Maitreya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Maitreya

Wonten ing agama Buda, Bodhisattva Maitreya inggih punika Buda ingkang badhé rawuh. Wonten ing basa Tionghoa, Maitreya dipunkenal minangka Mile Pusa (彌勒菩薩).

Wonten ing agama Buda dipunajaraken bilih buddha minangka sawijining gelar, saèngga Buda sanès nedahaken dhateng Buda Sakyamuni kémawon. Buda ingkang badhé rawuh sasampuning Buda Sakyamuni inggih punika Buda Maitreya ingkang sakmenika taksih kagungan gelar minangka bodhisattva (calon Buda).[1]

Maitreya papan dunungipun wonten ing surga Tusita, ingkang minangka papan dunungipun kanggé para bodhisatva sadèrèngipun dugi tingkat ke-buddha-an. Buda Sakyamuni ugi dumunung wonten ing mriki sadèrèngipun miyos minangka Sidharta Gotama ing donya.[2]

Maitreya wonten ing literatur[besut | besut sumber]

Buda Gotama sanès minangka Buda ingkang kapisanan ing masa-donya punika (masa-donya utawi kalpa; satunggal kalpa dangunipun kirang langkung 4.320.000.000 taun). Buda-Buda sadèrèngipun inggih Buda Kakusandha, Buda Konagamana, Buda Kassapa, Buda ingkang badhé rawuh inggih punika Buda Mettaya (Maitreya). Wonten ing Cakkavatti-Sihanada Sutta, Sutta ke-26 saking Digha Nikaya dipuntedahaken bilih:

"Nalika semanten kutha ingkang sakmeniak minangka Varanasi badhé dados sawijining ibu kutha ingkang nama Ketumati, kiyat lan makmur, dipunpadati déning rakyat lan sami kecekapan. Wonten ing Jambudvipa badhé wonten 84.000 kutha ingkang dipunpimpin déning Ketumati minangka ibu kutha. Lan nalika wekdla punika tiyang badhé kagungan yuswa gesang sadangunipun 84.000 taun, wonten ing kutha Ketumati badhé bangkit satunggaling Raja ingkang nama Sankha, satunggaling Cakkavati (Raja Donya), satunggaling raja ingkang saé, penakluk sekawan penjuru. Lan nalika tiyang-tiyang kagungan pangajab gesang dumugi yuswa 84.000 taun punika medal ing donya satunggaling tiyang Ingkang Kaberkahan, Arahat, Sammasambuddha ingkang nama Metteya"

Wonten ing salebetingBuddhavacana Maitreya Bodhisattva Sutra kasebutaken ugi:

"O, Arya Sariputra! Nalika Buda énggal kasebut dipunmiyosaken ing donya Jambudvipa. Situasi lan kahanan donya Jambudvipa punika langkiung saé tinimbang wekdal punika! Toya laut radi susut lan daratan samsaya tambah. Diameter permukaan laut saking sekawan lautan badhé sami nyusut kinten-kinten 3000 yojana, Bumi Jambudvipa wonten ing wiyar 10.000 yojana persegi, persis kaca ingkang kadamel saking permata lazuardi lan permukaan buminipun mekaten rata lan resik"

Cathetan suku[besut | besut sumber]