Menyang kontèn

Awatara

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Dasavataram

Awatara utawi Avatar (Sanskerta: अवतार, avatāra, waos: awatara) wonten ing agama Hindhu inggih punika inkarnasi Tuhan ingkang Maha Suci utawi manifèstasinipun. Tuhan ingkang Maha Agung utawi manifèstasinipun mandhap wonten ing donya, mendhet wujud wonten ing donya matèrial, saperlu maringi pitulungan maring donya saking tumindak nistha sarta nuwuhaken dharma ugi nylametaken tiyang-tiyang ingkang sami nindakaken kabecikan.[1]

Rujukan saking kitab suci

[besut | besut sumber]

Wonten ing Bhagawadgita, salah saunggaling kitab suci agama Hindhu kajawi Weda, lumantar Kresna minangka manifèstasi saking Tuhan kang Maha Agung, paring sabda:

Yadā yadā hi dharmasya glānir bhavati bhārata abhyutthānam adharmasya tadātmanam srjāmy aham paritrānāya sādhūnām vināśāya ca duskrtām dharma samsthāpanarthāya sambavāmi yuge yuge

(Bhagavad-gītā, 4.7-8)

Teges
Yèn wancinipun kabecikan mrosot sarta kanisthan kumawasa,
wektu punika aku bakal njalma ana ing donya,
Ohh keturunan Bharata (Arjuna).
Kangge nylametaken tiyang-tiyang saleh
sarta mbrasta tiyang-tiyang nistha
ugi ngadegaken kabecikan,
Aku dhéwé bakal njalma saka jaman marang jaman.[2]

Dasa Awatara, sedasa Awatara Wisnu

[besut | besut sumber]

Agama Hindhu mangertosi babagan Dasa Awatara ingkang kondhang kawentar tinimbang Awatara-Awatara sakliyanipun. Dasa Awatara inggih punika sedasa Awatara ingkang dipunyakini dados panjalmaning matèrial Déwa Wisnu kanthi ancas nylametaken donya. Saking sedasa Awatara, sanga Awatara dipunyakini sampun nylametaken donya, déné satunggal, Awatara pungkasan (Kalki Awatara), taksih nengga wekdal (jaréné wonten ing pungkasaning Kali Yuga) saperlu mandhap mring donya. Cariyos-cariyos Awatara kasebat karangkum wonten sajeroning kitab ingkang winastan Purana.
Nalika kanisthan wonten ing sandhuwure kabecikan, Déwa Wisnu ninggalaken swarga kanggé nylametaken kabecikan. Wisnu njalma wonten sedasa cacahipun, nanging wonten ugi sumber ingkang nyebat kaping satunggal likur.
[3]

Dasa Awatara saking jaman mring jaman

[besut | besut sumber]

Jinising Awatara

[besut | besut sumber]

Miturut kitab-kitab purana, boten kaétang cacahing Awatara ingkang sampun wonten ing donya. Awatara-awatara kasebat boten pesthi inkarnasi langsung” utawi “panjalma langsung” saking Sang Hyang Wisnu. Wonten sapérangan Awatara ingkang dipunyakini gadhah “Sukma ingkang angsal berkat” utawi angsal “kekiatan Tuhan” minangka makluk ingkang pinilih.[4]

Purusha Awatara: Awatara ingkang angka kapisan Sang Hyang Wisnu ingkang gadhah prabawa babagan panciptaan alam semesta. Awatara kasebat inggih punika:

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. [1] Archived 2012-01-31 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 1 Oktober 2012)
  2. a b [2](dipunundhuh tanggal 1 Oktober 2012)
  3. Dharam Vir Singh (Alih Basa Déning I. G. A. Dewi Paramitha, S. S. (2006). Hinduisme Sebuah Pengantar. Surabaya: Penerbit Paramita.
  4. Parisada Hindu Dharma. (1991). Upadeca Tentang Ajaran-Ajaran Agama Hindu (Cetakan IV). Denpasar: Penerbit PT. Upada Sastra.
  5. [3](dipunundhuh tanggal 4 Oktober 2012)