Antaséna

Radèn Antåsénå iku putrå wuragilé Radèn Wêrkudårå lan Dèwi Urangayu, atmajané Sang Hyang Barunå ing kahyangan Råsåtålå kang dumunung ånå Dhasaring Samodrå. Kandhangé tua nunggal råmå séjé ibu ånå loro, yaiku Radèn Antarêjå, lan Radèn Gathutkåcå. Kasatriyané ing Randhukumbålå utåwå Sélåmirah. Radèn Antåsénå kondhang kadidéné satriyå sing gêmblung utåwå koclok, kaladuk sêmbrånå nanging “waskitå ing paningal lan mangêrti sadhurungé winarah” Antåsénå wataké jujur, prasåjå lan dêmên têtulung marang såpå waé sing mbutuhaké pitulungané. Antåsénå lan Wisanggêni iku satriyå kang dadi kêlangênané Dang Hyang Wênang. Mulå marang såpå waé ora tau gêlêm migunakaké båså kråmå, klêbu marang pårå déwå pisan. Antåsénå yèn ngêndhikå cêpla-cêplos åpå anané, ora tau digawé gawé (munafik/lamis) lan ora tau gêlêm dhorå (ngapusi).
Ora bédhå karo kadhangé tuwå sakloron, Antåsénå klêbu satriyå digdåyå. Awaké ora têdhas ditamani saliring gêgaman landhêp, mulå yèn Påncåkara ora tau éndhå. Kadigdayané dumunung ånå ing sunguté cacah loro, kiwa lan têngên. Sungut sing têngên kênå kanggo matèni mungsuh, déné sing kiwå kênå kanggo ngobati wong lårå utåwå nguripaké wong mati sing durung têkan mangsané.
Garwané Radèn Antåsénå asmané Dèwi Jênåkåwati (putrané Arjunå). Nalika arêp dhaup, satêmêné Antåsénå iku durung sênêng mêngku wanitå. Kamångkå nalikå sêmånå sing nglamar Dèwi Jênåkåwati iku akèh Klêbu Radèn Sombå Wisnubråtå såkå Dwåråwati lan Radèn Sarojåkusumå (Lêsmånå Måndråkumårå) såkå Ngastinå. Mulå banjur dianakaké sayêmbårå kang isiné : såpå waé kang biså ngaturaké singsim Akik Mustikaning Tirtå yå iku sing akal disuwitani Dèwi Jênåkåwatii.
Sing biså mênang sayêmbårå mau mêsthi waé Antåsénå amargå pusåkå singsim sing disayêmbarakaké iku kagungané Hyang Barunå, éyangé. Ning nalikå arêp ditêmokaké, Antåsénå iku ora gêlêm salin busånå pinangantèn “Yen gêlêm yå sarungan ngéné iki waé. Aku êmoh nèk ndadhak nganggo dandhan mantèn barang,”. Bab iki kang ndadhekaké dukané calon morotuwané, yaiku Radèn Arjunå.
Mulå Antåsénå banjur diajar nganggo cêmêthi Kyai Pamuk. Niyaté mau sabeneré ora kanggo milårå, nanging kanthi ngèsthi dåyå mukjijat lan kêkuwataning gaib, pingin ndandani calon mantèn lanang iku, supåyå katon luwih sigit citrané. Antåsénå anggoné bêbrayan karo Jênåkåwati pinaringan putrå siji kaparingan têtêngêr Radèn Jåyåsénå yå Jayèngsénå, kang dadi sénåpati Ngastinå sawisé pêrang Baråtåyudå.
Dadi jagoné déwå
Nalikå Antåsénå lair, kahyangan kunggahan parangmukå sratu butå Prabu Kålålodrå såkå nêgårå. Sang Prabu Kålålodrå gawé rusak kahyangan mêrga panglamaé ditampik. Sang Prabu Kålålodrå nyuwun dhaup karo Dèwi Kamaratih, ingkang mangka Dèwi Ratih wis kawêngku garwa dening Bathårå Kamajaya. Mula panuwune ora dipinangkani. Rêhné Prabu Kålålodrå digdaya bangêt, Bathårå Guru sigrå utusan Bathårå Narådå golèk jago ing marcåpådå. Jumujug ing kahyangan Dhasaring Samodrå iya sinêbut Kahyangan Råsåtålå. Ing kono putrané Sang Hyang Barunå kang kêkasih Dèwi Urangayu babaran mijil kakung. Putrané Sang Dèwi kadhawuhan mboyong ing Kahyangan, bakal kanggo jago nyirnakaké Prabu Kålålodrå sawadyabalané.
Dèwi Urangayu masrahaké putrané saugêr déwå tanggung jawab marang kêslametané. Bayi abang iku banjur digawa mênyang kahyangan diadu karo Prabu Kålålodrå. Bayi dicokot guluné, sanalika tatas. Bayi putrané Radèn Wêrkudårå lan Dèwi Urangayu iku tumêkaning pati. Sigrå sinaut Bathårå Narådå, diaturaké marang Bathårå Guru.
Déning Bathårå Guru bayi mau dicêmplungaké ing kawah Candradimuka sarwi tinètèsan tirtå Amrêtå utåwå banyu panguripan. Mijil såkå sajroning kawah wis wujud jåkå tumarunå.
Bathårå Guru paring pusåkå asmå Radèn Antåsénå iya Anantåsénå, kang têgêsé prajurit nggegirisi. Sabanjur Antåsénå kadhawuhan nyirnakake Prabu Kålålodrå sawadyabalané.
Jroning pêrang tandhing mungsuh Prabu Kålålodrå, Antåsénå kasil nyaut siyunge Prabu Kålålodrå, dadi jalaran patiné Ratu Butå iku. Patih Wisåmukå, patihé Prabu Kålålodrå, uga mati såkå tangané Antåsénå. Sukmané Prabu Kålålodrå lan Patih Wisåmukå manjing ing sunguté Radèn Antåsénå, satêmah sunguté Antåsénå digdaya bangêt.
Sapatiné Ratu lan Patihé, wadyåbålå Guwacindraka pådhå tinggal glanggang colong playu golèk urip. Kahyangan bali têntrêm manèh. Déning éyangé Sang Hyang Barunå, Antåsénå sing durung sepiroa yuswané banjur kaboyong bali mênyang Kahyangan Dhasaring Samodrå sapêrlu winêlêg kadigdayan kanuragan. Timbulé Antåsénå mênåwå wis ånå lakon Åntåsénå Takon Båpå utåwå Rabiné Radèn Påncåwålå kang wosing critå mangkéné :
Nalikå Radèn Påncåwålå wus akhir diwåså dipacangake klawan Dèwi Prêgiwati, atmajané Radèn Arjunå. Nanging banjur dijugarake déning Radèn Arjunå, ramané dhéwé, mêrgå énthuk pambujuké Pandhitå Durnå yèn Dèwi Prêgiwati kasuwun bakal didhaupaké marang Radèn Sarojåkusumå iyå Lêsmånå Måndråkumårå, putrané Prabu Duryudånå ing Ngastinå. Radèn Arjunå kang dadi muride Pandhitå Durnå ora wani ndhuwa kersane gurune kuwi. Radèn Arjunå nuli utusan marang putrane, Irawan, supaya ngaturake nawala marang ingkang raka, Prabu Puntadewa, kang isine nawala mbatalake lamarane Raden Radèn Påncåwålå amarga Dèwi Prêgiwati bakal didhaupake karo Radèn Sarojåkusumå (Lêsmånå Måndråkumårå).
Sawisé nawålå di aturaké lan diwaos déning Prabu Puntådéwå, jroning bathin Sang Nåtå Ngamartå rumaos wirang (isin) lan nêlångså bangêt. Amargå ora kuwat nyangga aboting lelakone, satêmah anggané ndrodhog, wajané kêrot, nétrané malih abang angatirah pratåndå yèn ngampêt dukané. Astané sakrakatan, grayah-grayah tanpå kanyånå-nyånå nggêpok ponang sangsangan Robyong tilarané Prabu Yudhistirå, ratu Mrêntani duking uni, sanalikå ilang sipating Prabu Puntådéwå dadi Brahålå Déwå Mambang. Sigrå jumangkah tumuju ing Kasatriyan Madukårå nêdyå ngupadi Radèn Arjunå njaluk supåyå dhèwèké njaluk supåyå diuntapké nyawané amargå wis jêlèh urip ånå marcåpådå. Urip ing marcåpådå iku sêjatiné mung dadi baturé karêp. Yèn Radèn Arjunå ora gêlêm matèni, malah Arjunå kang bakal dipatèni.
Kacaritå Radèn Påncåwålå kang wurung dhaup karo Dèwi Prêgiwati katon rumångså kêråtå-råntå pênggalihé. Pétruk rumångså wêlas marang bêndharané, gyå caos pamrayogå murih Radèn Påncåwålå gêlêm lumêbu ing Taman Kêputrèn Madugåndå (taman Kasatriyan Madukårå), nyidrårêsmi marang Dèwi Prêgiwati. Déné yèn ånå dukané pårå pêpundhèn Pétruk saguh namèngi.
Nalikå Radèn Påncåwålå manjing sajroning taman nyidrårêsmi Sang Dyah Ayu Prêgiwati kêdênangan déning abdi êmban kang banjur monjuk atur marang Radèn Arjunå yèn ing taman Kêputrèn Madugåndå kêlêbon duratmåkå kang nyidrårêsmi Dèwi Prêgiwati. Radèn Arjunå kang lagi nåmpå rawuhé Pandhitå Durnå kang nglarapaké pinanganten kakung dukå yayahsinipi. Banjur paring dhawuh marang pårå putrå Pandhåwå ing antarané Radèn Gathutkåcå, Radèn Abimanyu, Radèn Sêtyaki, Radèn Wêrkudårå lan Radèn Åntårêjå, kang lagi ngayahi tarup supåyå ngrangkèt maling agunå.
Nalikå Pétruk siyågå ånå sajabaning taman dumadakan såkå njêron bum njêdhul satriyå nom-noman. Barêng ditakoni ngaku yèn jênêngé Åntåsénå såkå Kahyangan Dhasar Samodrå. Têkané ånå papan kono niyaté ngupadi sudarmané kang kêkasih Radèn Wêrkudårå iyå Radèn Bråtåsénå. Tukul nalaré Pétruk nêdyå migunakaké kasêkténé Åntåsénå kanggo tamèng anggoné arêp ngadhêpi pårå putrå Pandhåwå lan pårå Kuråwå. Pétruk banjur ngaku jênêngé Wêrkudårå. Ning Åntåsénå ora njur pêrcåyå ngono waé :”Lha jaréné ibu Urangayu, yèn båpå Wêrkudårå kuwi wujudé satriyå gagah gêdhé dhuwur, godhèg wok simbar dhådhå, pakulitané kuning, bléngah bléngah, njênggurêng ning ora mêdhèni?,” pitakoné Åntåsénå
”Lha karang saiki bapak kuwi wis mundhak tuwå, dadi yå wis ora gagah kåyå dhèk jaman isih ênom biyèn,” wangsulané Pétruk.
”Jaréné ibu, båpå Wêrkudårå kuwi ngagêm kampuh polèng bang bintulaji lan rikmané digêlung sinêbut gêlung minangkårå cinandhi rênggå. Wujudé cêndhèk ngarêp, dhuwur mburi ?,”
”Karang wingi kuwi kudanan mulå njur kampuhé ndhak pépé têrus ganti sarung iki. Lha nèk rambut karang wingi lagi mêntas tak cukur dadi mung kari kucir nluncrit ngéné iki” kandhané Pétruk.
”Yèn miturut ngandhikané kaki Barunå, båpå Wêrkudårå iku titikané kagungan kuku Påncånåkå ?,” pitakoné Åntåsénå.
”Karang wingi tak ênggo nyuwili klêmbak … sêmpal … takkêthok. Nèk wrangkané isih tak ênggahké, nèk taknggo sowanan yå mung wrångkå kuwi tak tlusupké njêmpol ngono nggo wangun-wangun”. Åntåsénå takon manèh: “Ha wêtêngmu kok gêdhi?
Wangsulané Pétruk sakênèngé “Wah wis jan sing-sing waé sing ditakokké. … lha tas mangan roti sak plastik kaé mau dadi rådhå warêg mulå wêtêngé rådhå mlêntus.”
”Wah nèk ngono kowé kuwi Bapakku tênan...... aku iki anakmu båpå Wêrkudårå . Pangabêktiku katur yå Båpå,”.aturé Åntåsénå karo nyikêp Pétruk.
”Yå ning ngéné yå lé. Bapakmu saiki lagi susah pikiré mêrgå diarah patiné karo pårå putrå Pandhåwå lan pårå Kuråwå. Aku njaluk tulung mêngko nèk ånå satriyå ngaku putrå Pandhåwå åjå thok wanèni ning gawénên wirang waé. Nèk kêtêmu wong gagah gêdhé dhuwur åjå takoni ning têrus cêmplungnå blumbang. Déné yèn ngaku wong Kuråwå mêngko pênthungånå,”dhawuhé Pétruk.
Kabèh putrå Pandhåwå ora ånå kang biså ngalahaké Radèn Åntåsénå nanging malah pådhå nandhang kêwirangan, déné pårå Kuråwå pådhå babak bêlur mêrgå ditaboki Åntåsénå.
Radèn Åntårêjå gênti kang maju. Barêng klakon adu arêp kåyå ngåpå kagèté, pranyåtå sing mayungi duratmåkå kuwi jêbul Åntåsénå, ”Wooo lha géné jêbul kowé dhimas Åntåsénå sing mayungi duratmåkå lan gawé gègèr ing Kasatriyan. Madukårå ? ,”
“Iyå Kang, amargå aku nåmpå dhawuhé båpå Wêrkudårå lan kêpingin ngatonaké dharmå bêktiku marang sudarmå sing saiki lagi nandhang susah pikiré mêrgå diarah patiné karo pårå putrå Pandhåwå lan pårå Kuråwå,”
” Hårå jajal aku tak takon Kangjêng råmå Wêrkudårå kuwi sing êndhi lan saiki lênggah ånå ngêndhi,?,” pitakoné Radèn Åntårêjå.
“Båpå Wêrkudårå kuwi rak kaé tå kang sing rambuté dikucir lan wêtêngé gêdhi,” wangsulané Åntåsénå karo nudhingi Pétruk.
”Dudu!. Kaé jênêngé Pétruk drajaté mung Pånåkawan,”
“Lha njur Båpå Wêrkudårå kuwi tenane sing êndhi?,”
“Råmå Wêrkudårå kuwi sing lênggah nèng pêngkêran kaê,”
“Pancèn wêdhus èlèk tênan, jêbul aku diapusi karo Pétruk. Tiwas mau Båpå Wêrkudårå mau jêmpalani aku njur tak jêgurké blumbang,”.
“Wis kånå saiki kowé sowan Råmå ngaturaké sungkem pangabêkti lan nyuwun pangapura anggonmu wus kumawani nyemplungke blumbang marang kangjeng rama,”.
Bareng wis padha lejar penggalihe, Pétruk banjur walåkå yen anggoné darbé pakarti ngaku Wêrkudårå kuwi yektine mêrgå wêlas marang Radèn Påncåwålå kang bakal wurung anggoné dhaup klawan Dèwi Prêgiwati. Kanti ngaku Wêrkudårå, Pétruk biså nyilih tênagané Radèn Åntåsénå kanggo ngadhêpi pårå putrå Pandhåwå lan pårå Kuråwå kang nyêdyå mikut duratmåkå ing Kêputrèn Madugåndhå .
Kacaritå Radèn Arjunå dupi mirêng palapuran yèn pårå putrå Pandhåwå yèn pådhå nandhang kêwirangan, Midanget aturé pårå putrå Pandhåwå, sanalikå Radèn Arjunå dukå yayah sinipi, sigrå musthi jêmparing Sarotåmå kinaryå nyirnakaké Åntåsénå. Durung nganti kasêmbadan sêdyané katrênjuh praptané Brahålå Déwå Mambang njaluk supåyå diuntapké nyawane amargå wis jêlèh urip ånå marcåpådå. Urip ing marcåpådå iku sêjatiné mung dadi baturé karêp. Yèn Radèn Arjunå ora gêlêm matèni, malah Arjunå kang bakal dipatèni.
Bola bali Radèn Arjunå namakaké manéka warnå gêgamané kang ampuh nanging Sang Brahala ora biså disirnaké. Brahålå Déwå Mambang nggero, banjur ngancap Arjunå nêdyå dipatèni. Ora kuwat nadhahi pangamuké Déwå Mambang, Arjunå mlayu golèk pangayoyan.
Playuné Radèn Arjunå tumuju ing Dwåråwati sowan Prabu Krêsnå nyuwun pangayoman. Prabu Krêsnå saguh ngayomi, saugêr manthèn såkå Ngastinå diwurungaké lan Påncåwålå didhaupké klawan Dèwi Prêgiwati . Radèn Arjunå nyaguhi.
Prabu Krêsnå paring dhawuh supåyå Arjunå bêbarêngan karo Radèn Påncåwålå lan Dèwi Prêgiwati pasrah bongkokan marang Brahålå Déwå Mambang. Prabu Krêsnå paring iguh, Arjunå kadhawuhan mangku Påncåwålå ing pupu têngên lan Dèwi Prêgiwati ing pupu kiwå. Pasrah pati urip marang Brahålå Déwå Mambang .
Iguhé Prabu Krêsnå dièsthokaké. Barêng mirêng yèn Påncåwålå bakal didhaupaké karo Dèwi Prêgiwati sanalikå lilih dukané Brahålå, badhar dadi Prabu Puntådéwå. Wasånå Radèn Påncåwålå klakon dhaup klawan Dèwi Prêgiwati.
Patine Antasena
Ing lakon Kresna Duta kang dadi pepucuking perang Baratayuda, Wisanggêni lan Antasénå sowan ana ngarsane Sang Hyang Pådhå Wênang ing kahyangan Ngondar-andir Bawana, saperlu nyuwun supaya dikeparengake ngrewangi wong tuwane dadi Senapati ing perang Baratayuda. Dening Sang Hyang Wenang diparingi priksa “ …yen kita menangi perang Baratayuda, Pandhawa bakal asor jurite, kosokbaline yen kita boya menangi perang Baratayuda, Pandhawa bakal unggul yudane. Kita kena milih salah sijine Kulup,”
“O yen mangkono aku lan kakang Antasena milih ora menangi perang Baratayuda wae kaki Padha Wenang, wathon para pepundenku Pandhawa bisa wutuh lan unggul yudane,” ature Raden Wisanggeni.
“Yas Ulun udhaneni panuwun kita Ngger Wisanggeni,”
Wisanggeni nuli sumela atur,”Nanging ndadekna pamriksamu Kaki Padha Wenang, iki mengko calone Baratayuda bakal wurung amarga ana kang dadi pepalange yaiku kaki Bathara Kålå lan Bathari Durga. Kaki Kala kuwi tansah ngancam nedya mangsa pepundhenku Pandhawa. Wong atuwaku Pandhawa bakal dimangsa dening kaki Kålå, jalaran dianggep wong sukerta. Mangka ora ana sing bisa ngalang alangi krodhane kaki Kålå. La yen Pandhawa nganti dimangsa, Baratayuda rak ora sida. Mula, aku njaluk rerigen marang kaki Wênang kepriye anggone nyirnakake kaki Kålå lan Bathari Durga?,”
“Kita aja was sumelang, iki ulun paringi ngampil pusaka gada Inten kanggo mungkasi uripe Bathara Kala lan Bathari Durga. Pusaka iki aturna marang wayah kanakeyan Bathara Kresna. Sawise kita rampung anggone ngayahi nyirnakake Bathara Kala lan Durga, tumuli baliya sowann ana pangayunan ulun kita bakal ulun paringi swarga minulya,”
“Ya kaki Wenang, aku lan kakang Antasena nyuwun pamit budhal menyang negara Wirata,”
“Ya.ya…kang ngati ati ngger Wisanggen lan Antasena,”
Kacarita, ingkang kinarya sambeting carita nenggih kang wonten ing kraton Wiratha. Sang Mahaprabu Matswapati den adhep para wayah Pandhawa lan nampi rawuhnya sang Prabu Kresna. Kang den rembak ora liya among pangancame Bathara Kala kang nedya mangsa para Pandhawa. Tanpantara dangu kasaru pisowanipun Raden Wisanggeni lan Antasena ingkang ngaturake pusaka Gada Inten kinarya nyirnakake Bathara Kala lan Batahri Durga. Prabu Kresna banjur salin wujud dadi Bathari Durga, nedya ngayahi nyirnakake Bathara Kala.
Ing alun alun Wirata, Bathara Kala wis kelakon ndhahar sajen tawur perang lan nedya mangsa para Pandhawa. Dumadakan Bathara Kala nampa rawuhe Bathari Durga tiron maringi priksa yen Pandhawa supaya tumuli sirna kudhu disirnakake srana pusaka Gada Inten. Nalika Bathara Kala arep nampani gada Inten, banjur kakeprukake dening Bathari Durga tiron satemah Bathara Kala sirna margalayu. Prabu Kresna nuli nganggo agemane Bathara Kala saperlu nemoni Bathari Durga. Bathara Kala pindhawarni iku matur marang Bathari Durga yen kalah anggone perang mungsuh Pandhawa, lan nyuwun pambiyantune Bathari Durga. Mula Bathari Durga banjur kaaturan ngempit gada inten ana ageman kasmekan. Bathari Durga tumekaning pati nalika ngempit gada Inten ing kasumekane. Nuli Prabu Kresna paring dhawuh marang Wisanggeni lan Antasena supaya ngundhurake gada inten marang Sang Hyang Wenang.
Pagedhonganing carita, Wisanggêni lan Antasénå wis bali ngadhep ana ngarsane Sang Hyang Padha Wenang. Sawise ngundhurake pusaka gada Inten, satriya sakarone kaparingan swarga minulya kanthi digulung jagadé déning Sang Hyang Wênang.