Moksa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Artikel punika bagean saking seri
Filsafat Hindu
Aum.svg
Ajaran Filsafat
SamkhyaYogaMimamsa
NyayaVaisisekaVedanta
Ajaran Vedanta
AdvaitaVishishtadvaita
DvaitaShuddhadvaita
DvaitadvaitaAchintya Bheda Abheda
Tokoh Filsafat Hindu
KapilaPatanjaliJaimini
GotamaKanadaRsi Vyasa
Patengahan
Adi ShankaraRamanuja
MadhvaMadhusūdana
Vedanta DesikaJayatirtha
Moderen
RamakrishnaRamana
Swami VivekanandaNarayana Guru
RamakrishnaRamana
Sri AurobindoSivananda
Caturyuga
SatyayugaTretayuga
DwaparayugaKaliyuga

Moksa (Sanskerta: mokṣa) inggih punika sawijining konsep agama Hindhu kaliyan Buda. Ateges kebebasan saking pagesangan kadonyan saha wucul ugi saking reinkarnasi utawi Punarbawa panguripan.[1]

Pencapaian[besut | besut sumber]

Wonten ing Hinduisme, atma-jnana (kesadaran dhumateng "sang diri") inggih punika kunci tumuju moksa. Umat Hindhu angsal nidakaken sawijining wujud (utawi) langkung jinis Yoga-Bhakti, Karma, Jnana, Raja-kanthi mangertosi bilih Tuhan asipat boten winates saha saged dados wujud punapa kémawon, personal punapa déné impersonal.[2]

Dipunyakini bilih wonten sekawan Yoga (pengendalian) utawi marga (dalan utawi margi) kanggé pinuju moksa. Hal punika kalebet: bakti dhumateng Yang Mahakuasa (Karma Yoga), mangertosi Yang Mahakuasa (Jnana Yoga), meditasi dhumateng Yang Mahakuasa (Raja Yoga), saha nglayani Yang Mahakuasa kanthi bakti ingkang tulus (Bhakti Yoga). Tradisi Hinduisme ingkang manéka warna gadhah bènten antawisipun margi ingkang satunggal kaliyan sanèsipun, ingkang kawéntar antawisipun inggih tradisi Tantra saha Yoga ingkang berkembang wonten ing Hinduisme.[3]

Pendekatan déning tradisi Wedanta kapérang dados non-dualitas (adwaita), non-dualitas kanthi kualifikasi (kados ta wisistadwaita), saha dualitas (dwaita). Cara nuju moksa ingkang kaanjuraken déning tugang tradisi mau manéka jinis.

  1. Adwaita Wedanta nengenaken Jnana Yoga minangka cara ingkang utama kanggé tumuju ing moksa. Tradisi punika fokus dhumateng kawruh babagan Brahman ingkang dipunsediakan déning literatur tradisional Wedanta kaliyan ajaran pendirinipun, Adi Shankara.[4] Kanthi pamilihan antawis hal ingkang nyata kaliyan ingkang boten nyata, sadhaka (praktisi spiritual) badhé saged nguculaken dhiri saking jerat ilusi saha nyadari bilih donya ingkang dipunamati minangka donya maya, fana, saha "kesadaran" mau minangka satunggalipun hal ingkang nyata. Pangertosan mau minangka moksa, nalika atman (percikan Tuhan wonten ing dhiri) saha Brahman (esensi alam semesta) saling mangertosi minangka substansi saha kehampaan saking dualitas eksistensial.
  2. Tradisi non-dualis ninangali Tuhan minangka objek sih-tresna ingkang paling patut dipunsembah, kados ta personifikasi konsep monoteistik babagann Siwa utawi Wisnu. boten sami kaliyan tradisi agama Abrahamik, Adwaita/Hinduisme boten nglara aspek Tuhan ingkang manéka jinis, kados ta manéka cahya ingkang asalipun saking satunggal sumber ingkang sami.

Sawijining tiyang kedah mencapai moksa kanthi bimbingan saking Guru (agama dharma). Sawijining guru utawi siddha naming mbimbing ananging boten ndhèrèk campur tangan.[5]

Surga (svarga) dipunyakini minangka papan kanggé karma déné ingkang mesthi dipunindari déning tiyang ingkang péngin moksa supados nyawiji kaliyan GUsti lumantar Yoga.[6]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ [1](dipunundhuh tanggal 20 November 2012)
  2. ^ [2](dipunundhuh tanggal 20 November 2012)
  3. ^ [3](dipunundhuh tanggal 20 November 2012)
  4. ^ Anantanand Rambachan, The limits of scripture: Vivekananda's reinterpretation of the Vedas. University of Hawaii Press, 1994, pages 125, 124: [4].
  5. ^ [5](dipunundhuh tanggal 20 November 2012)
  6. ^ [6](dipunundhuh tanggal 20 November 2012)

Uga delengen[besut | besut sumber]