Menyang kontèn

Sang Hyang Wenang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sang Hyang Wenang utawa iku garwa saka Déwi Wiranti putri saka Sang Hyang Rekatatama, lan bapak saka Batara Ismaya (Semar), Batara Antaga (Togog) lan Batara Manikmaya (Bathara Guru).

Ing lakon Déwa Ruci, Sang Hyang wenang dadi Déwa Ruci lan ketemu Bratasena ing Sagara Kidul. Wujudé ing wayang kulit iku ukurane cilik, saukuran karo wayng kulit sing wadon. Sang Hyang Wenag ing carita wayang kulit arang-arang dimainake, amarga lakon-lakon sing mbutuhake dhèwèké uga sithik. Kahyangane Sang Hyang Wenang ing Ondar – andir Bawana utawa Alang Alang Kumitir

Silsilahe Sang Hyang Wenang

[besut | besut sumber]

Silsilahe Sang Hyang Wenang manut carita pedhalangan: Kangjeng Nabi Adam nggarwa Siti Hawa, peputra Kangjeng Nabi Sis. Kangjeng Nabi Sis nggarwa Dewi Mulat (widadari saka swarga), peputra loro, ya iku:

  1. Sayid Anwas, banjur nurunake para nabi sapiturute, sinebut sajarah panengen.
  2. Sayid Anwar, sawisé jinurung sasedyane, bisa dadi manungsa digdaya, bebisik Sang Hyang Nurcahya, kang nurunake para déwa.

Sang Hyang Nurcahya nggarwa Dewi Rini, putrane Prabu Nuradi, ratuning jim ing pulo Maldewa, peputra siji, bebisik Sang Hyang Nurrasa. Sang Hyang Nurrasa nggarwa Dewi Sarwati, putrane Prabu Warangin, ratuning jim ing pulo Darma, peputra telu, ya iku: 1). Sang Hyang Darmajaka (Sang Hyang Purba), 2). Sang Hyang Wenang (Sang Hyang Wisesa). 3). Sang Hyang Taya (Sang Hyang Wasesa). Déwa telu iku kang mencarake para déwa, para nata, para satriya sepepadhane, kang sabanjuré kanggo carita lakon ringgit purwa.

Sawijining dina, Sang Hyang Wenang menggalih surasane Pustakadarya, njalari kapéncut marang lelakone ingkang éyang Sang Hyang Nurcahya, satemah banjur sengsem ulah tapa brata. Awit saka iku, Sang Hyang Wenang banjur nganglang jagad, saenggon –enggon tarak brata matiraga, ora béda karo ingkang éyang Sang Hyang Nurcahya. Wasanane Sang Hyang Wenang akaghyangan ing puncake Gunung Tunggal ing Pulo Déwa, nyipta kahyangan kang luwih déning éndah, sinebut Ondar –andir Bawana. Bareng olehe akahyangan ana ing puncake Gunung Tunggal wis 300 taun lawase, para ratuning jim sakawulane akèh kang padha ngidhep marang Sang Hyang Wenang. Sawijining dina, Sang Hyang Wenang dilurugi Prabu Ari ratu ing Keling, sabaline. Nganti sawatara suwéné Prabu Ari ngadu guna kasantikan lumawan Sang Hyang Wenang. Nanging wasanane Prabu Ari kasoran, banjur nungkul sarta ngidhep marang Sang Hyang Wenang. Putrane putri Prabu Ari kang sesilih Dewi Saoti kagarwa Sang Hyang Wenang, peputra telu, ya iku:

  1. Sang Hyang Tunggal.
  2. Sang Hyang Ening.
  3. Dewi Yati (Suyati).