Wedawati

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Wonten ing mitologi Hindu, konon Wedawati (Sanskerta) badhe wiyos malih minangka Dewi Sinta, garwanipun Sri Rama wonten ing wiracarita Ramayana. Piyambakipun punika ugi titisan saking Dewi Laksmi.

Wiyosipun[besut | besut sumber]

Wedawati inggih punika putri saking Brahmaresi Kusadwaja, putra Wrehaspati, guru para Dewata. Saksampunipun pinten-pinten taun nyinaoni kitab suci Weda, piyambakipun lajeng maringaken nama putrinipun Wedawati utawi Wujuding Weda, ingkang wiyos minangka pahala awit saking bhakti lan laku tapanipun.

Ngabekti dhumateng Dewa Wisnu[besut | besut sumber]

Ramanipun Wedawati gadhah gegayuhan supados putrinipun mbenjang dados mempelainipun Dewa Wisnu. Awit saking punika, piyambakipun boten nampi pinangan kathah raja perkasa lan warga kahyangan ingkang kepengin dados garwanipun putrinipun. Murka amargi boten dipuntampi, Raja Sambu lajeng mateni tiyang sepuhipun Wedawati nalika wanci dalu tanpa sinar chandra. Wedawati panggah mapan wonten ing asramanipun tiyang sepuh, semedi siang ratri supados pikantuk lilaning Dewa Wisnu dados garwanipun.

Ramayana nggambaraken Wedawati ngginakaken busana ingkang dipundamel saking kulit kidang ireng, rambut dipunkepang lan dipungelung kadosdene satunggaling resi. Praupan ingkang ayu boten saged kaucap ngginakaken tetembungan.

pangorbanan lan Sedanipun[besut | besut sumber]

Rahwana, Raja Alengka keturunan saking raksasa manggihaken Wedawati nembe khusyuk anggenipun semedhi lan kepencut kaliyan ayunipun. Piyambakipun ngaturaken lamaran nanging langsung dipuntolak. Rahwana ngolok-olok tapa lan pangabdian Wedawati dhumateng Dewa Wisnu; amargi boten dipuntanggepi Rahwana rumaos mangkel lajeng njambak rambut Wedawati. Tumindakipun Rahwana kasil saged ngganggu katentreman batinipun Wedawati ingkang tanpa mikir lajeng nugel rambut ingkang dipunjambak déning Rahwana, sinambi medalaken pocapan badhe mlebet wonten geni ing sangajengipun Rahwana lan nambahaken "amargi kula sampun dipunnistha ing sajroning rimba dening panjenengan ingkang durjana, pramila kula badhe wiyos malih kanggé binasanipun panjenengan." Wedawati lajeng mlangkah mlebet ing geni lajeng kembang-kembang kahyangan sami gugur, sumebar ing sakiwa tengenipun. Piyambakipun ingkang wiyos malih minangka Sinta, lan punika ingkang dados sedanipun Rahwana ing astanipun Rama.[1]

Sumpah[besut | besut sumber]

Wedawati punika boten purun paring sumpah dhateng Rahwana amargi tumindakipun saged ngicalaken sedaya pahala saking laku tapanipun, nanging piyambakipun ngendika sumpah supados miyos malih ingkang dados sebab Rahwana binasa.

Wonten ing sapérangan versi Ramayana, Wedawati miyos malih minangka Maya Sinta, ingkang nggantos papanipun Sinta lan dipunculik déning Rahwana. Wondene Sinta ingkang asli punika ndelik wonten ing sajroning geni. Kutipan saking Skanda Purana babagan miyosipun malih Wedawati,

Resi Agastya mratelakaken dhumateng Rama bilih Wedawati punika miyos malih minangka Swaha, garwanipun saking Batara Agni lan dados sebab Rahwana punika binasa. Kutipan saking Skanda Purana babagan miyosipun malih Wedawati,

"Ing jaman Tretayuga, nalika kula nitis dados Rama, Rahwana ingkang kebak ing tipu daya sampun nyulik permaisuri kula, Sinta. Kepeneran, piyambakipun punika sanes Sinta nanging permaisuri Agni, Swaha. Saderengipun prastawa kasebat kedadosan, Agni sampun mboyong Sinta dhateng Patalloka lan mapanaken garwanipun piyambak 'Swaha' minangka gantosipun. Tumindakipun Indra gadhah maksud kanggé paring piwales sedanipun Swaha ingkang rumiyin punika Wedawati ingkang wiyosipun ingkang dangu lajeng ngrajut dhiri (bunuh diri), saksampunipun dipundemok déning iblis ingkang sami. Sejatosipun, permaisuri Agni Swaha punika Wedawati ingkang wiyosipun ingkang dangu. Kanthi mekaten, sejatosipun Rahwana sampun nyulik Wedawati sanes Sinta. Ngenjang, kula ngocap syukur dhumateng Agni lan ngaturaken janji dhumateng piyambakipun kanggé ndadosaken Wedawati minangka permaisuriku ing jaman Kaliyuga. Wedawati ingkang sami miyos malih dados Padmawati. Panjenengan tamtu kesah lan ndamel Padmawati kersa dados permaisuri kula. Wakula Malika lajeng tindak dhateng Narayanapursa lan ngaturaken maksud Sru Hari dhumateng sang raja. Dinten ingkang saé lajeng dipuntemtokaken kanggé ngawontenaken palakrama lan mekaten, Batara Sri Hari pikantuk Padmawati minangka permaisurinipun.

Pirsani ugi[besut | besut sumber]

Referensi[besut | besut sumber]

  • Ramesh Menon, The Ramayana (2001)