Padma

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kembang padma
Nelumbo nucifera
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Proteales
Famili: Nelumbonaceae
Génus: Nelumbo
Spésies: N. nucifera
Jeneng binomial
Nelumbo nucifera
Gaertn.

Padma utawi cikru (Nelumbo nucifera) punika satunggaling tuwuhan ingkang wonten ing toya saking génus Nelumbo asalipun saking India [1]. Wonten ing Indonésia taneman punika asring dipunsebut kembang teratai (Nymphaea). Nanging sajatosipun kembang kalih punika boten satunggal kerabat. Kembang padma gadhah gagang kembang tegak boten kados kembang teratai ingkang kemampul ing toya. Ing basa Indonesia dipunarani seroja utawi lotus.

Gagangipun awujud tabung kosong minangka dalan liwat udara. Godhongipun ing lumah toya, medal saking gagang ingkang asalipun saking rimpang ing lupmpur dhasaring kolam, kali, utawi rawa. Kembang seroja punika gadhah diameter dumugi 20 cm kanthi warna putih, kuning, utawi jambon. Kembang punika mekrok nalika wulan Juli lan Agustus.

Sajarah[besut | besut sumber]

Kembang padma gadhah sajarah ingkang dawa. paling boten dhedhasar cathetan sajarah peradapan Mesir kuna sampun dados rerenggan. Kathah kuil-kuil tilaran saking faraoh kanthi motif kembang padma. Déning para penyadé-penyadé, kembang padma lajeng dipunbeta dhateng Assiria lan nyebar dhateng Pèrsi, India, lan Cina, ngantos dumugi ing Indonésia [2].

Wonten ing India lan Cina kembang seroja dipunanggep taneman ingkang suci. Bangsa Éropah tepang kaliyan padma sasampunipun dipunbeta lajeng mlebet rumah kaca ing kebun raya nalika taun 1787 [2].

Manfaat[besut | besut sumber]

Kala rumiyin tiyang Jepang, India lan Cina damel taneman padma dados bahan panganan kanthi manéka warni masakan lan ombèn-ombènan. Amargi raosipun ingkang éca kanthi kandhutan karbohidrat ingkang saé kanggé badan. Wijining padma ingkang taksih enèm saged dipundamel sup kejawi menika saged ugi dados sesulihipun teh [2].

Rimpang taneman padma ugi ngandhut endhog cacing trematoda ingkang saged gesang wonten ing awaking manungsa. Dados rimpang mentah ingkang dipundhahar saged dados sumber nularing parasit treamtoda. Godhongipun ingkang wiyar saged kanggé mbuntel tetedhan [2].

Taneman padma ingkang kathah kandhutan karbohidrat ugi sampun kalirik minangka salah satunggaling bahan tambahan wonten ing obat, mliginipun sasampunipun dados glepung. Béda kaliyan glepung beras lan glepung kanji ingkang sapunika dados bahan pengikat wonten ing prosès ekstrasi obat, taneman padma langkung garing lan ènthèng saéngga boten paring bobot ingkang kathah nalika prosès pengkapsulan[2].

Nandur Kembang padma[besut | besut sumber]

Taneman padma punika tumangkar saking wiji ingkang sampun tuwa. Kanggé nandur, kulit njawi ingkang atos kedah dipunkikir supados langkung kasar. Prosès punika kanthi ancas supados toya saged mlebet wonten ing wijinipun kanthi gampil saéngga wijinipun saged medalaken tunas. Saksampunipun punika wijinipun kedah dipun-kum wonten ing toya kanthi suhu 27 derajat Celcius lan 28 derajat Celcius. Wijinipun mesthi dados langkung ageng. Manawi sampun kados makaten wiji bakal dados kecambah lan wiwit medal tunas lan godhongipun. Lajeng dipunpindhah dhateng papan ingkang mawi blethok kanthi dhuwuring toya kirang langkung 30 cm. Manawi dipunrawat kanthi saé, kembang padma saged tuwuh kanthi saé ugi[2].

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. [1] Archived 2012-08-17 at the Wayback Machine., (id) http://balifotografer.net Archived 2012-09-13 at the Wayback Machine. (dipun-akses tanggal 24 November 2012).
  2. a b c d e f [2] Archived 2012-09-13 at the Wayback Machine., (id) http://www.anneahira.com (dipun-akses tanggal 24 November 2012).