Nakula

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Nakula
Nakula
Nakula.
Jeneng miturut basa
Basa Sangskreta Nakula
Jeneng miturut aksara
Dewanagari
aksara Bali
aksara Jawa ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦤꦏꦸꦭ
Pandhawa
Yudhistira
Bima
Arjuna
Nakula
Sadewa

Nakula iku paraga Mahabharata. Nakula tegesé ‘’bisa nguwasabi awake dhéwé’’. Ing pedhalangan, nalika isih enom Nakula nganggo jeneng Pinten. Pinten iku sejatine jeneng tuwuhan kang godhonge bisa kanggo obat. Kaya jenenge, Nakula lantip ing usada amarga tinitisan Batara Aswi, dewane tabib. Satriya iki salah sijiné Pandhawa lan nduwé kembaran kang jenenge Sadewa. Béda karo Yudhistira, Werkudara, lan Janaka, Nakula lan Sadewa iki lair saka Dewi Madrim. Nalika Pandhu palastra, Dewi Madrim bela pati lan kembar iki lair saka wetengé kang suwek déning keris.

Raden Nakula iku satriya kembar kemanikan. Sedulur kembare aran Raden Sadewa iya Sahadewa. Sekarone putrane nata ing Astina, Prabu Pandhudewanata, lan mijil saka garwa Dewi Madrim, kadang enome Raden narasoma iya Prabu Salya nata ing Mandaraka.Ing Mahabharata, Nakula tegesé ‘’bisa nguwasabi awake dhéwé’’. Ing pedhalangan, nalika isih padha cilik-cilik, Nakula iku arane Pinten, lan kembarane Sadewa aran Tangsen. Pinten iku sejatine jeneng tuwuhan kanmg godhonge bisa kanggo obat, Kaya jenenge, Nakula lan sadewa lantip ing babagan usada amraga satriya sakloron iku titise déwa kembar, Bathara Aswan lan Aswin, dewane tabib. Satriya sakembaran iku kalebu sadulur nunggal rama seje ibu yèn karo Prabu Puntadewa, Werkudara lan Arjuna. Lan satriya lima mau kawentar kanthi aran Pandhawa. Kekarone setya lan bekti banget marang para kadhang sepuhe, sanadyan seje ibu. Prabu Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna mijil saka ibu Dewi Kunthi.

Nalika dumadine perang baratayuda, Prabu salya mèlu Kurawa. Siji mbaka siji senopati Kurawa padha palastra. Nganthi Prabu Salya piyambak sabanjuré nyarirani pribadi dadi senopati agung. Jalaran Prabu salya iku iya isih marasepuhe Prabu Duryudana, nata Astina. Nalika mireng yèn kang madeg senopati agung Prabu salya, para Pandhawa padha bingung. nanging botohe Pandhawa sing sugih pratikel, Prabu Kresna banjur dhawuh marang Nakula lan Sadewa supaya marak ing ngarsane Prabu salya, api-api nyuwun dipateni baé. Mesthi baé Prabu Salya ora mentala matèni perunane iku. Malah banjur atine rumangsa keranta-ranta amarga kelingan amarng adhine (Dewi Madrimm) kang wis sedha bela pati marang Pandhu lan ninggali bayi kembar kang isih abang, ya iku Pinten lan tangsen iku. Mung amarga saka beciking pakartine Dewi Kunthi, bayi kembar iku nadyan dudu putrane dhéwé tetep digula wentah kanthi kebak rasa tresna asih tanprabedha karo anaké dhéwé.

Sajeroning bathine, satemene Prabu salya luwih tresna lan abot marang para Pandhawa iku ketimbang marang mantune. Lan saliyané trenyuh bareng ndeleng Nakula-Sadewa, Prabu Salya uga banjur kelingan marang marasepuhe, Begawan Bagaspati sing sedane amarga saka pakartine Sang Prabu Salya duk isih enome. Sang Begawan nalika sedane ninggal suwara yèn babak nagih janji lumantar ratu kang kasinungan ludira seta, sing ora liya Prabu Puntadewa.

Mula Salya banjur paring dhawuh marang nakula-Sedewa supaya bali, lan meling supaya sing methuake yudane, Prabu Puntadewa. Temenan, bareng tempuking yuda, Prabu Salya nglilakae patine nalika adu arep karo Prabu Puntadewa. Aji-ajine aran Chandabirawa ora kuwan nyedhaki Prabu Puntadewa lan banjur ilang musna. Prabu Salya akhire sedha disawat pusaka Jamus Kalimasada. Kasatriyane Nakula iku ing Bumiretawu, déné Sadewa ing Sawojajar. Garwane nakula kekasih Dewi Srengginiwati kang banjur peputra Dewi Sri Tanjung. Déné Sadewa nggarwa Dewi Srenggini kang sateruse peputra Bambang Widapeksa (Suwidapaksa). Dewi Srengganawati lan Srenggini iku putrane Sang Hyang Badawanganala, dewane bulus, ing Narmada Wailu. Ing lakon Sudamala utawa Durga Ruwat, dicaritakake yèn akhire sawisé klakon ngruwat Bathari Durga, Nakula-Sadewa palakrama anthuk Endhang Suka lan Pradapa, kekarone putrine Resi Tambrapetha saka pratapan Prangalas. Kekarone banjur peputra Raden Saluwita, Pramusinta lan Pramuwati. Yèn pinuju pisowanan ing Amarta lungguhe Nakula Sadewa ngapit ingkang raka Prabu Puntadewa lan kekarone padha ngapurancang.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti Kuru Paraga liya
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wiratha | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha
Topik kagandhèng
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa