Adipati Kahana

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Adipati Kahana iku adipati ing Kadipaten Tunggarana. Kadipaten iki mujudake negara cilik, kikis (tapel wates, perbatasan) antarane Negara Pringgandani lan Trajutrisna. Wiwit kuna, Kadipaten Tunggarana kalebu jajahaning Negara Pringgandani.

Nanging nalika Prabu Sitija jumeneng ratu, Kadipaten Tunggarana didhaku kelebu wilayah Trajutrisna. Saben taun kudu asok bulu bekti (pametu, wulu wetu, pisungsung marang ratu) marang Kraton Trajutrisna. Yen ora manut, bakal diperangi. Amarga rumangsa ora bakal menang sarta ngeman rusaking kawula, pamundhute Prabu Sitija iku disaguhi, nadyan batine cengkah, ora sarujuk.

Adipati Kahana banjur sowan ing Kraton Pringgandani. Bab iku diaturake marang Prabu Kacanagara (Gatotkaca). Sang Prabu banjur nyuwun pirsa marang Kala Sumberkatong, buta sing paling tuwa ing Pringgandani. Duking nguni parampara (juru rembug, penasihat) nalika jaman pamaréntahane Prabu Tremboko. Kepriye mungguh sanyatane, Tunggarana iku kalebu wilayah ngendi?

Manut katrangane Kala Sumberkatong, wiwit mbiyen mula Tunggarana iku klebu wilayah Negara Pringgandani. Biyen isih wujud alas blegedhegan (alas gung liwang-liwung), akeh wit jati. Sasedane Prabu Tremboko, Prabu Arimba kang gumanti jumeneng ratu ing Pringgadani. Kadipaten Tunggarana lagi ana, lan Adipati Kahana dipercaya nyekel panguwasa ing kadipaten iku. Mula, yen Ratu Trajutrisna ngaku-ngaku Tunggarana kalebu wilayahe, iku mung waton ngucap, tanpa nganggo dhasar. Prabu Kacanagara kudu wani ngukuhi. Paribasan sadumuk bathuk sanyari bumi, kudu ditohi pati.

Prabu Kacanagara banjur paring dhawuh marang Patih Prabakesa supaya ngerigake wadyabala buta Pringgadani, pacak baris ing Tunggarana.

Rehne wis setaun Adipati Kahana ora sowan lan ora nyowanake bulu bekti, Prabu Sitija utusan Patih Pancatnyana supaya nyidikake kahanan ing Kadipaten Tunggarana. Ketemune patih rong negara, padha-padha nggegegi benere dhewe. Wekasan dadi bandayuda. Patih Pancatnyana kalah, banjur bali ing negarane. Wadul marang Prabu Sitija, yen Kadipaten Tunggarana dijegi mungsuh.

Prabu Sitija sigra mepak wadyabala, terus budhal menyang Tunggarana. Tekan Tunggarana, sulaya karo Patih Prabakesa, banjur dadi perang ramé. Patih Prabakesa kalah, amarga Prabu Sitija darbe aji Pancasona Bumi. Saben mati bisa urip manèh. Semono uga wadyabala Pringgadani, bisa dikalahake dening Ditya Kala Maudara, Ancakogra, Sinundha, Yayahgriwa, lan Kala Jaga-jaga. Patih Prabakesa lan wadyabalane bali ing Pringgandani.

Munjuk atur marang ratu sesembahane yen perange mungsuh Prabu Sitija kalah. Awit Sitija tuhu sekti mandraguna, kalis ing pati. Prabu Kacanagara kebrongot penggalihe, banjur mabur menyang Tunggarana.

Prabu Sitija diaturi ninggalake Kadipaten Tunggarana, awit iku wilayah Pringgadani wiwit jaman mbiyèn. Nanging Prabu Sitija ora kersa. Pawadane: Tunggarana kalebu wilayah Trajutrisna. Sulayaning rembug dadi perang tandhing rame. Kekarone padha-padha sektine, lan padha-padha nate dijedhi (dijenang) ing Kawah Candradimuka. Nganti pirang-pirang dina anggone perang tandhing, parandene ora ana sing katon menang lan kalah. Wasana disapih dening Prabu Kresna.

Prabu Sitija ora dikeparengake ngumbar angkara murka. Prakara iki sing bener Gathutkaca. Awit wiwit biyen mula, Tunggarana iku kalebu wilayah Pringgadani.