Togog

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Togog

Togog iku saka kulawarga punakawan sabrang, wiyasa mau uga minangka Lurah Wijamantri. Pasangan wayangé ya iku Bilung. Togog iku titisané saka Sang Hyang Antaga, sing isih seduluré karo Ismaya lan Sang Hyang Manikmaya. Ing sajeroning carita pewayangan, Togog digambaraké ora bisa setia marang ndarané. Togog aduwé sipat bosenan, ora sregep lan seneng pindhah-pindhah lan gonta-ganti gawéan, pindhah marang bandhara siji lan liyané

Asal-usul[besut | besut sumber]

Kacaritan, Togog iku sajatiné putra Raja Déwa kang lair sadurungé Semar, ananing amarga ora bisa ngayomi donya, Togog bali nèng asalé.[1] Ing wektu iku bebarengan lairé Semar.[1]
Ing naskah Purwakanda, dicaritakaké Sang Hyang Tunggal arep bali néng alam kéabadian lan takhta kahyangan bakal diwarisaké néng Samba.[1] Sang Hyang Tunggal duwé 4 putra, ya iku Batara Puguh (mengkoné dadi Togog), Batara Punggung (mengkoné dadi Semar), Batara Manon, lan Batara Samba.[1] Warisé takhta ing Samba dadi mèriné sadulur 3 liyané.[1] Titah Sang Hyang Tunggal iku mutlak.[1]
Sedulur 3 mau banjur nyulik Samba, dhèwèké disiksa banjur arep dipatèni.[1] Sang Hyang Tunggal ngonangi kadadéan iku, banjur ngutuk putra-putrané.[1] Puguh ganti jeneng dadi Togog, Punggung dadi Semar.[1] Loro-loroné mudhun ana donya kanggo ngladèni keturunané Samba, kang agelar Batara Guru.[1] Déné Manon, éntuk pangapura wong mung mèlu-mèlu, agelar Batara Narada lan diangkat dadi penasihaté Batara Guru.[1]

Lakon[besut | besut sumber]

Togog alelaku dadi abdi kang momong 'tedhak turuning braham', ya iku para satriya kang duwé watak angkara.[2] Ayahan mligi ya iku ngélingaké para satriya kang diemong supaya insyaf saka lelaku èlèké lan bali nèng laku kabecikan.[2] Togog uga kerep dijaluki panemu ngenani para mungsuh kang diadhepi satriyané, amarga Togog duwé wawasan kang jembar ngenani para satriya ing donya pewayangan.[2]
Ayahan mligi pancèn ngélingaké bandharané supaya batal niyat eleké, nanging Togog ora tau meksa supaya bandharané turut lan nglakoni pituduhé.[2] Malah kerep, amarga pituduhé, Togog disengeni lan disiksa bandharané nganti diusir.[2] Ayahan kang abot banget, nanging Togog teteg karo laku uripé ing donya pewayangan.[2] Totog tetep nglakoni lakuné, kanthi jembar ati, saka kraton siji nèng kraton liyané kang dipréntah ratu kang angkara.[2]

Rujukan[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k Kresna, k. 95-96.
  2. a b c d e f g Kresna, k. 98.

Bibliografi[besut | besut sumber]

  • Kresna, Ardian (2012). Punakawan: Simbul Kerendahan Hati Orang Jawa. Yogyakarta: Narasi. ISBN 978-979-168-307-4. 

Cithakan:Paraga wayang