Reca Dwarapala

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Reca Dwarapala kang ana ing Candhi Plaosan.

Situs Reca Dwarapala manggon ana ing sakuloné Candhi Singosari.[1] Reca iki digawé saka watu monolitik kang dhuwuré 3,70 m.[1] Jaman biyèn reca iki minangka lawang gerbang karajan Singhasari.[1]

Jeneng Dwarapala asalé saka basa Sansekerta kang duwé teges pengawal lawang gerbang.[2] Yèn miturut ajaran Saiva kang ana gandhèngcènèngé karo ajaran rong reca kang dadi panjaga lawang gerbang, tegesé reca Dwarapala kang cacahé loro manggon ana ing sisih kuloné Karajan Singhasari.[2] Ing ajaran Saiva, katulis Siva ing pucuk Kailasa kang digambaraké ing wujud Lingga.[2] Ana ing lawang gerbang sisih wétan, ana panjaga kang utama ya iku Ganesha utawa Ganapati.[2] Ing lawang gerbang sisih lor ana panjaga kang utama ya iku Bhathari Gori.[2] Ing lawang gerbang sisih kidul ana panjaga utama ya iku Resi Agastya.[2] Kang njaga sisih kulon ya iku Kala lan Amungkala.[2] Saéngga reca Dwarapala kang dianggep dadi lawang gerbang Singosari bisa dadi panggambaran tokoh panjaga lawang gerbang sisih kulon Siva ya iku Kala lan Amungkala.[2]

Wujud situs[besut | besut sumber]

Reca Dwarapala digawé saka watu monolitik kang dhuwuré 3,70 m.[1] Miturut panlitèn saka BP3 Trowulan, reca Dwarapala duwé ukuran gedhé, ngadeg nganggo sikil siji maju sajangkah.[1][2] Yèn sakliwatan, reca loro kang dadi panjaga lawang gerbang iku kaya padha, saéngga diarani raseksa kembar.[1][2] Nanging tata tangan kang mbédakaké.[1][2] Reca Dwarapala kang manggon ana ing sisih kidul, tangan kiwa manggon ing nduwuré dhengkul kiwa.[1][2] Tangan tengené nyekeli gada kang ditelungkupaké mara mengisor.[1][2] Reca Dwarapala kang manggon ana ing sisih lor, tangan kiwa nyekeli gada kang ditelungkupaké, tangan tengen kaya "ngèlingaké" kanthi driji tengah diacungké mara mendhuwur, kang telu liyané dirapetaké ing dlamakan.[1][2]

Atribut kang dianggo déning reca loro iku kaya seram lan atos.[1][2] Sirahé nganggo iket kang dihias nganggo cumplung-tengkorakan.[1][2] Talingané nganggo anting wujud cumplung kang duwé jeneng Kapala Kundala.[1][2] Hiasan bahu diarani Sarpa Keyura ya iku kelat bahu kang awujud ula.[1][2] Hiasan gelang diarani Bhujangga Valaya, wujudé uga kaya ula.[1][2] Hiasan tali bahu kang mengisor mara weteng diarani Yajnopavita ya iku tali kasta kang arupa ula gedhé.[1][2] Ing ndhuwur wetengé nganggo sabuk kang diarani Udarabandha.[1][2] Ing guluné nganggo kalung saka cumplung kang diarani Kapala Hara.[1][2] Ing sikilé uga nganggo gelang saka ula, gelang iku diarani Bhujangga Nupura.[1][2]

Loro reca iku nggawa gada awujud Wajra.[1][2] Wajra ya iku lambang gludhug kang duwé kakuwatan gedhé.[1][2] Yèn dideleng, wangun gada saka raseksa ana bédané.[1][2]

Ing ngisoré reca raseksa nganggo kain sarung motif cumplung.[1][2] Akèh rerenggan-rerenggan motif cumplung kang dadi atribut-atribut reca Dwarapala kang dadi ciri langgam utawa gaya kasenian jaman karajan Singhasari kang dhedhasar agama Siva Buda aliran Tantra.[1][2]

Reco loro iku manggon ana ing sakiwa tengené dalan désa Candirenggo.[1][2]

Gladri[besut | besut sumber]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y Budaya-Arca Dwarapala(diundhuh tanggal 6 Juni 2011)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac Budaya: Arca Dwarapala(diundhuh tanggal 13 Juni 2011)