Yudhisthira

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Yudhistira

Puntadewa utawa Yudhistira ing Wayang Kulit
utawa Yudhistira ing Wayang Kulit

Jeneng miturut basa
Basa Sangaskreta Yudhiṣṭhira
Jeneng miturut aksara
Dewanagari युधिष्ठिर
aksara Bali
aksara Jawa

Jeneng Yudhistira, ing carita Jawa, asline dianggo déning raja jin ing alas Mertani. Ing lakon Babad Alas Mertani, Pandhawa kasil ngalahake jin-jin ing alas iku. Yudhistira manjing ana ing ragane Puntadewa, pembarepe Pandhawa. Jeneng Yudhistira luwih kondhang dienggo déning Puntadewa kang banjur dadi raja ing Amarta, Indraprasta, iya Cintakapura, utawa Batanakawarsa, sing tilas alas Mertani.

Ing Mahabharata, Yudhistira (utawa tinulis Yudisthira) iku ya Puntadewa dhewe. Dhèwèké lair saka bun-bunan Dewi Kunti, mula saka iku dijenengi Puntadewa kang tegese punjering kaluhuran. Yudhistira dhéwé maknane raja prajurit. Ing Mahabharata, Pandhawa duwé bojo kang padha, ya iku Dewi Drupadi (poliandri). Nanging ing wayang, Drupadhi iku bojone Puntadewa. Seka jejodhoan iki nuwuhake Pancawala.

Pandhawa
Yudhistira
Bima
Arjuna
Nakula
Sadewa

Ing padhalangan, Puntadewa iku putra pembarepe Prabu Pandhu Dewanata (ratu Astina) lan Dewi Kunti. Dasanamane Yudhistira ya iku, Darmakusuma, Darmaputra, Darmaraja, Darmawangsa, Wijakangka(Dwijakangka), Gunatalikrama,Samiaji, lan Sang Ajathasatru. Miturut layang Mahabharata,salugune Puntadewa putrane Bathara Dharma, dewane keadilan, srana Bathara Dharma manunggalake rasane karo Dewi Kunthi kang mateg dayane aji Adityahredaya (yen miturut padhalangan "mateg aji Panggendaming dewa" kang aran Puntawekasing Rasa Tunggal Sabda tanpa Lawanan). Rehne bab mau rinasa kurang trep ing bebrayan Jawa, mula déning para pujangga kita banjur diowahi, di jumbuhake laro tuntunan budaya Jawa lan kapribaden Jawa kang isine yane peputra ora karo bojone dhéwé iku klebu tumindak sing nistha. Mulane ing carita padhalangan, Puntadewa iku putrane Prabu pandu, ratu ing Astina (Ngastina) lan Dewi Kunthi, dene Bathara Dharma iku dadi bapa angkate, kang uga banjur manitis ana anggane untadewa. Mula saka iku, Puntadewa uga sinebut Darmakusuma. Garwa prameswarine Prabu Puntadewa iku mung siji, Dewi Drupadi, putrine Prabu Drupada, ratu ing nagara Pancala iya Cempala. Karo Dewi Drupadi banjur peputra siji aran Pancawala.

Ing versi Mahabharata India, Yudhistira pinter olah kaprajuritan lan gagah nalika perang. Yudhistira iku artine raja prajurit. Nanging ing carita Jawa, Yudhistira iya Puntadewa iku kondhang kadidene titah ludira seta. Kang mengkono mau kagawa saka watake sing jujur, salawase urip ora gelem dhora (ngapusi. Dhemen tetulung kepara apa sing didarbeki yèn dijaluk wong liya diwenehake. Mula Puntadewa uga kondhang sinebut manungsa lega donya lila ing pati.

Minangka tuladha, ing lakon Indrajala Maling (lakon carangan), Prabu Puntadewa ditembung dijaluk patine kanggo numbali wewalak ing nagara Buluketiga. Sang Prabu ya manut. Dhirine dipasrahake. Ngenani wewatakane paraga siji iki, oncek-oncekane utawa anggone ndudah kudu permati. Awit akèh bab-babe sing rasane angel ditrapake ing sajroning penguripane wong sawantah.

Ing lakon Baratayuda, Prabu Puntadewa tetep nglenggahi watake sing ora gelem ngapusi. nalika Pandhita Durna madeg senopati agung, kabèh Pandhawa rumangsa bingung. Sebab, dikaya ngapaa wae Pandhita Durna iku gurune Pandhawa. Apa iya murid arep wani marang gurune ?

Untung Prabu Kresna ora kurang iguh pertikele. Terus sing didhawuhi ngadhepi Pandhita Durna iku putra Pancala, Raden Dhresthajumena. Kresna mung dhawuh marang Werkudara supaya merjaya gajah titihane senopati pengampinmg (Prabu Prameya) kang aran Gajah Esthitama. Sawise gajah kelakon mati dikepruk gada Rujakpolo, kabèh wadya Pandhawa banjur kadhawuhan alok yèn Esthitama mati. Pamirenge Pandhita Durna sing mati mau Aswatama. Mula Pandhita Durna banjur nglumpruk otot bebayune, kaya wis kelangan daya. Kanthi ati sing bingung, urna banjur takon mrana-mrene, kalebu marang para panakawan, marang Werkudara, arjuna, Nakula, sadewa, lan sapitutrute. Kabeh anggone mangsuli padha gelem dhora yèn Aswatama pancen mati. Durna akhire takon marang Puntadewa. bareng ditakoni kaya mengkonmo mau mesthi wae Sang Prabu bingung banget, mosok arep goroh ?

Dibisiki karo Prabu Kresna yèn kala-kala wong kena goroh sethitik-sethitik ora apa-apa, nanging Puntadewa tetep puguh ora gelem goroh. Kresna golek cara liya, supaya anggone matur marang Durna nalika ngucapake tembung ësthi"sing lirih banget wae, dene anggone ngucapake tembung "tama"sing cukup sero.

Tenan, diucapake déning Prabu Puntadewa ngono iku. Saka pangrungune Pandhita Durna, Aswatama mati, mula Durna banjur nglumpruk ing sangarepe Puntadewa, ning Sang Prabu banjur digandheng Kresna sumingkir saka papan kono. Karimijen tanpa daya, Durna ketekan Dhresthajumena kang wis kepanjingan yitmane Prabu Ekalaya iya Palgunadi kang pingin males ukum. Kanthi pedang ligan, Pandhita Durna ditigas janggane, satemah pralaya.

Prabu Puntadewa sing sabar tur banget lila-legawa pambegane iku tau diapusi Kurawa lumantar Patih Sangkuni srana kasukan main dadu kanthi totohane nagara. Satemah para Pandhawa sakadang kudu gelem nglakoni dadi wong buangan ing alas suwene 12 taun. Ing pakeliran pusakane kang asring dadi kembang lambe dhalang ya iku Jimat Kalimasada Pustaka Jamus. Ana uga Payung Kyai Tunggulnaga lan tombak tumbak Kyai Karawelang, lan sangsangan robyong (tilarane Prabu Yudhistira, ratu Mertani) kang dayane, manawa Puntadewa nesu lan astane nganthi nyeggol kalung iki, sanalika sarirane salin wujud dadi brahala utawa buta kang gedhene sagunung anakan kanthu kulit putih kang apraceka Dewa Amral iya Dewa Mambang.

Ing pungkasaning carita, Puntadewa munggah swarga bareng karo sedulur-sedulure. Puntadewa bareng karo asune moksa sing pungkasan. Tinimbang Pandhawa liyane, raja iki luwih resik atine. Ora kumalungkung, ora sok kuwasa, jujur, lan ngugemi agama kanthi ngati-ati.

Ing sorga, Puntadewa ora trima amarga sedulur-sedulure padha mlebu neraka. Dhèwèké njaluk supaya melu mlebu neraka. Kamangka, para Kurawa malah enak-enak ana surga. Jebul iku mung sawetara. Pandhawa kudu nglebur dosa dhisik sawetara banjur mlebu surga. Dene Kurawa bisa ngrasaake endahing swarga amarga ana sawetara kabecikan, nanging ora akeh. Sawise Kurawa ngrasakake sorga banjur dilebokake ana ing neraka.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti Kuru Paraga liya
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wirata | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha
Topik kagandhèng
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Yudhisthira&oldid=1082447"