Uttarakanda

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Jump to navigation Jump to search

Uttarakanda punika satunggiling karya sastra Jawi Kina ing dipun-serat mawi basa gancaran. Karya sastra puniki ugi kathah amot ukara-ukara sloka ing basa Sangaskreta mawi katranganipun ing basa Jawi Kina.

Isi[besut | besut sumber]

Ing purwakanipun asma prabu Dharmawangsateguh dipunsebat. Kitab punika pethikan saking wiracariyos Ramayana anggitan Walmiki ingkang pungkasan. Pérangan pungkasan punika boten kalebet ing Kakawin Ramayana Jawi Kina. Mirid panangguhipun para pakar, kitab Uttarakanda punika inggih pancèn anggitan énggal. Déné paprincening cariyos, kathah sanget. Kadosta: dumadosipun para danawa, leluhuripun sang Dasamuka; lairipun Dasamuka lan anggènipun clunthangan dhateng para Jawata tuwin para pandhita. Cariyosipun Arjunasasrabau ugi kalebet. Namung wosipun nyariyosaken lelampahanipun Dewi Sinta. Sasampunipun kondur wonten ing Ngayodya, para kawula sami kirang remen manahipun; para tetiyang ngalokaken manawi Dewi Sinta sampun nylingkuh awit sampun dangu tumut mengsah lha kok dipuntampani malih.

Prabu Rama mituruti kajengipun praja, Déwi Sinta dipunpegat lajeng katundhung. Mangka saweg wawrat. Sareng sang Sinta kawelas-asih dumunung wonten ing patapan lajeng patutan kakung kembar, kaparingan nama sang Kusa saha sang Lawa. Inggih raden kalih punika ingkang dipuncaryosaken kawulang déning sang Walmiki anggancaraken lelampahipun ingkang rama, prabu Rama, dados cariyos Ramayana punika. Sareng sang Sita badhé dipun-timbali wangsul dhateng kadhaton, siti bengkah, Déwi Sita lumebet, ketangkep ing siti séda. Prabu Rama ugi lajeng séda ngenes.

Sumber[besut | besut sumber]