Arca Amoghapasa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Arca Amoghapasa.
Tulisan ingkang dipuntambahaken Adityawarman kaukir ing pérangan wingking arca Amoghapasa.

Arca Amoghapasa inggih punika patung watu pāduka Amoghapāśa minangka salah satunggaling perwujudan Lokeswara kados ingkang sampun dipunsebutaken ing prasasti Padang Roco. Patung punika minangka bebungah saking Kertanagara raja Singhasari dhateng Tribhuwanaraja raja Melayu ing Dharmasraya rikala taun 1208 Saka utawi 1286 Masèhi. wonten ing pérangan lapik (alas) arca punika wonten seratan ingkang dipunwastani prasasti Padang Roco ingkang ngandharaken panyaosan bebungah arca punika. Pawarta pangiriman arca Amoghapasa punika kaserat ing alas arca kanthi tanggal 22 Agustus 1286. Déné ing pérangan wingking araca mau wonten seratan ingkang dipunsebut kanthi nama prasasti Amoghapasa bertarikh 1346 Masèhi.

Deskripsi arca[besut | besut sumber]

Arca Amoghapasa punika inggilipun 163 sèntimèter, amba 97-139 sèntimèter, lan kadamel saking watu andésit.[1]

Amoghapasa minangka salah satunggaling boddhisatwa perwujudan Lokeswara utawi Awalokiteswara wonten ing kapitadosan Buda Mahayana ingkang nglambangaken sipat welas asih.[2] Kados ingkang kagambaraken wonten ing prasasti Padang Roco, arca punika dipuniringi sekawan welas pangikut (murid) Amoghapasa. Sekawan tiyang jumeneng ing kekalih sisih kanthi sikap badan nengadhah sinambi maringi hurmat lan muliakaken Amoghapasa, déné sedasa ingkang sanès sami lenggah ing nginggil padam nglayang ing latar wingking. Wonten ing pérangan andhapipun kaukir 7 ratna wujud lambang-lambang buddhisme inggih punika stupa, cakra, tara, boddhisatwa, kijang, lan gajah. Nanging pasuryan lan lengen Amoghapasa punika sampun risak, makaten ugi ukiran sapérangan pangikutipun sampun sami risak.

Pembubuhan prasasti Adityawarman[besut | besut sumber]

Wonten ing taun 1347 Masehi, Adityawarman nambah pahatan aksara wonten ing pérangan wingking patung mau kanggé nyatakaken bilih patung punika nglambangaken piyambakipun. Seratan punika dipunsebut Prasasti Amoghapasa. Kamungkinan piyambakipun ugi ingkang mindhahaken arca punika saking Padang Roco dhateng Rambahan. Pamindhahan lan pembubuhan prasasti tambahan punika dipunduga minangka upaya Adityawarman ngukuhkan lègitimasi pulitikipun saking karajan Melayu Dharmasraya.

Panemuan[besut | besut sumber]

Pérangan alas lan pérangan arca kapanggihaken kanthi kapisah, nanging aslinipun kekalih pérangan punika minangka satunggal kesatuan ingkang dipunkintun saking Jawa déning Kertanagara. Pérangan arca kapanggihaken sakitar taun 1880-an ing Situs Rambahan ingkang dumunung ing caket kali Langsat, sakitar 10 kilomèter arah dhateng hulu kali Batanghari. Déné pérangan alas ingkang dipunsebut Prasasti Padang Roco kapanggihaken nalika taun 1911 ing kompleks percandhian Padang Roco. Sapunika kekalih pérangan punika dipunmanunggalaken malih, arca Amoghapasa lan alasipun dipunsimpen ing Musèum Nasional Indonésia ing Jakarta kanthi nomer inventaris D.198-6468 (pérangan alas) lan D.198-6469 (pérangan arca).

Prasasti[besut | besut sumber]

  • Kanggé prasasti ingkang kaserat ing lapik (alas) arca sumangga ngrujuk dhateng Prasasti Padang Roco
  • Kanggé prasasti ingkang kaserat ing bagyan wingking arca sumangga ngrujuk dhateng Prasasti Amoghapasa

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Koran Tempo: Menyusuri Jejak Ekspedisi Pamalayu
  2. Mahāwitthayālai Sinlapākōn; Phāk Wichā Phāsā Tawanʻōk (2003). Sanskrit in Southeast Asia. Sanskrit Studies Centre, Silpakorn University. ISBN 974-641-045-8.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung)