Menyang kontèn

Wasudewa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wasudewa

Wasudewa atau Basudewa (Sanskerta: वसुदेव; vasudeva) wonten ing kisah epik Hindhu (Mahabharata), minangka putra Raja Śũrasena saking Wangsa Yadawa ing India. Panjenenganipun kakang saking Kunti, ingkang dados garwanipun Pandu.[1]

Panjenenganipun palakrama kaliyan Dewaki, sedhèrèkipun Kamsa, saha minangka bapak kandhung saking Kresna saha Subadra. Penjenenganipun ugi gadhah garwa kalih, Rohini, ingkang nglairaken putra ingkang mbarep, Balarama. Minurut sapérangan Susastra Hindhu (Itihasa saha Bhagawad Gita), panjenenganipun gadhah puta-putri sanèsipun.[1]

Tembung Vāsudeva (wa-asudewa), ateges keturunan Wasudewa, minangka nam sanès saking Krishna.[1]

Wasudewa wonten ing pewayangan Jawa

[besut | besut sumber]

Kajawi wonten ing Susastra Hindhu, Prabu Wasudewa medal wonten ing pewayangan minangka putra mbarep saking Prabu Basukunti (wonten ing pewayangan Jawa) Raja nagara Mandura kanthi permaisuri Dewi Dayita, putri Prabu Kunti, raja Boja.[2] Piyambakipun gadhah tigang sadherek kandhung, inggih punika Dewi Prita alias Dewi Kunti, Arya Prabu Rukma saha Arya Ugrasena.[2]

Prabu Wasudewa gadhah tigang garwa utawi permaisuri kanthi sekawan putra. Saking permaisuri Dewi Mahira alias Maerah (wonten ing pewayangan Jawa) piyambakipun patutan Kangsa. Kangsa saestunipun putra Prabu Gorawangsa, raja raksasa nagara Gowabarong ingkang malih rupa dados Prabu Wasudewa palsu saha saged ngawontenaken saresmi kaliyan Dewi Mahira.[3]

Saking Dewi Mahindra alias Maerah (wonten ing pewayangan Jawa), Prabu Wasudewa pikantuk kalih putra ingkang nama Kakrasana alias Baladewa saha Narayana alias Kresna. Déné saking permaisuri Dewi Badrahini piyambakipun gadhah putri Dewi Wara Sumbadra alias Dewi Lara Ireng. Kanthi boten resmi, Prabu Wasudewa ugi palakrami Ken Sagupi, swaraswati Karaton Mandura, saha pikantuk putra ingkang nama Arya Udawa.[4]

Prabu Wasudewa remen sanget kaliyan kulawarganipun. Piyambakipun pinter olah kaprajuritan saha pinter ngginakaken senjata panah saha lembing. Nalika sampun sepuh, piyambkipun masrahaken Karajan Mandura dhumateng putranipun, Kakrasana, saha gesang dados pendeta ing Pertapan Randugumbala. Prabu Wasudewa séda nalika nagara Mandura dipunserang déning Prabu Sitija alias Bomanarakasura, Raja Nagara Surateleng.[4]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-05-26. Dibukak ing 2012-11-25.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  2. a b "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-05-23. Dibukak ing 2012-11-25.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  3. [1][pranala mati permanèn]
  4. a b "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-09-01. Dibukak ing 2012-11-25.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)