Menyang kontèn

Saraswati

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Saraswati

Saraswati inggih punika salah satunggal saking tigang dèwi utama wonten ing agama Hindhu, dèwi ingkang sanèsipun inggih punika Dèwi Sri Laksmi saha Dèwi Durga. Saraswati inggih punika sakti utawi garwanipun Déwa Brahma. Saraswati punika asalipun saking tembung sr ingkang ngemu teges "ngalir". Wonten sajeroning kitab Rgweda V. 75.3, Saraswati ugi ingaran Dèwi Kali, kejawi Gangga, Yamuna lan sapiturutipun.[1]

Wonten ing agama Hindhu

[besut | besut sumber]

Saraswati inggih punika salah satunggaling dèwi ingkang dipunpuja wonten ing agama Weda. Asma Saraswati kalebet wonten ing Rgweda lan ugi wonten ing sastra Purana (kempalan ajaran saha mitologi Hindhu). Saraswati ugi minangka dèwi ngèlmu kawruh lan seni ugi sok diarani dèwi kawicaksanan.[2]

Wonten ing aliran Wedanta, Saraswati kagambaraken dados kekiyatan saha saktinipun Déwa Brahma. Rikala jaman rumiyin, Saraswati dipunpitadosi dados panguwaosipun ngèlmu kawruh lan seni. Para panganut Wedanta pitados, kanthi nguwaosi ngèlmu kawruh lan seni, punika dados salah satunggaling margi kanggé moksa.[3]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Sajarah utawi asal muasalipun Saraswati kagayutaken kaliyan Kali Saraswati wonten ing Rajastan. Dèwi punika kagayutaken dhateng bab paciptan kados ta tirta ingkang ageng mumpangatipun kanggé bibit tetuwuhan lan tetuwuhan sanèsipun. Dèwi Saraswati dipunpuja rikala laré-laré miwiti sinau maos lan nyerat. Wonten ing India kathah sekolah-sekolah ingkang muja Saraswati sadèrèngipun miwiti pasinaon.
[4]

Teges Lambang Saraswati

[besut | besut sumber]

Dèwi Saraswati kagambaraken kanthi dèwi ingkang ayu pasuryanipun, gadhah asta sekawan ingkang ngasta Genitri, Keropak, Wina, Kembang Teraté, ugi wonten manuk merak lan banyak, ingkang sadaya punika gadhah teges:[5]

  • Wanita tegesipun ngèlmu kawruh ingkang nengsemaken manah
  • Genitri tegesipun ngèlmu punika boten wonten pungkasanipun manawi dipunkawruhi saben jaman
  • Keropak tegesipun pralambang sumber kanggé nyimpen ngèlmu
  • Wina tegesipun ngèlmu punika saged dados daya seni
  • Kembang Teraté tegesipun ngèlmu punika suci
  • Banyak tegesipun ngèlmu punika saged maringi kawicaksanan tumrap sinten kémawon ingkang gadhah, kanggé mbédakaken pundi ingkang becik lan pundi ingkang nistha.
  • Manuk Merak tegesipun ngèlmu punika saged maringi kawibawan tumrap sinten kémawon ingkang gadhah.
    [5]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. [1](dipunundhuh tanggal 12 Oktober 2012)
  2. [2](dipunundhuh tanggal 29 Oktober 2012)
  3. [3](dipunundhuh tanggal 29 Oktober 2012)
  4. Dharam Vir Singh (Alih Basa Déning I. G. A. Dewi Paramitha, S. S. (2006). Hinduisme Sebuah PengantarISBN 978-979-722-399-1. Surabaya: Penerbit Paramita.
  5. a b I Ketut Sukartha, dkk. (2003). Agama Hindu untuk SLTP Kelas 3ISBN 979-571-020-6 (jilid 1). Denpasar: Penerbit Ganeca Exact.