kaperlon agama lan diskusi ngèlmiah ing India Kuna. Karepé, tandhingané basa prākṛta-, utawa basané wong cilik sing ora tau sinau.


Sajarah[sunting | Owah sumber]

basa Sangsekerta iku anggota saka sub-rumpun Indo-Iran saka rumpun basa Indo-Eropah. Kerabate sing cedhak dhéwé iku basa-basa Iran: basa Persia Kuna lan basa Avesta. Sajroning rumpun basa Indo-Eropah sing luwih amba, basa Sangsekerta raket karo basa-basa Satem, utamané basa Slavik, Baltik saha Yunani.

basa Wéda[sunting | Owah sumber]

basa Sangsekerta kaya déné sing direkam déning Panini, iku tumuwuh saka basa Wéda. Wiwitané basa Wéda iku ing watara taun 1500-1200 SM. Basa Wéda iku basa sing kanggo nganggit Rgwéda. Para ngèlmuwan biasané mbédakaké basa Wéda saka basa Sangskerta Klasik utawa "basa Panini". Loro-loroné dianggep dialèk sing séjé. Senadyan lorone mèmper, nanging ana sawetara prabédané ngenani fonologi, kosakata, paramasastra lan sintaksis.

Mangsa Weda iki miturut para pakar dipungkasi nalika kitab Upanisad kaanggit.[8] Ing watara taun 1000 SM, basa Wéda wis ngalami transisi saka basa ibu dadi basa kapindho.

basa Sangsekerta Klasik[sunting | Owah sumber]

Kanggo mèh 2000 taun, ana sawijining tlatah kabudayan tunggal ing Asia Kidul, Tengah, Kidul Wétan lan uga Asia Wétan sing nampa pangaribawané basa Sangsekerta.[9] Korpus basa Sangsekerta Pasca-Wéda sing gedhé utamané bisa ditemokaké ing wiracarita misuwur Hindu; Ramayana lan Mahabharata. Senadyan mangkana, ing pustaka-pustaka iki uga ana wangun-wangun basa sing séjé saka paramasastrané Panini. Nanging iki dudu déné unsur-unsur pra-Panini. Wangun-wangun iku bisa diarani "inovasi" utawa pangaruh saka basa Prakreta.[10]

Suruté basa Sangsekerta ing India[sunting | Owah sumber]

Pertalan Alkitab ing basa Sangsekerta mawa Aksara Grantha saka abab kaping 19

Ana sawetara studi sosiolinguistik perkara basa Sangsekerta lisan sing mènèhi kesan menawa basa iki olèhé dienggo sacara lisan iku cupet lan panuwuhané wis mandeg jaman biyèn.[11]

Pangaribawa basa Sangsekerta ing basa Jawa[sunting | Owah sumber]

Delengen uga: Pratélan tembung silihan saka basa Sangsekerta ing basa Jawa

basa Sangsekerta ing kala mbiyèn digunakaké kanggo nulis sadurungé basa Jawa dienggo. Mula saiki akèh banget tetembungan saka basa Sangsekerta sing kalebu ing kosakata dhasar basa Jawa. Tetembungané iki kaya ta: utawa, jala, yuswa, kunci, griya, sirah lan sabanjuré.[12] Ing basa Jawa Kuna, tetembungan Sangsekerta luwih akèh manèh, miturut Profésor Piet Zoetmulder, kurang luwih separo saka 25.500 èntri ing bausastra Jawa Kunané, iku asalé saka basa Sangsekerta.[13]

Fonologi[sunting | Owah sumber]

basa Sangsekerta mbédakaké 48 foném.[14] Ana 13 foném vokal lan ana 36 foném konsonan.[14] Vokal iku diarani svarāḥ lan konsonan diarani Sparśāḥ.[15]

Svarāḥ
a ā i ī u ū ṛ ṝ ḷ ḹ
e ai o au[15]
Sparśāḥ
k kh g gh ṅ; c ch j jh ñ; ṭ ṭh ḍ ḍh ṇ; t th d dh n; p ph b bh m
y r l v
ś ṣ s h
ṃ ḥ[15]

Vokal[sunting | Owah sumber]

Ing basa Sangsekerta ana vokal tunggal, a, ā, i, ī, u, ū, ṛ, ḷ lan vokal dobel: e, ai, o, au.[15] Saliyané iku, lan sok-sokan uga ditambahaké.[16][17]

Miturut Haryati Soebadio, vokal ing basa Sangsekerta diucapaké mèmper ing basa Indonésia.[18] Sing kudu digatèkaké iku vokal-vokal dawa ā, ī lan ū sing kudu didawakaké pocapané mawa tutuk sing luwih kabuka sithik.[18] Banjur ṛ lan ḷ diucapaké er lan el, kaya ing tembung Indonésia bermain lan pelbagai.[18] Ing tradisi Jawa biasané dianggep dadi re.[19] Miturut Monier-Williams, (Déwanagari ) diucapaké kaya ing tembung Inggris merrily.[17] Kamangka (Déwanagari ) pocapané mèmper tembung Inggris marine.[17] Banjur (Déwanagari ) miturut Monier-Williams kudu diucapaké kaya revelry.[17] Menawa (Déwanagari ) pocapané mèmper sadurungé iki nanging didawakaké uniné.[17]

Konsonan[sunting | Owah sumber]

Ing ngisor iki kapacak konsonan-konsonan basa Sangsekerta mawa pocapané ing aksara IPA.[20]

Lambé
Ōshtya
Lambé untu
Dantōshtya
Untu
Dantya
Rétroflèks
Mūrdhanya
Palatal
Tālavya
Velar
Kanthya
Glotal
Letupan
Sparśa
Tanpa aspirasi
Alpaprāna
p [p] b [b] t [t̪] d [d̪] [ʈ] [ɖ] c [c͡ɕ] j [d͡ʑ] k [k] g [ɡ]
Karo aspirasi
Mahāprāna
ph [pʰ] bh [bʱ] th [t̪ʰ] dh [d̪ʱ] ṭh [ʈʰ] ḍh [ɖʱ] ch [c͡ɕʰ] jh [d͡ʑʱ] kh [kʰ] gh [ɡʱ]
Nasal
Anunāsika
m [m] n [n̪] [ɳ] ñ [ɲ] [ŋ] [~]
Sémivokal
Antastha
v [ʋ] y [j]
Likwida
Drava
l [l] r [r]
Swara desis
Ūshman
s [s̪] [ʂ] ś [ɕ] [h] h [ɦ]

Pocapan konsonan Sangsekerta ora béda karo basa Jawa, utamané konsonan rétroflèks ([ʈ]) lan ([ɖ]).[18] Sing kudu digatèkaké yaiku menawa aspira h ing konsonan kh, gh lan sapanjuré kudu diunèkaké.[18] Banjur vokal nasal lan (anusvāra) pocapané mèmper 'ng'.[18]

Paugeran sandhi[sunting | Owah sumber]

Artikel utama: Paugeran sandhi ing basa Sangsekerta

basa Sangsekerta ndarbèni sistém fonologi sing njlimet ngenani sandhi utawa panyambungan antar foném. Ing basa Sangsekerta sistém iki dibakokaké lan akèh aturané.

Tuladha:

  • a + u → o (ca uktam -> coktam "lan kacelathu")[21]
  • o + i → avi
  • t + j → jj (tat janma -> taj janma "kalairan iki")[22]

Minangka tuladha, ana wiwitan saka Carita Nala ing Mahabharata uniné:

āsīd rājā nalo nāma vīrasenasuto balī
upapanno guṇair iṣṭai rūpavān aśvakovidaḥ[23]
(Jarwa: 'Biyèn ana ratu asmané Nala, digdaya putra Wiraséna; asifat rahayu, bagus tur baud ing ngèlmu katuranggan')

Tanpa sandhi tulisané bakal mengkéné:

āsīt rājā nalaḥ nāma vīrasenasutaḥ balī
upapannaḥ guṇai iṣṭai rūpavān aśvakovidaḥ

Sistém panulisan[sunting | Owah sumber]

Mugi Bathara Siwa ngreksa sedaya siswa basaning para Jawata (ukara Sangsekerta déning Kalidasa), ing sawetara aksara turunan Brahmi .

Mula-mulané basa Sangsekerta iku ora ditulis nanging namung diapalaké waé sacara lisan. Tèks katulis kapisan ing rumpun basa Indo-Arya malah dudu basa Sangsekerta nanging basa Prakreta sing bisa dianggep minangka turunane basa Sangsekerta. Nalika iki kalaksanan, pilihan aksarane gumantung saka aksara sing dienggo dening juru tulisé. Meh kabeh jenis aksara saka Asia Kidul nate dienggo nulisake basa Sangsekerta. Ing India, aksara Dewanagari saya akeh dienggo nulisake basa Sangsekerta wiwit abad kaping 19. Bangsa Eropah nganggo aksara Dewanagari lan Latin kanggo nyithak basa Sangsekerta.

Tulisan paling tuwa ing India sing dienggo basa Indo-Arya iku diarani aksara Brahmi. Tulisan iki sing kapisan dienggo nulisake basa Sangsekerta ing abad 1 SM.[24] Nalika basa Sangsekerta ditulisaké, utamané basa kanggo nulis tèks-tèks administrasi, susastra utawa ngèlmiah. Tèks-tèks suci namung dilestarèkaké sacara lisan lan nalika ditulis namung sacara "gelem ora-ora" (miturut salah sawijining komentator) lan nalika ditulis uga wis kalebu jaman mutakir.

Banjur suwe-suwe aksara Brahmi iki dadi tulisan sing séjé-séjé lan akèh ing antarané sing dienggo nulisaké basa Sangsekerta. Kira-kira sajaman karo aksara Brahmi, aksara Kharosthi dienggo ing tlatah lor kulon India. Banjur ing watara abad kaping 4 nganti abad kaping 8 Masehi, aksara Gupta minangka turunané aksara Brahmi dadi umum dienggo. Saka abad kaping 8 Masehi, aksara Gupta nurunaké aksara Sarada. Aksara Sarada banjur diganti déning aksara Déwanagari wiwit abad kaping 11 nganti 12 mawa tahap-tahap antara kayata aksara Siddham. Ing India sisih wétan, aksara Bengali lan sawisé iku aksara Oriya dienggo. Banjur ing India sisih kidul, papané basa-basa Drawida dipituturaké, aksara Pallawa lan turunané akèh dienggo nulisaké. Aksara Pallawa iki uga sing bakal nurunake kabèh aksara Nuswantara.

Tulisan ing prasasti Sangsekerta kapisan saka Nuswantara, asalé saka Pulo Kalimantan lan asalé saka sakiwa tengené abad kaping 4, prasasti iki awujud yupa lan sing ngyasa yaiku Prabu Mulawarman.

Paramasastra[sunting | Owah sumber]

Minangka sawijining basa Indo-Eropah, basa Sangsekerta iku kagolong basa flèksi mèmper basa Latin utawa basa Jerman. Nanging béda karo basa Latin, morfologiné luwih amba. Akèh fungsi-fungsi sajroning ukara dituduhaké mawa sufiks utawa imbuhan akir (contoné panggonan, arah, asal, pasif, kapénginan, larangan lan sapanjuré). Amerga basa Sangskerta iku kagolong basa flèksi, mula urutan tetembungan sajroning ukara bisa bébas.[25] Senadyan mengkono urutan sing lumrah yaiku urutan SOV.[26]

Tembung aran[sunting | Owah sumber]

basa Sangsekerta minangka basa flèksi, nrapaké déklinasi marang tembung aran, tembung sifat, tembung ganti lan tembung sifat-pronominal. Déklinasi dilakokake miturut:

1. Telung jenis kelamin[27]
  1. Maskulin
  2. Féminim
  3. Nétral
2. Telung modus cacah[27]
  1. Singularis utawa tunggal
  2. Pluralis utawa jamak
  3. Dualis utawa dobel
3. Wolung kasus
kasus nominatif, kasus vokatif, kasus akusatif, kasus instrumèntalis, kasus datif, kasus ablatif, kasus génitif lan kasus lokatif[27]

Para pakar saka Donya Kulon mbédakaké 8 kasus ing basa Sangsekerta, nanging Pāṇini namung mbédakaké 6 karaka sing cocog karo kasus nominatif, akusatif, datif, instrumèntalis, vokatif, lokatif, lan ablatif.[28] Déning Pāṇini kasus-kasus iki dipérang kaya mengkéné (Aṣṭadhyayi, I.4.24–54):

  1. Apadana
  2. Sampradana
  3. Karana
  4. Adhikarana
  5. Karman
  6. Karta

Kasus[sunting | Owah sumber]

Kanggo nandhani status saben tembung sajroning ukara, mula kasus dipigunakaké, kasus iki ditandhani mawa imbuhan ing pungkasané tembung.[29]

Ing ngisor iki minangka tuladha kapacak paradigma kasus satunggaling tembung singular deva (Déwa, Gusti utawa Raja). Tembung iki tembung kelamin maskulin lan ndarbèni pokok akir -a[30]:


Tunggal Dualis Jamak Jarwa
Nominatif
(Kartā)
deva-s dev-au dev-ā-s T: "Déwa"
D: "Déwa loro"
J: "Para Déwa"
Vokatif (he) deva (he) dev-au (he) dev-ās T: "Hé Déwa"
D: "Hé Déwa loro"
J: "Hé Para Déwa"
Akusatif
(Karman)
deva-m dev-au dev-ā-n T: "menyang Déwa" lan sabanjuré
D: "menyang Déwa loro" lan sabanjuré
J: "menyang Para Déwa" lan sabanjuré
Instrumèntalis
(Karaṇa)
dev-ena deva-bhyām deva-bhis T: "karo Déwa" lan sabanjuré
D: "karo Déwa loro" lan sabanjuré
J: "karo Para Déwa" lan sabanjuré
Datif
(Sampradāna)
dev-āya deva-bhyām dev-e-bhyas T:"Kagem Déwa"
D: "Kagem Déwa loro"
J: "Kagem Para Déwa"
Ablatif
(Apādāna)
dev-āt deva-bhyām dev-e-bhyas T:"saka Déwa"
D: "saka Déwa loro"
J: "saka Para Déwa"
Génitif
(Sambandha)
deva-sya deva-y-os dev-ām T: "kagungan Déwa"
D: "kagungan Déwa loro"
J: "kagungan Para Déwa"
Lokatif
(Adhikaraṇa)
dev-e deva-y-os deve-ṣu T: "ing Déwa"
D: "ing Déwa loro"
J: "ing Para Déwa"

Tembung kriya[sunting | Owah sumber]

basa Sangsekerta mbédakaké telung werna tembung kriya sing biasa diarani aktif, médial lan pasif.[31][32] Istilah ing basa Sangsekerta dhéwé kanggo aktif iku parasmaipadam lan kanggo médial ātmanepadam.[31] Paraismapadam iku dienggo kanggo wong liya utawa 'transitif' kamangka ātmanepadam iku dienggo awaké dhéwé utawa réflèksif.[31]

Mèmper ing tembung aran, tembung kriya uga didéklinasi mawa telung cacah: singularis utawa tunggal,dualis, lan jamak.[31]

Tembung camboran[sunting | Owah sumber]

Artikel utama: Tembung camboran ing basa Sangsekerta

Kompositum utawa tembung-tembung camboran ing basa Sangsekerta akèh banget ditrapaké, utamané sing magepokan karo tembung aran.[33] Ing basa Wéda tembung-tembung camboran iki isih prasaja.[33] Nanging sawisé iku utamané para pujangga Kāvya olèhé nganggo dadi saya ndadra lan tetembungan kaya mengkéné iki bisa dawa banget kasilé.[33] Sacara nomimal tembung majemuk iku wanguné sacara morfologis sajatiné padha waé, mesthi kabangun saka rong tembung aran.[34] Nanging rong tembung aran iki bisa dadi bagéyan saka kompositum liyané.[34] Saben tembung aran (utawa tembung sipat) ing wujud dhasaré karo unsur pungkasan waé sing didéklinasi miturut kasusé.[33] Miturut Gonda ana lima wangun kompositum, yaiku Dvandva, Avyayībhāva, Tatpuruṣa, Karmadhāraya lan Bahuvrīhi.[35]. Saliyané iku isih ana Dvigu.[36]

Dvandva

Tembung camboran tipe dvandva iku biasané kawujud saka rong unsur tembung aran lan bisa dipertal mawa tembung 'lan'.[37] Tuladhané hastyaśvau "gajah lan jaran" saha sukhaduḥkam "suka lan duka, seneng lan sangsara".[37]

Tatpuruṣa

Tembung camboran iki biasané gabungan antara tembung aran lan tembung kriya.

Avyayībhāva
Karmadhāraya
Bahuvrīhi

Bahuvrīhi iku tembung camboran sing artiné iku wis dadi arti turunan. Contoné tembung bahuvrīhi iku sacara harafiah tegesé "akèh beras" nanging arti turunané dadi "wong sugih" awit wong sing bisa nduwé beras akèh iku wong sing sugih.

Dvigu

Tembung camboran dvigu iku tembung camboran sing dumadi saka rong unsur: tembung wilangan lan tembung aran.[36] Contoné yaiku dvi-gu sing tegesé "regané rong lembu".[36] Dvigu iku sajatiné kalebu tembung camboran tatpuruṣa[36]

Cathetan suku lan réferènsi[sunting | Owah sumber]

  1. ^ "Comparative speaker's strength of scheduled languages − 1971, 1981, 1991 and 2001". Census of India, 2001. Office of the Registrar and Census Commissioner, India. http://censusindia.gov.in/Census_Data_2001/Census_Data_Online/Language/Statement5.htm. Diwiwiti 31 December 2009.
  2. ^ Kaluputan sitat (pangutipan) Tag <ref> ora absah; ora ditemokaké tèks kanggo ref mawa jeneng Banerji_1989
  3. ^ Nordhoff, Sebastian; Hammarström, Harald; Forkel, Robert et al., eds. (2013). "Sangsekerta". Glottolog. Leipzig: Max Planck Institute for Evolutionary Anthropology. http://glottolog.org/resource/languoid/id/sans1269.
  4. ^ Encyclopaedia Britannica, diaksès tanggal 9 April 2011
  5. ^ Dokumèn ing basa Hitit luwih tuwa tinimbang tèks basa Sangskerta sing tuwa dhéwé: Encyclopaedia Britannica diakses tanggal 9 April 2011
  6. ^ basa suci liya agama Buddha iku basa Pali.Encyclopaedia Britannica
  7. ^ "to put together, compose, arrange, prepare", miturut Monier-Williams (1899:1120)
  8. ^ Witzel, Inside the Texts- Beyond the Texts, harvard 1997
  9. ^ Pollock (2001:393)
  10. ^ Oberlies (2003:xxvii-xxix)
  11. ^ Hock, H. "Language death phenomena in Sanskrit: Grammatical evidence for attrition in contemporary spoken Sanskrit" in Studies in the Linguistic Sciences v.13 no.2 1983 Dept. of Linguistics, University of Illinois at Urbana-Champaign Dept. of Linguistics
  12. ^ Poerwadarminta (1953:3)
  13. ^ Zoetmulder (1995:xiv)
  14. ^ a b Gonda (1966:9)
  15. ^ a b c d Haryati Soebadio (1983:1)
  16. ^ Gonda (1966:2,9)
  17. ^ a b c d e Monier-Williams (1899:xxxvi)
  18. ^ a b c d e f Haryati (1983:2)
  19. ^ Zoetmulder (1995:xviii-xix)
  20. ^ http://www.sanskritweb.net/deutsch/ipa_sans.pdf
  21. ^ Gonda (1966:13)
  22. ^ Gonda (1966:14)
  23. ^ http://titus.uni-frankfurt.de/texte/etcs/ind/aind/mbh/mbh.htm?mbh347.htm
  24. ^ Salomon (1998), p. 86
  25. ^ Staal, J.F. (1967), Word Order in Sanskrit and Universal Grammar, Springer Science & Business, ISBN 9789027705495, http://books.google.com/?id=VqihQhNkqu4C&pg=PA28&lpg=PA28&dq=free+order
  26. ^ Gillon, B.S (March 25, 1996), "Word order in Classical Sanskrit", Indian linguistics 57 (1–4), http://cat.inist.fr/?aModele=afficheN&cpsidt=2875140
  27. ^ a b c Haryati Soebadio (1983:9-10)
  28. ^ http://www.chass.utoronto.ca/epc/srb/cyber/man3.html
  29. ^ Haryati Soebadio (1983:9)
  30. ^ Haryati Soebadio (1983:11)
  31. ^ a b c d Haryati Soebadio (1983:33)
  32. ^ Gonda (1966:43)
  33. ^ a b c d Haryati Soebadio (1983:87)
  34. ^ a b Gonda (1966:81)
  35. ^ Gonda (1966:82-84)
  36. ^ a b c d Monier-Williams (1899:504)
  37. ^ a b Gonda (1966:82)

Daptar pustaka[sunting | Owah sumber]

  • (en) Jan Gonda, 1966, A Concise Elementary Grammar of the Sanskrit Language, Tuscaloosa and London: The University of Alabama Press. Translated from the German by Gordon B. Ford, Jr. ISBN 0-8173-0072-4
  • (en) Sir Monier Monier-Williams, MA K.C.I.E., 1899, A Sanskrit - English Dictionary. Oxford: Oxford University Press
  • (jv) W.J.S. Poerwadarminta, 1953. Sarining Paramasastra Djawa. Djakarta: Noordhoff-Kolff N.V.
  • (id) Prof. Dr. Ny. Haryati Soebadio, 1983, Tatabahasa Sanskerta Ringkas, Jakarta: Djambatan
  • (id) P.J. Zoetmulder bekerja sama dengan S.O. Robson, 1995, Kamus Jawa Kuna - Indonesia. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama. Penerjemah Darusuprapta, Sumarti Suprayitna ISBN 979-605-346-4

Uga delengen[sunting | Owah sumber]

Pranala njaba[sunting | Owah sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Basa_Sangsekerta&oldid=950720"