Anoman

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Anoman
Wayang kulit Anoman
Wayang kulit Anoman.
Jeneng miturut basa
Basa Sangskreta Hanumān utawa Hanumat (kasus nominativus singular)
Jeneng miturut aksara
Dewanagari हनुमत्
aksara Bali
aksara Jawa ꦄꦤꦺꦴꦩꦤ꧀

Anoman iku paraga wayang ing carita Ramayana. Ing pedhalangan Jawa, Anoman uga katon ing Mahabharata, amarga dhèwèké tansah nunggu Dasamuka nganti akir jaman. Anoman wujudé kaya kethèk. Paraga iki kalebu wayang-wayang Bayu.

Dasanama[besut | besut sumber]

  • Maruti = angin
  • Anjaniputra = putrané Anjani
  • Hanuman (versi India)
  • Bayusiwi = putrané Bathara Bayu
  • Bayudara = putrané Bathara Bayu
  • Handayapati = nduwé daya/kakuwatan kang gedhé banget
  • Yudawisama = sénopati perang
  • Kapiwara = raja wanara
  • Mayangkara = asmané nalika wis dadi pandhita/begawan
  • Palwagaseta = wanara putih
  • Prabancana = angin
  • Senggana

Wanara Hanuman[besut | besut sumber]

Ing vèrsi Indhia, Anoman wujudé wanara. Wanara dhéwé saka tembung wana kang tegesé alas lan nara kang tegesé manungsa. Dadi, ing kana wanara dudu kethèk, nanging sawijining makluk ing antarané manungsa lan kethèk, wujudé manungsa nanging nduwé buntut. Ing Basa Jawa, wanara nduwé teges kethèk.

Ing sawetara pérangan Indhia, ana kang muja Hanuman kaya déné déwa-déwa. Ana uga kang ngira yèn paraga mistis Cina Sun Wukong asliné Hanuman iki.

Carita Wayang[besut | besut sumber]

Anoman iku putrane Dewi Anjani lan Bathara Guru. Dumadine Anoman nalika Dewi Anjani tapa nyanthuka ana ing dhampenge tlaga Madirda. Tapane Dewi Anjani nganti pirang-pirang taun, ora mangan yen ora ana kleyang tiba ing papane mretapa, ora ngombe yen ora ana embun tumetes ing lambene.

Sawijining dina, Bathara Guru nganglang jagad nitih Lembu Andini ngambah ing dirgantara. Nalika lakune tekan sandhuwure tlaga Madirda, priksa wanodya tapa ing dhampenge tlaga, wuda blejed pindha kodhok ndhodhok, sanalika Bathara Guru kagugah birahine. Njalari kama korut. Kama tiba ing dhampenge tlaga Madirda. Dene klepretane kang isih tumemplok diusap nganggo godhong sinom (godhong asem kang isih nom) nuli diuncalake menyang tlaga Madirda, tiba ing sacedhake Dewi Anjani mretapa. Godhong sinom disaut lan didhahar Dewi Anjani.

Kaelokane, amarga dhahar godhong sinom lan dayane kamane Bathara Guru, Dewi Anjani nggarbini. Bareng tekan leking mangsakala Dewi Anjani babaran wujud bayi kethek putih. Dening Dewi Anjani, bayi kethek putih keparingan tetenger Senggana (Anoman).

Bayi Senggana cepet gedhe pindha ginege. Karosane kagila-gila, luwih saka pepadhane (rosa banget) lan bisa mabur. Sawijining dina, takon bapa marang Dewi Anjani. Dewi Anjani kewuhan anggone mangsuli, mula lelakone nalika tapa ing tlaga Madirda dicritakake. Mesthi wae Senggana urung marem krungu critane ibune. Nuli pamit arep ngupadi sudarmane.

Senggana mabur menyang kahyangan. Takon marang ratuning para dewa. Sawise tekan Kahyangan Jonggringsaloka, takon marang Bathara Guru sapa sejatine ramane. Bathara Guru ora bisa paring katrangan cetha, Senggana mbujung rembug, nanging Bathara Guru tetep ora bisa paring wangsulan kang cetha. Senggana jengkel, banjur ngetapel njaluk gendong menyang pundhake Bathara Guru, ora bakal mudhun yen durung diaku putra.

Bathara Narada priksa kedadeyan iku, gumujeng kepingkel-pingkel. Ngendikane tledhak-tledhok nganyelake, " Adhi Guru punika ratuning para dewa. Tumindak sapecak ngendika saklimah kedah kangge conto, nalika ing sanginggiling tlaga Madirda nate makarti punapa? Lha yen ratune wae tumindake sok nyandhung-nyandhung, njur kadospundi ingkang sami mulad?"

Bathara Guru mrekitik, sigra methik godhong nila, dimantrani, banjur ditemplekake menyang gegere Bathara Narada. Sanalika godhong nila mau malih dadi kethek cebol kaya Bathara Narada, ngethapel njaluk gendhong. Ora gelem mudhun yen durung diaku putra. Wasana Bathara Narada gelem ngaku putra. Kethek putrane nuli tetenger Jaya Anila.

Semono uga Bathara Guru, kersa ngaku putra kethek kang ulese putih. Kethek putrane banjur kaparingan jeneng Anoman, amarga dumadi saka godhong sinom.

Nalika suwita marang Prabu Rama, Senggana (Anoman) tau didadekake duta, entuk gawe. Malah bisa ngobong kedhaton Ngalengka lan njalari sirnane bupati Ngalengka kang cacahe 21.



Deleng uga[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]