Baladéwa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Baladéwa
Balarama.jpg

Sajeroning mitologi Hindhu, Baladéwa utawa Baladewa (Déwanagari: बलदोव) utawa Balarama (Déwanagari: बलराम; Balarāma), mau uga Balabhadra lan Halayudha, iku sadulur tuwa saka Kresna, putra Basudéwa patutan karo Dewaki. Sajeroning filsafat Waisnawa lan sawatara tradhisi pamujan ing India kidul, Baladewa dipuja minangka awatara ka enem saka Maha Awatara lan kalebu salah siji saka 25 awatara sajeroning Purana. Miturut filsafat Waisnawa lan sawatara pandangan umat Hindhu, Baladewa minangka manifèstasi saka Sesa, ula suci sing dadi ranjang Déwa Wisnu.

Baladéwa sajeroning pawayangan Jawa[besut | besut sumber]

Baladéwa sajeroning kagunan wayang kulit Jawa.

Prabu Baladéwa iku ratu ing Mandura, putrané Prabu Basudéwa[1] lan Dèwi Rohini kang pembayun. Rayiné nunggal rama séjé ibu ana loro, ya iku Prabu Kresna[2] utawa Narayana) lan Dèwi Bratajaya iya Wara Sumbadra. Nalika isih timur jenengé Kakrasana. Prabu Baladéwa iku pakulitané putih (bulé), déné Prabu Kresna ireng thunteng tekan balung sungsumé. Watak Baladewa kang cepet panas ati lan ngumbar nesu uga kosok balene Kresna kang sabar lan sareh. Mula kadang loro iku banjur sinebut gondhang kinasih. Prabu Baladéwa jumeneng nata ana Mandura nggantèni kalenggaheni ingkang rama, Prabu Basudéwa, lan diembani patih Pragota lan Prabawa. Pramèswariné asma Dèwi Erawati, putriné Prabu Salya ing Mandharaka. Karo Dèwi Erawati, Prabu Baladéwa banjur peputra kakung cacah loro, asma Radèn Wisatha lan Wimuka. Pusakané Prabu Baladéwa karan Sanjata Nanggala lan Alugara. Pusaka iku peparingé Bathara Brahma. Nalika isih timur, para putra Mandhura iku padha dititipaké ana ing Kadhemangan Widorokandhang, diaku anak marang Ki Antyagopa lan Nyai Sagopi. Putra Mandhura iku padha diseduluraké karo anaké Antyagopa ya iku Udawa, Rarasati, Pragota, lan Prabawa.

Kangsa adu jago[besut | besut sumber]

Anggoné Kakrasana (Baladewa), Narayana (Kresna) lan Bratajaya dititipaké ana Kademangan Widorokandhang iku amrih ora konangan Prabu Anom Kangsadéwa, nata mudha ing Kadipatèn Sengkapura. Kangsa iku putra kuwaloné Prabu Basudewa kang lair saka garwa Dèwi Maerah kang cinidra resmi marang ratu buta, Prabu Gorawangsa, nata ing Guwabarong, nalika Sang Dèwi lagi ditinggal tindak mbebedhak utawa grogol ing alas déning Basudewa. Mula Kangsa wujudé iya manungsa setengah buta: wataké wengis lan angkara murka, péngin ngendhih kawibawan nagara Mandhura. Semono uga Kangsa uga péngin matèni putra-putrane Basudewa liyané kang dianggep bakal ngalang-alangi gegayuhane ya iku nguwasani nagara Mandhura. Carané: Kangsa nganakaké adhu jago. Sing dienggo totohan nagara saisiné. Jagoné saka Sengkapura (Kanoman) wujudé buta gedhé apraceka Ditya Suratimantra, déné jago saka Mandhura (Kasepuha) ora liya Brataséna. Nalika ana adu jago iku, Kakrasana, Narayana lan Bratajaya iya nonton. Pancèn adon-adon iku ramé banget. Saben Suratimantra tumeka pati déning Bratasena, kuwandhané digotong terus dicemplungaké ing tlaga Banyusemangka saéngga bisa urip manèh. Mengkono nganti wola-wali. Permadi iya Arjuna kang kawit mau ngulataké kangmasé anggoné tetandhingan karo Suratimantra. Baladéwa kondhang nduwé watak jujur lan apa anané, nanging dhèwèké uga asring grusa-grusu lan gampang nesu.

Baladewa lan perang Bratayuda[besut | besut sumber]

Senajan Baladewa urip bebarengan karo Pandhawa lan Kurawa, nanging saka apus krama Prabu Kresna mula Baladewa ora ngerti wiwitané perang amarga madeg pandhita ing pertapan Grojogan Sewu jejuluk Resi Jaladara sambi nunggu kabar menawa perang bakal kawiwitan. Nanging nganti suwe kabar wiwité perang durung ana lan nganti salin jaman. Perang wis kliwat lan nganti kabèh Pandhawa wis kasidan jati, Negara Ngastina dipimpin Utari amarga Parikesit kang digadhang dadi ratu durung diwasa, Resi Jaladara kang wis tuwa lagi mangerteni kasunyatan yen Bratayuda wis rampung lan kabèh kahanan wis ganti. Resi Jaladara kasidan jati sawise Parikesit jumeneng ratu Ngastina.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Baladewa, tembi.org (diaksés tanggal 9 April 2011)
  2. M.H. Nanda, Wayang, Bintang Cemerlag, Cetakan pertama, 2010.

Pranala njaba[besut | besut sumber]