Angkor

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Angkor
Angkor Wat W-Seite.jpg
Situs Warisan Donya UNESCO
Pernah Kamboja Edit this on Wikidata
Kalebu Angkor Thom
Angkor, world heritage site
Baksei Chamkrong
Banteay Kdei
Banteay Samré
Banteay Srei
Baphuon
Baray Barat
Bayon
Chau Say Tevoda
East Baray
Kbal Spean
Khleangs
Krol Ko
Lolei
Mebon Timur
Neak Pean
Phimeanakas
Phnom Bakheng
Phnom Krom
Prasat Ak Yum
Prasat Bei
Prasat Kravan
Pre Rup
Preah Khan
Preah Ko
Preah Palilay
Preah Pithu
Spean Thma
Srah Srang
Ta Keo
Ta Nei
Ta Prohm
Ta Som
Teras Gajah
Teras Raja Kusta
Thommanon
West Mebon
Angkor Wat Edit this on Wikidata
Paugeran i, ii, iii, iv
Rujukan 668
Koordhinat 13°26′00″N 103°50′00″E / 13.433333333333°N 103.83333333333°E / 13.433333333333; 103.83333333333
Prasasti 1992 (Sèsi 16)
Ing Bebaya 1992-2004

Angkor inggih punika kutha krajan Karajan Khmer wonten ing periode dangu saking abad ke-9 dumugi abad ke-15 Masehi. Istilah tembung Angkor asalipun saking basa Sanskertanagara (नगर), ingkang ateges "nagara".[1] Periode Angkor dipunwiwiti nalika taun 802 nalika raja Hindhu Khmer Jayawarman II nitahaken piyambakipun minangka "panguwasa jagat" lan "déwa-raja", lan periode punika kalampahaken dumugi 1431, nalika Ayutthaya nyerang kutha krajan Khmer, lan ndhesek rakyatipun ngungsi ing sisih kidul ing kawasan Phnom Penh.

Reruntuhan Angkor dumunung ing alas lan lemah kebon ingkang mbentang antawis Danau Besar Tonle Sap ing kidul lan perbukitan Kulen ing sisih lèr. Situs punika dumunung ing caket kutha Siem Reap (13°24′LU, 103°51′BT), Kamboja sapunika, lan minangka Situs Warisan Donya UNESCO. Kuil-kuil wonten ing Angkor Wat, sapunika sapérangan ageng sampun dipunpugar, minangka bagéyang saking tuladha arsitèktur Khmer. Cacahing pangunjung papan punika wekdal punika antawis satunggal yuta saben taunipun.

Kuil Angkor Wat

Nalika taun 2007, sawijining tim internasional kanthi migunakaken pencitraan satelit nyimpulaken bilih Angkor minangka kutha pra-indhustri paling ageng ing donya, kanthi sistem infrastruktur rumit ingkang ngubungaken kawasan permukiman kanthi amba 1000 kilomèter persegi dumugi ing pusat kutha papan jumenengipun kuil-kuil ingkang agung.[2] Kutha pra-indhustri paling ageng sanésipun inggih punika kutha Tikal ing Guatemala, ingkang ukuranipun antawis 100 lan 150 kilomèter persegi.[3] Éwadéné prakiran cacah penduduk kutha Angkor taksih dados subyek panalitén lan topik dhebat, panalitén ingkang palinmg énggal nedahaken bilih sistem tetanén Angkor ingkang éfisién saged nyekapi kabetahan pangan dumugi satunggal yuta jiwa penduduk.[4]

Tinjauan Sajarah[besut | besut sumber]

Pusat Kemaharajaan Khmer[besut | besut sumber]

Periode Angkor dipunwiwiti boten dangu sabibaripun taun 800 M, nalika raja Khmer Jayawarman II mbiwarakaken kamardikan Kambujadésa (Kamboja) saking Jawa lan mbiyangun kutha krajan énggal ing Hariharalaya (sapunika Roluos) wonten ing pucuk lèr tlaga Tonle Sap. Kanthi nglancaraken ékspédisi militér, persekuthuan, palakrama lan penganugerahan lahan, piyambakipun saged manunggalaken nagara ingkang winatesan kaliyan China (ing sisih lèr), Champa (sapunika Vietnam tengah, ing sisih wétan), lautan (ing sisih kidul) lan kawasan ingkang dipunsebutaken adhedhasar prasasti minangka "tanah kapulaga lan pelem" (ing sisih kilén). Nalika taun 802, Jayavarman nyatakaken status énggalipun minangka "penguasa jagat" (chakrawartin), lajeng nggayutaken piyambakipun kaliyan panyembahan dhumateng Siwa ingkang dipuntirukaken déning raja-raja panerusipun, kanthi mendhet gelar "déwa-raja".[5] Sadèrèngipun éra Jayavarman, Kamboja kasungsun saking sapérangan karajan mardika ingkang sadayanipun dipunsebut déning bangsa China kanthi sebutan nagara Funan lan Chenla.[6]

Nalika 889 M, Raja Yasowarman I minggah takhta.[7] Raja agung punika misuwur minangka pembangun ingkang hébat. Caket kutha krajan dangu Hariharalaya, Yasowarman yasa kutha énggal ingkang dipunsebut Yasodharapura. Sami kaliyan tradhisi sadéréngipun, piyambakipun yasa kolam penampungan tirta ingkang ageng ingkang winastan baray. Makna pambangunan reservoir utawi penampungan tirta sampun dados bahan gunemanipun para ilmuwan modern, sapérangan kagungan pamanggih punika minangka infrastruktur irigasi tetanén pantun, déné pihak sanésipun nganggep kolam ageng punika minangka simbol keagamaan ingkang nglambangaken samudra ageng wonten ing mitologi Hindhu ingkang ngubengi gunung Mahameru, papan dunungipun para. Gunung punika dipunlambangaken kanthi candhi ingkang inggil, ing pundi sang "déwa-raja" dipunlambangaken kanthi sawijining lingga.[8] Adedasar simbolisme semesta punika, Yasowarman yasa kuilipun ing sawijining bukit ingkang dipunsebut Phnom Bakheng, ingkang dipunubengi selokan ingkang tirtanipun dipunaliraken saking baray. Piyambakipun ugi yasa kathah kuil Hindhu lan asrama minangka papan dumunungipun para pertapa brahmana.[9]

Dangunipun langkung saking 300 taun, kurun 900 dumugi 1200, Kemaharajaan Khmer yasa mahakarya arsitèktur donya ing kawasan Angkor. Kathah-kathahipun bangunang punika ngebaki kawasan ingkang ambanipun 24 kilomèter saking wétan mring kilén, lan 8 kilomèter saking lèr mring sisih kidul, éwadéné Taman Purbakala Angkor ugi nglingkupi situs ingkang langkung tebih kados ta Kbal Spean ingkang dumunung antawis 48 kilomèter ing sisih léripun. Sakitar 72 candhi utama lan yasan sanésipuning kawasan punika, kalebet kuil-kuil alit ingkang kapencar langkung tebih. Amargi kasebar tebih, dataranipun ingkang andhap, lan pola permukiman bangsa Khmer, Angkor boten kagungan wates ingkang formal ingkang jelas, saéngga jembar persisipun boten saged dipunprakirakaken. Éwadéné makaten, kawasan spesifikipun sakitar 1.000 km². Wonten ing balik kuil utama wonten sistem infrastruktur ingkang awrat, kalebet jaringan margi lan kanal ingkang nedahaken gegayutan inggil lan integrasi antawisipun laladan pinggir kutha kaliyan pusat kutha. Wonten ing babagan jembar spasial, Angkor dados kawasan urban gabungan paling ageng sadéréngipun era Revolusi Industri, kanthi gampil nglampoi kutha Tikal wonten ing peradaban Maya.[2] Wonten ing babagan jembaran urban, Angkor saged dipunbandhingaken kaliyan ukuran kutha modern Los Angeles, lan dipunngendiakaken kagungan ukuran 17 kali lipat langkung ageng saking pulo Manhattan.

Pambangunan Angkor Wat[besut | besut sumber]

Candhi Angkor Wat

Angkor Wat minangka salah satunggaling candhi utama wonten ing wewengkon Angkor, dipunyasa antawis taun 1113 lan 1150 saking dhawuhing raja Suryawarman II. Suryawarman minggah tahta sasampunipun saged ngasoraken pangeran ingkang dados mungsuhipun. Sawijining prasasti nedahaken bilih Suryawarman menangaken perang kanthi cara malumpat dhateng geger gajah perang mungsuh lajeng numpes mungsuhipun, kados déné Garuda mbesmi ula naga.[10]

Sasampunipun, nglajengaken posisi pulitikipun lumantar serangan militèr, diplomasi, lan administrasi domestik ingkang teges, Suryawarman miwiti pambangunan Angkor Wat minangka Candhi pribadinipun ugi minangka kuil lan pasaréan papan piyambakipun dipunsarekaken. Piyambakipun medhot tradhisi raja-raja Khmer sadèrèngipun ingkang langkung nengenaken muja Déwa Shiwa saperlu muja Déwa Wishnu wonten ing India. Piyambakipun nyebut candhi punika minangka Vishnuloka. Kanthi tembok ingkang panjangipun 2,4 kilomèter wonten ing saben sisihipun, Angkor Wat kanthi megah nggambaraken kosmologi Hindhu, kanthi menara utama ingkang nglamabangaken gunung Meru, papan dunungipun para Déwa; tembok njawinipun nglambangaken pagunungan ingkang ngubengi donya; saha parit ageng ingkang nglambangaken samudra ingkang wiyar. Tema tradisionalipun inggih punika ngidentifikasi déwa-raja Kamboja kaliyan déwa Hindhu, lan papan dunungipun inggih punika karajan langit (swargaloka) ingkang katingakl saking sadaya perwujudan lan pralambang candhi agung punika. Ukuran candhi punika piyambak kagungan teges kosmologis ingkang nglamnbangaken alam semesta.[11] Suryawarman paring dhawuh tembok candhi punika dipunhias kanthi bas relief ingkang kejawi nedahaken adegan wonten ing mitologi, ugi wonten ing pagesangan saben dinten ing karajan. Salah satungggaling adeganipun nggambaraken sang raja kanthi ukuran ageng saweg lenggah sila wonten ing singgasana inggil wonten ing tengah saweg mimpin rapat karajan, déné para dayang-dayang lan pangiringipin sami ngipasi lan mayungi raja.

Jayavarman VII[besut | besut sumber]

Arca perwujudan Jayavarman VII ingkang kapajang wonten ing Musée Guimet, Paris

Samsampunipun raja Suryavarman tilar donya udakawis taun 1150 masehi, karajan dados rebutan wonten ing nagari punika. Negeri Champa ing sisih wétan (sapunika Vietnam Selatan) migunakaken kahanan punika kanthi nyerang Angkor nalika taun 1177, lewat laut lajeng nglewati Kali Mekong lan nyabrang tlaga Tonlé Sap. Balatentara Champa saged ngasoraken kutha krajan Khmer wonten ing Yasodharapura lan ngasoraken raja ingkang madeg nata. Ananging salah satunggaling pangeran Khmer ingkang salajangeipun dados Jayawarman VII ngemapalaken bala tentara lan rakyatipun, saéngga saged ngasoraken tentara Champa wonten ing tlaga lan ing daratan. Rikala taun 1181, Jayavarman madeg nata dados ratu. Piyambakipun lajeng dados raja Khmer Angkor ingkang paling agung.[12] Wonten ing sisa - sisa kutha Yasodharapura, Jayawarman mbiyangun kutha kanthi bètèng Angkor Thom, ingkang dipunjangkepi kanthi pusat spiritual inggih punika candhi Bayon. Bas-relief wonten ing Bayon nggambaraken boten namung adegan paprangan sang Nata ingkang ngasoraken prajurit Champa, ananging ugi manéka adegan pagesangan saben dintenipun rakyat Khmer, inggih rakyat ingkang gesang wonten ing désa punapa déné pagesangan kaum bangsawan ing karaton.

Minangka tambahan, Jayawarman mbiyangun candhi-candhi ingkang misuwur sanèsipun, kados ta Ta Prohm lan Preah Khan, ingkang katujokaken kanggé kekalih tiyang sepuhipun Jayawarman VII. Proyek pambangunan ageng punika sesarengan kaliyan pralihan agama karajan saking Hinduisme dados Buda Mahayana, dipuntambah malih Jayavarman piyambak ugi mlebet agama Buda Mahayana. Nalika masa pamaréntahan Jayavarman VII, candhi-candhi Hindhu fungsinipun gantos dados candhi Buda kanthi nambahaken arca Buda wonten ing salebeting candhikasebut, Angkor Wat sawatawis gantos fungsi dados candhi Buda. Sasampunipun Jayavarman VII tilar donya, agama Hindhu bangkit malih, lan medal obahan mbangsulaken kawibawan agama Hindhu kanthi aksi ngrisak arca buddha lan mbangsulaken fungsi candhi Hindhu, obahan punika kadadosan dumugi abad kaping 14 nalika Buda aliran Theravada dados agama dominan wonten ing Kamboja.[13]

Raja ingkang Madeg Nata wonten ing Angkor[besut | besut sumber]

Angkor minangka pusat pamerentahan bangsa Khmer wonten ing Kamboja, ing ngandhap punika minangka pratélan raja - raja ingkang naté madeg nata wonten ing Angkor:

*Jayawarman II (802-850)
 *Jayawarman III (850-877)
 *Indrawarman I (877-889)
 *Yasowarman I (889-900)
 *Jayawarman IV (928-942)
 *Rajendrawarman (944-968)
 *Jayawarman V (968-1001)
 *Suryawarman I (1002-1050)
 *Udayadityawarman II (1050-1066)
 *Harshawarman III (1066-1080)
 *Draranindrawarman I (1107-1113)
 *Suryawarman II (1113-1150)
 *Dharanindrawarman II(1150-1156) 
 *Yasowarman II (1156-1165) 
 *Tribhuwanidityawarman (1165-1177) 

Serangan Champa: 1177-1181

 *Jayawarman VII (1181-1218) 
 *Indrawarman II (1218-1243) 
 *Jayawarman VIII (1243-1295) 
 *Indrawarman III (1295-1307) 
 *Srei Jayawarman (1307-1327) 
 *Jayavarman IX (1327-1336) 
 *Trosok Peam (1336-1340) 
 *Nippean Bat (1340-1346) 
 *Lompong Racha (1346-1351) 
 *Serangan Siam: 1352-1357 
 *Soryavong (1357-1363) 
 *Borom Reachea I (1363-1373) 
 *Thomma Saok (1373-1393) 

Serangan Siam: 1393

 *Barom Reachea II  (1393-1463)

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Higham, The Civilization of Angkor, p.4.
  2. ^ a b Evans et al, A comprehensive archaeological map of the world's largest preindustrial settlement complex at Angkor, Cambodia, Proceedings of the National Academy of Sciences of the USA, August 23, 2007.
  3. ^ "Map reveals ancient urban sprawl," BBC News, 14 August 2007.
  4. ^ Metropolis: Angkor, the world's first mega-city, The Independent, August 15, 2007
  5. ^ Higham, The Civilization of Angkor, pp.53 ff.; Chandler, A History of Cambodia, p.34 ff.
  6. ^ Chandler, A History of Cambodia, p.26; Coedès, Pour mieux comprendre Angkor, p.4.
  7. ^ Higham, The Civilization of Angkor, pp.63 ff.
  8. ^ Coedès, Pour mieux comprendre Angkor, p.10.
  9. ^ Higham, The Civilization of Angkor, p.60; Chandler, A History of Cambodia, p.38 f.
  10. ^ Higham, The Civilization of Angkor, pp.112 ff.; Chandler, A History of Cambodia, p.49.
  11. ^ Chandler, A History of Cambodia, p.50 f.
  12. ^ Higham, The Civilization of Angkor, pp.120 ff.
  13. ^ Higham, The Civilization of Angkor, p.116.