Murti

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Arca Ganesha ing Candhi Prambanan

Arca inggih punika patung ingkang dipundamel kanthi ancas utama kanggé médhia keagamaan, inggih punika sarana kanggé pamujaan dhumateng Tuhan utawi déwa-dèwi. Arca bènten kaliyan patung limrahipun, ingkang minangka kasiling kagunan ingkang dipundamel kanthi kaendahan. Saéngga, daeml arca boten sami ringkesipun kaliyan damel patung.[1].

Sapunika wonten ing keagamaan Indonésia dipunkenal tigang jinis arca, inggih punika arca agama Hindhu, arca agama Buda, sarta arca agama Kristen (mliginipun Katulik). Agama Islam boten ngginakaken arca, amargi ajaranipun nglarang nyembah berhala utawi sadaya jinis perwujudan Tuhan.[2].

Hindhu[besut | besut sumber]

Wonten ing agama Hindhu, arca inggih sami kaliyan Murti (Dewanagari: मूर्ति), utawi murthi utawi vigraha utawi pratima[3], ingkang tegesipun citra ingkang nggambaraken Roh utawi Jiwa Ketuhanan (murta). Ateges "penubuhan", murti inggih punika perwujudan aspek ketuhanan (déwa-dewi), limrahipun kadamel saking watu, kayu, utawi logam, ingkang fungsinipun minangka sarana saha sasaran konsèntrasi dhumateng Tuhan wonten ing pemujaan.[4]. Miturut kapitadosan Hindhu, murti patut dipunpuja minangka fokus pemujaan dhumateng Tuhan sabibaripun roh suci malebet ing lebetipun kanthi ancas maringi sesembahan utawi sesaji.[5]. Perwujudan déwa utawi dewi, kedah ngacu dhumateng tradisi keagamaan ingkang gegayutan.[4]

Arca boten pinanggih ing caket candhi kemawon. Candhi saged gadhah arca, nanging arca dèrèng badhé wonten ing candhi. Wonten tigang jinis arca miturut cacahing pamujanipun, inggih punika:

  • Arca Istadewata, inggih punika arca ingkang dipungadhahi déning individu, saéngga saged dipunbekta.
  • Arca Kuladewata, inggih punika arca ingkang dipungadhahi déning kulawarga, limrahipun wonten ing dalem-dalem.
  • Arca Garbadewata, inggih punika arca ingkang dipungadhahi déning tiyang kathah, inggih punika masarakat.

Buda[besut | besut sumber]

Murti ugi dipunmulaikaken wonten ing agama Buda mliginipun kelompok Buda Mahayana nalika dedonga, minangka sasran pamujaan uatwi fokusipun meditasi.[6]. Pamujaan murti dipunanjuraken sanget wonten ing agama Hindhu saha Buda, mliginipun nalika jaman Dwapara Yuga, kados ingkang dipunsebataken wonten ing naskah Pañcaratra. Wonten ing agama Buda, arca perwujudan Buda Gotama dipunsebut Buddharupa.[7].

Laksana[besut | besut sumber]

Boten kados patung limrahipun ingkang dipundamel bébas ingkang dipunkersani déning seniman pematung, arca déwa-dewi, Buda, Bodhisattwa utawi makluk spiritual tartamtu gadhah karakteristik ingkang dipunwastani “laksana”, inggih punika atribut utawi barang-barang tartamtu ingkang dipunbekta déning arca ingkang dados karakteristikipun. Laksana sampun dipunsarujuki wonten ing “ikonografi” kagunan Hindhu saha Buda.

Arca Siwa

Punika tuladha-tuladha laksana utawi atibut déwa-dewi utawi tokoh spiritual sanèsipun:

  • Siwa: Gadhah netra ingkang wonten ing palarapanipun, minangka netra kang angka tiga, ing mahkotanipun wonten bulan sabit saha cumplung ingkang dipunwastani “Ardhachandrakapala, upawita” (tali kasta) ula naga, ngagem cawat kulit macan ingkang dipuntedahaken kanthi ukiran sirah saha buntut macan, astanipun sekawan (4) ingkang nyepeng trisula, “aksamala” (tasbih), “camara”, sarta “kamandalu” (kendhi). Wahananipun inggih punika Nandi
Arca Wisnu
  • Wisnu: ngagem makutha agung “jatamakuta”, astanipun sekawan ingkang ngasta cakram, “cengkha” (thothok kerang kanthi suwiwi), gada, sarta buah utawi kuncup kembang terate. Wahananipun inggih punika Garuda.
Arca Brahma
  • Brahma: Mustakanipun sekawan (4) saben panjuru arah, migunakaken makutha agung “jatamakuta”, astanipun ugi sekawan ingkang ngasta kitab, “aksamala” (tasbih), “camara, sarta buah uatwi kuncup kembang terate. Wahananipun angsa
Arca Agastya
  • Agastya: Siwa wonten ing panjalmaning dados Rsi utawi Brahmana, kagambaraken priyantun kakung sepuh, ngasta “aksamala”, “kamandalu”, sarta trisula.
  • Ganesha: Putranipun Siwa ingkang mustakanipun hajah punika kagambaraken kanthi sekawan asta, ingkang ngasta “ aksamala”, kapak, mangkok, sarta potongan gadingipun.
Arca Parwati
  • Durga: garwanipun Siwa punika asring dipunwujudaken minangka “Mahisashuramardhini”. Durga kagambaraken minangka wanita ayu, kanthi kalih welas utawi wolulas asta, ngasta manéka jinis senjata kados ta: pedang, tameng, parang busur panah, anak panah, cakra, “cengkha”, saha asta ingkang njambak rekma Mahisashura saha narik buntutipun. Wahananipun Singa.
  • Lakhsmi: garwanipun Wisnu punika minangka dewi kemakmuran saha kebahagiaan. Dipungambaraken minangka wanita ayu, astanipun kalih utawi sekawan kanthi nyepeng padma.
  • Saraswati: garwanipun Brahma punika minangka dewi kawruh saha kesenian. Kagambaraken minangka wanita ayu, astanipun sekawan, ingkang nyepeng piranti musik sitar, “aksamala”, saha kitab lontar. Wahananipun angsa.
  • Wairocana: [[Buda] panguwaos punjer zenith kagambaraken minangka “Buddharupa” nalika posisi “mudra” dharmachakra mudra utawi witarka mudra.
  • Awalokiteswara: migunakaken makutha agung” jatamakuta” ingkang tengahipun kaukir Buda Amitabha, kanthi asta kalih utawi sekawan ingkang nyepeng buah utawi kuncup kembang padma.
  • Maitreya: migunakaken makutha agung “ jatamakuta” ingkang tengaipun kaukir stupa.
Arca Prajnaparamita
  • Prajnaparamita: Dewi kawicaksanan buddhis punika kagambaraken minangka wanita ayu saweg bersila wonten ing tengahing padma kanthi mudra dharmachakr.[8]. Lengen kiringipun nggapit kembang terate ingkang inggilipun wonten naskah lontar kitab Prajnaparamita sutra.[9].

Peran ing Ngibadah[besut | besut sumber]

Arca limrahipun representasi saking déwa wonten ing wujud antropomorfik utawi zoomorphic kados ta Siwa, Ganesha, Rama, Kali, lan sanèsipun. Wonten ing sudut pandang agama, aspek-aspek Tuhan ingkang transendental saha boten wonten gegayutanipun kaliyan antropomorfisme kamanungsan, utawi zoomorphism.

Éwadéné Hindhu limrahipun dipunwakili déning antropomorfik agama arca, aniconism sami-sami dipunwakili kanthi simbul abstrak kados ta Siwa Lingga saha saligrama[10]. Salajengipun, Hindhu sampun manggihaken cara ingkang langkung gampil saperlu fokus dhumateng antropomorfik ikon, kados ta Krishna ngendika wonten ing BhagavadGita, Bab 12, Ayat 5,

. Inggih wonten ingkang langkung angél saperlu fokus dhumateng para déwa minangka manifestasi kejawi Gusti kanthi bentuk, amargi manungsa gadhah kabetahan paningal saking mripatipun[11]

Arca kadamel sami kaliyan ingkang dipuntuladhani saking Silpa Śāstras [12]. Punika dumadi déning seniman ingkang mligi, dipunkenal minangka shilpins. Para seniman "mlebet ing swasana manah kanthi meditasi yoga ingkang temen, saéngga karyanipun boten mewah nanging sami kaliyan ingkang dipuntedahaken wonten ing kitab suci" [13] Gangsal jinis logam Panchaloha kadang kala dipundadosaken manunggal.[14] Punika dipunsucikaken déning para pandhita kanthi Prana pratishta ('Mbangun pagesangan') upacara.

Renungan ( bhakti) praktek budidaya pusatipun wonten ing raos ingkang inggil saha raos tresna kaliyan Gusti asring kalebet panyembahan arca. Pangabden saged nglikupi arca, saben enjing saha ningali bilih punika sampun dipunsucikaken, ngagem rasukan, saha karangan kembang." [15] Kajawi punika pambangunan sawijining kuil saperlu papan arca, dipunanggep tumindak ingkang pangabdenipun inggil.

Miturut Satguru Sivaya Subramuniyaswami, "punika sami kaliyan kawegigan kita saperlu komunikasi kaliyan tiyang sanès kanthi telepon. Tiyang boten micara kaliyan telepon, nanging telepon minangka srana kanggé komunikasi kaliyan tiyang sanès Tanpa telepon, satunggaling tiyang boten saged wawan gunem kanthi jarak ingkang tebih, saha tanpa gambar (wujud) suci saking bait mantra, satunggaling tiyang boten saged kanthi gampil micara (komunikasi) kaliyan para déwa. "[16] Kajawi punika antropolog Christopher John Fuller nyathet bilih gambar wonten ing agama Hindhu boten saged dipunsamikaken kaliyan déwa saha objek illahi ingkang kuwaosaipun wonten ing gambar, saha gambar punika sanès minangka obyek ngibadah punika piyambak, Hindhu percaya sadayanipun layak dipunsembah amargi ngandhut ènergi ilahi ingkang asalipun saking tuhan [17]

Miturut Agama Hindhu, ingkang स्थूलमूर्ति / बिम्बमूर्ति (bimbamurti, idola jasmani) bènten kaliyan मन्त्रमूर्ति (mantramurti, sang pujaan kanthi kekiyatan), ingkang dipunsembah wonten ing kuil-kuil klasik. Mantramurti wonten ing bimbamurti dipunsembah naming winates ing pangangge, obahan ritual, himne saha pisungsung.

Badan Manungsa minangka kuil[besut | besut sumber]

Sawijining kapitadosan Hindhu umum inggih punika bilih badan tumindak minangka sawijining kuil kanggé jiwa. Wonten ing jiwa ingkang wonten Ingkang Maha Inggil. Saèngga wonten ing upaya kanggé setya nglayani Gusti ingkang wonten ing salebeting badan, Hindhu kedah njagi kamurnian badan. Punika badhé nyakup kamurnian lumantar tetedhanipun, karesikan pribadi, lan prosés méntal. Kajawi punika sawijining kuil, èksternal nyata mbiyantu kanggé njaga candhi, kanthi internal ingkang awujud murni kaliyan nawakaken kasempatan ingkang wiyar kanggé layanan fisik.[18]

Signifikansi[besut | besut sumber]

Cithakan:Uga delengen Persyaratan kanggé bahan, pangukuran, proporsi, dékorasi lan simbolisme arca kasamektakaken wonten ing pandom tèknis ingkang dipunkenal minangka Shilpashastras. Wedharan makna metafisik saben tahap pandamelan lan resèp mantra mligi kanggé prosès menguduskan lan mbangkitaken sarta ngundhang kekiyatan déwa wonten ing gambar ingkang kapanggihaken wonten ing buku liturgi ingkang bab Agamas lan Tantra.[19] Wonten ing India Selatan, bahan ingkang dipun-ginakaken ingkang utama dipun-ginakaken kanggé arca granit, déné material wonten ing India Utara inggih punika ingkang pethak, marmer, nanging bahan ingkang dipun-ginakaken boten wigati nanging iman lan kapitadosan saking para pengikut wonten ing satunggal kapitadosan dhateng Gusti, Brahman ingkang nindakaken komunikasi kaliyan Piyambakipun, punika minangka wigatinipun saking pamujaan tumrap Arca.[20]

Arca-Pamujan minangka Pamujan dhateng berhala[besut | besut sumber]

Pamanggih bilih tembung Arca punika sami kaliyan "idola" tembung Inggris inggih punika konsép ingkang lepat. Ulama Steven Rosen nyathet bilih misionaris Éropah awal, sapérangan ageng sami tanggel jawab kanggé conflating kalih istilah kanthi maringi informasi Hindhu lokal ingkang "idola" inggih punika pertalan ingkang leres kanggé "Arca".[13] Kajawi punika sarjana Diana Eck ngandharaken bilih istilah Arca dipundéfinisikaken wonten ing basa Sansekerta minangka "sawijining ingkang gadhah wujud kanthi jelas lan wates, bentuk, badan, angka. Perwujudan, inkarnasi, utawi manifestasi". Kanthi makaten, Arca langkung saking kamiripan, punika inggih minangka déwa punika piyambak ingkang kapendhet saking "bentuk" migunakaken tembung murti wonten ing Upanishad lan Bhagavad Gita nedahaken bilih wujud èsènsinipun ".[21] Kanthi makaten, sawijining Arca dipunanggep langkung saking sakadar wujud déwa, nanging minangka manifestasi saking déwa punika piyambak. Arca inggih kados sawijining cara kanggé nindakaken komunikasi kaliyan satunggal ingkang abstrak, déwa, (Brahman), ingkang nyiptakaken, njaga, lan mralina.

Bab punika ngremenaken saged manawi dipuncathet, bilih wonten ing basa Ruslan tembung "Morda" ateges pasurya sapérangan entitas utawi pasuryan-èksprèsi ingkang saged dados pitedah bilih minangka etimologi asli.

Arca-Arca ing Indonésia[besut | besut sumber]

  • Pradnyaparamita (saking basa Sansekerta prajñā pāramitā; basa Tionghoa (Aksara Hanzi. 般若波羅蜜多;, Pinyin. bo re bō luó mì duō, Jepang hannya-haramita)), inggih punika salah satunggiling aspèk sipat saking bodhisattwa ingkang dipunwastani paramita. Tegesipun punika inggih “kasampurnan ing kawicaksanan” kaliyan ugi minangka salah satunggal saking enem utawi sedasa sipat transédéntal manungsa.
  • Arca Amoghapasa

Arca Amoghapasa ya iku patung batu pāduka Amoghapāśa sebagai salah satu perwujudan Lokeswara sebagaimana karan padha prasasti Padang Roco. Patung ini merupakan bebungah dari Kertanagara raja Singhasari kepada Tribhuwanaraja raja Melayu di Dharmasraya padha taun 1208 Saka atau 1286 Masehi. Pada pérangan lapik (alas) arca ini terdapat tulisan yang karan prasasti Padang Roco yang menjelaskan penghadiahan arca ini. Berita pengiriman arca Amoghapasa ini tertulis padha alas arca bertanggal 22 Agustus 1286. Sedangkan padha pérangan belakang arca terdapat tulisan yang karan dengan prasasti Amoghapasa bertarikh 1346 Masehi.

Arca Bhairawa ya iku patung batu raksasa dan kini menjadi salah satu koleksi pameran utama di Musiyum Nasional Indonésia. Arca ini menggambarkan "Bhairawa", suatu déwa-raksasa dalam aliran sinkretisme Tantrayana, yaitu pengejawantahan Siwa sisan Buda sebagai raksasa yang menakutkan. Arca ini dikaitkan sebagai perwujudan Raja Adityawarman karena ia ya iku penganut Buda aliran Tantrayana Kalachakra.[22]

Situs Reca Dwarapala dumunung wonten ing sakilénipun Candhi Singhasari.[23] Reca punika kadamel saking watu monolitik ingkang inggilipun 3,70 m.[23] Jaman rumiyin reca punika dipun-ginakaken kanggé lawang (gerbang0 Krajan Singhasari.[23]

  • Arca Buda (Borobudhur)

Arca-arca Buda sakeplasan katingal sami. Nanging makaten saged dipunidéntifikasi dhedhasar sikap astanipun utawu mudranipun ingkang panempatanipun dhedhasar penjuru mata angin. Arca Buda gadhah karaktersitik dhedhasar posisi Buda nalika nindakaken pertapan.[24]

  • Arca Buda (Palembang)

Wonten ing Dusun Muarasiban, Kacamatan Dempo Utara, Kota Pagaralam, Sumatera Selatan, kapanggihaken patung Buda ingkang kadamel saking perunggu kanthi inggil sakitar 10 cm.[25]

  • Arca Ganesha

Wonten ing arca Hindhu dipunkenal istilah antropomorsis, inggih punika penggambaran manungsa setengah kéwan. Ganesha minangka salah satunggaling arca antropomorsis. Ciri mliginipun inggih punika kagambaraken minangka manungsa kanthi mustaka gajah (setengah gajah). Ganesha dipungambaraken kanthi warna-warna, wonten ingkang lenggah, wonten ingkang jumeneng, lan kadang kala kagambaraken saweg nari. Manawi wonten ing posisi lenggah, ganesha boten saged rsila, amargi Ganesha pesthi kagambaraken kanthi padharan ingkang ageng.[26]

  • Arca Gupala

Arca Gupala minangka kempalan saking 7 arca ingkang boten katata kanthi rapi. 5 saking 7 arca mau boten gadhah malih pérangan sirah arca, malahan wonten ing antawisipun ingkang sampun risak lumayan parah saèngga manawi boten dipuntingali kanthi permati, katingal kados watu biyasa. Arca paling ageng gadhah inggil 2 méter lan kanthi wujud Agastya kanthi dékorasi ingkang sampun pudar nanging taksih wonten motif kembang-kembang ing agemanipun. Ing sisihipun, saged dipuntingali sawijining relief kanthi wujud trisula ingkang lumayan jelas.[27]

  • Arca Megalitikum

Sawijining arca megalitikum kados sirah manungsa purba kapanggihaken ing Kali Cawang, Désa Curup, Kacamatan Dempo Utara, Pagaralam.[28]

  • Arca Emas Siwa Parwati (Goa Seplawan)
Arca Emas ing Goa Seplawan

Sapasang arca emas kapanggihaken ing Goa Seplawan, Kab. Purworejo, Jawa Tengah, arca punika kapanggihaken nalika tim ingkang dipunbentuk pamarèntah saperlu nyusuri Goa Seplawan.[29]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. [1](dipunundhuh tanggal 4 November 2012)
  2. [2](dipunundhuh tanggal 4 November 2012)
  3. Britannica
  4. a b Klostermaier, Klaus K. A Survey of Hinduism. 1989 page293-5
  5. Kumar Singh, Nagendra. Encyclopaedia of Hinduism, Volume 7. 1997, page 739-43
  6. [3] nundhuh tanggal 4 NOvember 2012)
  7. [4] nundhuh tanggal 4 NOvember 2012)
  8. [5](dipunundhuh tanggal 4 November 2012)
  9. [6](dipunundhuh tanggal 4 November 2012)
  10. Hinduism: Beliefs and Practices, by Jeanne Fowler, pgs. 42-43, at Books.Google.com and Flipside of Hindhu symbolism, by M. K. V. Narayan at pgs. 84-85 at Books.Google.com
  11. http://www.bhagavad-gita.org/Gita / ayat-12-04.html
  12. Untuk Śāstras Silpa sebagai dhasar untuk standar ikonografi, lihat: Hopkins, hlm.. 113
  13. a b Steven Rosen, Hindhu Esensial (Westport: Praeger Publishers, 2006) p.192 Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "rosen" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  14. Lo Bue, Erberto (1991). "Patung Logam di Tibet dan Himalaya: Sajarah, Tradisi dan Penggunaan modhèren", Buletin Tibetology 1-3, hlm 7-41.. [7]
  15. Klostermaier, Klaus. Hindhu: Panduan Menulis. 2. Oxford: Oneworld Publikasi, 2007
  16. Satguru Sivaya Subramuniyaswami," Sepuluh Pertanyaan orang bertanya Tentang Hindhu.... dan sepuluh jawaban hebat! "(hal. 7) [8]
  17. The Flame Camphor: Hindhu Populer dan. masarakat di India, pg. 60 di Books.Google.com]
  18. Rosen, Steven. Essential Hinduism. 1st. Westport: Praeger Publishers, 2006.
  19. Elgood, Heather. Hinduism and the Religious Arts. Cassell 1999. ISBN 0-304-33820-6.
  20. The Goddess lives in upstate New York, by Corinne Dempsey, pg. 228,
  21. Diana Eck, Darshan: Seeing the Divine Image in India (Chambersburg, PA: Anima Books, 1981), p. 27
  22. Tempo Online: Dharmasraya: Kerajaan di Tepian Batanghari
  23. a b c Budaya-Arca Dwarapala(dipunundhuh tanggal 23 Maret 2013)
  24. http://ariesaksono.wordpress.com/2008/01/15/arca-budha-candhi-borobudur/
  25. http://hurahura.wordpress.com/2011/04/25/arca-buddha-peninggalan-kerajaan-sriwijaya-ditemukan-di-kebun-sayur/
  26. http://ariesaksono.wordpress.com/2008/05/22/arca-ganesha/
  27. http://www.navigasi.net/goart.php?a=buargupl
  28. http://alhurriyyah.lk.ipb.ac.id/2013/01/28/penemuan-arca-megalitikum-di-kota-pagaralam/
  29. http://gooaseplawan.blogspot.com/2012/07/sejarah-penemuan-arca-emas-di-goa_30.html