Alengka

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Alengka utawa Krajan Alengka utawa Lanka (Sansekerta: लंका ; "lankā", maknané “pulo”) iku jeneng sawijining krajan sing madeg ing sawijining pulo ing sisih kidul India sing diprintah déning Raja Rawana ing jaman Ramayana. Ing jaman saiki, krajan kasebut dikenal kanthi jeneng Sri Lanka. Krajan kasebut dibentengi déning sawijining plato antarané telu puncak gunung sing dikenal minangka Gunung Trikuta. Puncak sing paling dhuwur saka gunung kasebut dikenal kanthi jeneng puncak Adam. Kutha krajan Krajan Alengka ing jaman kuna naé diobong déning Hanuman.

Sawisé Rawana diprejaya déning Rama Ragawa, tahta krajan kasebut dipasrahaké marang adik Rawana, Wibisana. Sawisé iku, tahta krajan tansah dilenggahi déning keturunané, malah nganti ing jaman Mahabharata. Sajeroning kisah Mahabharata, Sahadewa ngunjungi nagari kasebut kanggo njupuk upeti kanggo ndhukung upacara Rajasuya sing diselenggarakaké déning Raja Yudistira.

Versi Pewayangan Jawa[besut | besut sumber]

Sajeroning pewayangan Jawa, krajan Alengka kerep dipocapaké kanthi jeneng Ngalengkadiraja. Krajan iki idhèntik karo Rahwana, tokoh antagonis sajeroning Ramayana.

Raja Pisanan[besut | besut sumber]

Raja pisanan Alengka ya iku Prabu Hiranyakasipu. Raja iki kalibet paprangan nglawan Sri Maharaja Sunda, ya iku raja Jawa Kulon panjélman Batara Brahma. Hiranyakasipu pungkasané séda ing tangan Sri Maharaja Suman, panjélman Batara Wisnu.

Hiranyakasipu banjur digantèkaké déning putrané sing jenengé Banjaranjali, sing nyerah marang Brahma lan Wisnu.

Raja Pungkasan[besut | besut sumber]

Raja pungkasan Alengka ya iku Rahwana. Amarga pratingkahé nyulik Sinta garwané Rama, banjur ngalami ajuring Nagara. Sawisé Rahwana, takhta Alengka dilenggahi adiné, ya iku Wibisana. Miturut tradhisi Jawa yèn pura lama sing wis dirusak mungsuh pantang dienggoni, mula Wibisana bangun pura anyar sing jenengé Singgelapura.

Wiwit pamaréntahan Wibisana, krajan Alengka ganti jeneng dadi Krajan Singgelapura.