Menyang kontèn

Abyasa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Abyasa utawa Abiyasa utawa Byasa

Bagawan Abyasa utawa Begawan Abiyasa[1] utawa Wiyasa iku diarani sing nggubah wiracarita Mahabharata. Miturut Padhalangan, Abiyasa iku putrané Begawan Palasara (Parasara) lan Dèwi Durgandini, putri Wiratha.[2] Padhepokane Begawan Abiyasa ing Wukir Saptaarga.[1]

Jeneng Abiyasa ing layang Mahabharata diarani Wiyasa, déné ing padhalangan disarani Abiyasa. Nalika enomé naté jumeneng nata ing Astina kanthi jejuluk Prabu Kresnadwipayana.[1] Kejaba iku Abyasa uga duwé asma Dewayana (jalaran duwé sipat-sipat kang kaya déwa), Sutiknaprawa (wong kang wicaksana), lan Rencakaprawa (demen tetulung marang liyan sing lagi nandhang cintraka). Patihé asma Jayaprayitna. Garwané Abiyasa ana telu : ya iku Dèwi Ambika, atmajané Prabu Darmamuka ratu ing nagara Kasi (Kasindra) iya Swantiupura, peputra Dhestharastra (Dhestharata), 2. Dewi Ambalika, rayiné Dewi Ambika peputra Pandhudewanata, 3. Dewi Datri, wanita saka keturunan Waisya (ing sekawit dadi perekané Dèwi Ambika) peputra Yamawidura (Widura).

Sawisé Pandhu diwasa, keprabon Astina di pasrahaké marang Pandhu jalaran kangmasé, Dhestharastra, duwé cacat netra (wuta). Abiyasa nuli mbanjurake anggoné mertapa ing pertapan Wukit Retawu. Kagawa saka genturing kasutapané, Begawan Abiyasa bisa priksa sadurungé winarah. Ngerti lelakon kang bakal dumadi. Yuswané Begawan abiyasa dawa banget. Miyosé barakané Resi Bisma (Dewabrata). Sedané Abiyasa ing sawisé Baratayuda kanthi dipethuk nganggo kretacahya.

Lampahaning urip

[besut | besut sumber]

Kelairan

[besut | besut sumber]
Raden Kresnadwipayana (Kresnadipayana)

Abiyasa kang nalika isih timur (cilik) kekasih Raden Kresnadwipayana (Kresnadipayana) iku putrane Begawan Palasara lan Dewi Durgandini (Dewi Lara Amis).[3]

Nalika semana Begawan Palasara mbujung manuk emprit sajodho, nyusulake indhil papat sing mangap-mangap njaluk diloloh. Abure manuk ngungkuli Kali Jamuna (Yamuna). Pambujunge kandheg, nuli golek sarana kanggo nutugake laku. Wusana ketemu juru satang (tukang nglakokake prau) wanita sing sesilih Dewi Durgandini, sing nandhang lara amis.

Amarga diusadani dening Begawan Palasara, ganda amise Dewi Durgandini (Dewi Lara Amis) sirna. Sang Dewi banjur angganda wangi nganti sayojana dohe (1 yojana =112 kilometer). Wiwit dina iku, Dewi Durgandini uga sinebut Dewi Sayojanagandi.

Dewi Durgandini ya Dewi Sayojanagandi netepi prasetyane, pasrah jiwa raga marang Begawan Palasara. Ana ing ngendi papan, Begawan Palasara bakal disuwitani.

Begawan Palasara kang dhasare wus katuwuhan rasa tresna marang Dewi Durgandini, nuli nyipta pedhut (kabut) kang anglimputi prau, satemah prau iku ora bisa kadulu. Begawan Palasara banjur nindakake satatane wong bebojoan ing prau iku.

Awit saking rosane Begawan Palasara anggone "nggenjot", satemah prau sing dititihi sigar dadi loro. Begawan Palasara lan Dewi Durgandini sigra nglangi tumuju pulo kang ana ing tengahe Kali Jamuna.

Kacarita prau kang sigar dadi loro, lambunge prau kiwa lan tengen salah kedaden dadi jalma manungsa loro cacahe, wujud satriya kembar. Dening Begawan Palasara kaparingan tetenger Raden Rupakenca lan Raden Kencakarupa. Memalane (penyakite) Dewi Durgandini dadi manungsa setengah yaksa, kaparingan jeneng Raden Rajamala. Wilah (dhayung) prau loro dadi kethek ireng mulus lan ula. Ketheke dijenengi Tunggulwulung, ulane dijenengi Watangaputung. Ganda amise Durgandini dadi satriya, dijenengi Raden Gandawana. Set utawa singgate Dewi Durgandini uga dadi satriya, dijenengi Raden Setatama. Yuyu sing nemplek ing lambung prau, dadi putri ayu, dijenengi Dewi Rekathawati. Kabeh manungsa salah kedaden mau banjur diayomi lan diaku putra dening Begawan Palasara.

Sangang sasi langkah sepuluh dina sawise lambangsari (salulut, cumbana, saresmi) karo Begawan Palasara, Dewi Durgandini nglairake putra kakung ing pulo iku. Pasuryane bagus njenthara, mung pakulitane ireng mawa cahya. Dening Begawan Palasara bayi mau kaparingan kekasih Raden Wiyasa ya Raden Abiyasa, tegese wong sing tansah ulah kautaman. Uga sinebut Raden Kresnadwipayana, awit pakulitane ireng lan lair ing sawijining pulo.

Pulo kang dumunung ing satengah-tengahe Kali Jamuna iku akeh gajahe. Alase kaparingan jeneng alas Kurujenggala. Dening Begawan Palasara dibabad, satemah dadi kadhaton endah kang kaparingan tetenger Kadhaton Gajwaya, tegese misuwur gajahe. Suwening suwe gampange wong ngucap dadi tembung Gajahoya.

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 [Sudjono, Irwan, (2000), Madu Sari Kawruh Wayang Purwa, Surakarta: Cendrawasih]
  2. "Abiyasa". Diarsip saka sing asli ing 2011-03-24. Dibukak ing 2012-07-23.
  3. Mulyantara, Mulyantara. Majalah Jaka Lodhang. sseratan.blogspot.com. kc. cover Tokoh Wayang.

Uga delengen

[besut | besut sumber]