Itihasa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki minangka bagéyan saka sèri
Susastra Hindhu
aum symbol
Veda
Rgveda · Yajurveda
Samaveda · Atharvaveda
Pamérangan Veda
Samhita · Brahmana
Aranyaka  · Upanisad
Upanishad
Aitareya  · Bṛhadāraṇyaka
Īṣa  · Taittirīya · Chāndogya
Kena  · Muṇḍaka
Māṇḍūkya  ·Praśna
Śvetaśvatara
Wedangga
Śikshā · Chanda
Vyakarana · Nirukta
Jyotisha · Kalpa
Itihasa
Mahabharata · Ramayana
Susastra liyané
Smrti · Purana
Bhagavad Gita · Sutra
Pancaratra · Tantra
Kumara Vyasa Bharata · Stotra
Hanuman Chalisa · Ramacharitamanas
Shikshapatri · Vachanamrut
Deleng uga
Mitologi
Kosmologi
Déwa-Dèwi
Portal Hindhu

Itihasa inggih punika salah sawijing péranganing kasusastraan Hindhu ingkang nyariosaken cariyos-cariyos èpik utawi kepahlawanan para Raja saha ksatriya Hindhu wonten ing jaman rumiyin ingkang dipunbumboni kaliyan filsafat agama, mitologi, sarta makluk supernatural. Itihasa wonten ing basa Sansekerta tegesipun: “kados makaten sampun kadadéan utawi kadadosan ingkang nyata”. Wonten ing pangertosan sanès, Itihasa minangka kitab kasusastraan wonten ing agama Hindhu.[1]. Itihasa ingkang kawéntar wonten kalih (2), inggih punika Ramayana sarta Mahabharata.[2]

Kitab Itihasa dipunsusun déning para Rsi saha pujangga India wonten ing jaman rumiyin, kados ta; Rsi Walmiki Rsi Wyasa. Cariyos wonten ing kitab Itihasa kasebar wonten ing tlatah India dumugi ing tlatah Asia Tenggara. Wont ing jaman kraton ing Indonésia, kitab Itihasa dipunterjemahaken kanthi basa Jawa kuna saha dipunadhaptasi kaiyan kabudayan lokal. Cariyos ingkang wonten ing kitab Itihasa dipunangkat dados lakon wayang sarta dipungubah dados kakawin.[1].

Bhagawadgita ingkang minangka nasihat saking Kresna minangka Awatara Wisnu ingkang kaping wolu dhumateng Arjuna wonten ing salebeting medan paprangan Kurusetra, gamblang sanget anggènipun Sri Kresna ngandharaken wonten ing Mahabharata Parwa kaping 6 (enem) utawi Bhismaparwa, saha panegasan Sri Rama minangka Awatara saking Déwa Wisnu pinanggih ugi wonten ing Ramayana Kanda kaping pitu (7) utawi Uttarakanda, nalika Sri Rama moksa utawi mlebet wujud Wisnu wonten ing Kali Sarayu, ingkang dumunung ing (sapunika kaloka minangka) Uttar Pradesh, India lèr.[3].

Ramayana[besut | besut sumber]

Kitab Ramayana minangka salah satunggaling itihasa ingkang kawentar. Kitab Ramayana kasungsun saking 24.000 sloka saha gadhah pitung pérangan ingkang dipunsebut “Sapta Kanda”. Saben Kanda minangka buku piyambak nanging gadhah gegayutan saha sami njangkepi kaliyan Kanda sanèsipun. Kitab Ramayana dipunsusun déning Rsi Walmiki.[4]. Pratélan kitab:

Mahabharata[besut | besut sumber]

Kitab Mahabharata minangka salah satunggaling Itihasa ingkang kawentar. Kitab Mahabharata wosipun langkung saking 100.000 sloka. Mahabharata ateges cariyos kulawarga ageng Bharata. Kitab mahabharata gadhah 18 pérangan ingkang dipunsebut Astadasaparwa. Sami kaliyan Ramayana, saben Parwa minangka buku piyambak nanging gadhah gegayutan saha sami njangkepi antawisipun Parwa sanèsipun. Kitab Mahabharata dipunsusun déning Rsi Wyasa.[5]. Pratélan kitab:

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b [1] Archived 2012-08-14 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 2 November 2012)
  2. I Ketut Sukartha, dkk. (2003). Agama Hindu untuk SLTP Kelas 3ISBN 979-571-020-6 (jilid 1). Denpasar: Penerbit Ganeca Exact.
  3. [2](dipunundhuh tanggal 2 November 2012)
  4. a b [ http://stitidharma.org/awatara-dan-itihasa/](dipunundhuh tanggal 2 November 2012)
  5. [3](dipunundhuh tanggal 2 November 2012)
  6. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng “internet 4”