Sinta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sinta
Sinta lan Rama
Sinta lan Rama
Aksara Jawa: ꦢꦺꦮꦶꦱꦶꦤ꧀ꦠ
Éjaan Sanskerta: Sītā
Jeneng liya: Mithilī; Janakī;
Widehī; Ramaa
Asal: Praja Manthili
Sisihan: Prabu Ramawijaya

Sinta (Sanskerta: सीता; Sītā, uga dieja Shinta) utawa Dèwi Sinta, iku garwané Sri Rama lan péranganing wiracarita Ramayana. Rama krama karo Sinta sawisé menang swayambara bisa mbenggang gandéwa.

Sinta iku ya tau diculik déning Rahwana, Ratu ing Alengka. Nanging dhèwèké bisa diuwalaké manèh déning pitulungé Anoman, kethèk putih.

Tegesé Nama[besut | besut sumber]

Ing basa Sansekerta, tembung Sita duwé teges "kerut". Tembung "kerut" iku tembung kang duwé rasa kang puitis nalika jaman India Kuna, kang nuduhake aruming kasuburan. Jeneng Sita ing Ramayana iku saka tembung Dewi Sita, kang wis disebutake ing Rigweda minangka dewi bumi kang mberkahi sawah lan tetuwuhan pari lan liya-liyané.

Kaya paraga kang misuwur ing legenda Hindhu liyané, Sita uga misuwur kanthi pirang-pirang paraga, kaya ta, minangka putri Raja Janaka, dhèwèké jejuluk Janaki; minangka putri Mithila, dhèwèké jejuluk Maithili; minangka garwane Rama, dhèwèké jejuluk Ramaa. Amarga saka Karajan Wideha, dhèwèké uga dikenal kanthi jeneng Waidehi.

Asal-usul[besut | besut sumber]

Dewi Sinta iku panjanmane Dewi Sri Widawati, putrane Prabu Dasamuka lan Dewi Tari, kang sabanjure dadi putra pupone Prabu Janaka ratu ing Mantili.

Kacarita Dewi Tari (garwane Prabu Dasamuka) anggone nggarbini wus antuk tri dasa candra (30 sasi), meh 3 tahun. Prabu Dasamuka mesthekake yen bayi lair mesthi wadon tur titise Dewi Widawati. Mula banjur gawe pranatan, wong lanang Ngalengka ora kena nggarwa anake Dasamuka. Pamrihe, supaya anggone Dasamuka nggarwa wanita titising Dewi Widawati ora ana pepalange. Amarga pranatan iku, saben bayi arep lair bali mlebu maneh.

Sawise Prabu Dasamuka mbiwarakake pranatan iku, Negara Ngalengka ketaman pageblug panas perbawane, sawah garing, kewan ingon padha mati amarga sumber banyu omben kaya ing kali, sendhang, lsp asat, larang sandhang pangan njalari angel golek rejeki, satemah begal, maling, lsp nambahi sengsara para kawula Ngalengka.

Sawijining dina, Prabu Dasamuka ngimpi yen Ngalengka bakal bisa tentrem, yen Sang Prabu gelem siram jamas/kramas ing Tlaga Anggana. Mula esuke, banjur dianakake pasewakan, ngrembug impene mau.

Miturut pangandikane Raden Wibisana, impen kasebut sejatine pralambang saka pokale pranatane Prabu Dasamuka anggone arep ngepek bojo anake dhewe, iku ora kena malah dosa ing sajroning agama. Mula manut pakartine Raden Wibisana supaya Prabu Dasamuka njabel pranatan mau.

Dasamuka ora sarujuk, malah Wibisana didukani akeh-akeh,"Priya iku bojone wanita, mula bapak nggarwa anake, kena!" Pancen Dasamuka wis ora ngugemi pranataning urip. Dupeh wis duwe panguwasa, ora gelem mlaku ing dalaning bebener.

Rehne impen kuwi asale saka dewa, mula Dasamuka bakal munggah menyang Kahyangan Jonggringsaloka, takon marang Bathara Guru ratuning para dewa. Yen Bathara Guru ora bisa paring katrangan kang cetha, kahyangan bakal diobrak abrik. Katentremaning kedhaton dipasrahake Raden Wibisana adhine.

Sapungkure Dasamuka, Wibisana gage manjing papane Dewi Tari, Dewi Tari diajak bebarengan ndedonga marang Gusti supaya enggal babaran. Kaleksanan panyuwune, Dewi Tari babaran, lair wadon. Banjur jabang bayi disuwun Wibisana kanggo keslametane Ngalengka. Sawise diparengake marang Sang Dewi, bayi wadon kang isih abang lan isih ana ari-arine digawa Wibisana tumuju saknjaban rangkah Ngalengka. Bayi mau banjur ditinggal ing pinggir sawah kang lagi entas diluku (lemah sinta). Sawise iku, Wibisana gage bali menyang kedhaton, aja nganti kedisikan Dasamuka.

Bayi abang banjur ditemu Prabu Janaka kang lagi lelana brata. Dhasar wis suwe mangun bebrayan, nanging durung diparingi putra. Bayi digawa bali ing Mantili, diaku putra lan diparingi jeneng Sinta (Dewi Sinta).

Pranala njaba[besut | besut sumber]