Wit Sembung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Wit Sembung
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Asterales
Famili: Asteraceae
Génus: Blumea


Sembung (Blumea balsamifera Lour) utawa ing basa Banggai kasebut Pakundalang, yaiku salah sawijining tanduran saka Népal. Ing negara asliné godhong iki kaaran ai na xiang.[1] Tanduran iki kalebu ing marga Blumea. Kembang sembung warnané putih dhedhompolan, rasané pedhes semu pait lan gandané kaya empon-empon.[1]

Wujud lan Thukulé[besut | besut sumber]

Wit sembung kalebu golongané wit-witan perdu, dhuwuré udakara 4 mèter, duwéni gagang kang empuk lan duwéni wuluh alus ing pinggirané.[2] Ing poking gagang thukul godhong cilik-cilik kang wujudé dawa tur lincip, kandel lan ana wuluhné alus. Yèn godhongé diremet ngetokaké ganda langu kaya déné kapur barus.[1] Tanduran iki thukul ana ing lemah kang dhuwuré 2200 mèter sadhuwuring laut. Kanggo nandur wit sembung bisa nganggo winih utawa nganggo gagang kang ana oyodé. Lumrahé wit sembung akèh ditemokaké ana ing pinggir kali, kebon, utawa panggonan kang lembap.

Sipat Kimia[besut | besut sumber]

Tanduran iki duwéni manéka sipat kimia, yaiku lenga atsiri 0.5% (sineol, borneol, landerol, limonene, beta-eudesmol, beta-champene, myrcene, lan kamper), flavanol, tanin, damar, saponin, lan ksantoksilin.[2]

  1. Tanin; wujuding polifenol alami kang gayut karo protéin utawa polimèr liya kaya ta sélulosa, hemisélulosa, lan pèktin kanggo mbentuk senyawa komplek kang stabil. Tanin bisa ngalang-alangi tuwuhé baktèri patogén.
  2. Saponin; awujud senyawa surfaktan kang sipaté imunostimulator lan antikarsinogénik.

Kasiyat[besut | besut sumber]

Umume kang digunakaké kanggo obat yaiku godhongé, amarga godhong sembung duwéni manéka munpangat. Miturut masarakat Banggai, wit Pakundalang utawa Sembung ana rong jinis, yaiku sembung lanang lan sembung wadon. Wit Sembung lanang digunakaké kanggo jamu tradhisional gantiné KB.[3] Godhong sembung bisa kanggo antiradang, nglancaraké ilining getih, matèni baktèri, lan ngangetaké awak.[2] Saliyané kuwi, godhong sembung uga bisa kanggo ngilangi abuh-abuh lan getih kang njèndhel, mbancaraké entut, ngetokaké kringet, ngetokaké riyak, obat watuk, lan minangka tonikum.[1] Godhong sembung bisa digunakaké kanggo obat reumatik, mèncrèt, nyeri haid, turun panas, lan bisa kanggo gantiné tèh.[4]

Miturut panalitèn kang wis ditindakaké, godhong sembung uga bisa kanggo ngobati lelara bronkitis, sinusitis, lan lara jantung. Saliyané munpangat kanggo manungsa, bisa uga kanggo kéwan amarga kandhungan saponin lan tanin kang sipaté antiviral, antibaktèri, lan anané immunomodulator kang bisa nambah napsu mangané kéwan, kandhangé uga ora mambu amonia yèn kéwan kasebut mangan godhong sembung.[2]

Cara Ngolah[besut | besut sumber]

Ana manéka cara ngolah godhong sembung kanggo jamu, béda lelara béda cara ngolahé.[1]

  1. Racikan kanggo tamba lara Bronkitis: 15 gram godhong sembung garing, saséndhok tèh adas legi, cengkèh 4, kayu manis 3cm, kapulaga 10 iji, 4 iji kemukus, banyu putih 3 gelas, uyah lan gula arèn sacukupé. Kabèh bahan digodhog 15 menit suwéné, banjur disaring lan diombé sadina kaping telu. Nalika nggodhog panci kudu ditutup rapet supaya minyak atsiri kang ana ing godhong sembung ora nguwab lan ilang kasiyaté.
  2. Racikan kanggo tamba lara jantung: godhong sembung akèhé samangkok kang uwis dikumbah banjur dirajang, godhog nganggo banyu putih 3 gelas. Godhogan kuwi mau dientèni nganti banyuné nyisa kira-kira sagelas, disaring banjur diombé sadina kaping telu sawisé mangan.
  3. Racikan kanggo tamba lara panas lan adhem panas: godhong sembung satekem digodhog suwéné 15 menit, disaring lan diombé sadina kaping pindho.
  4. Racikan kanggo mèncrèt lan kembung: godhong sembung satekem digodhog suwéné 15 menit, disaring lan diombé sadina kaping pindho.
  5. Racikan nalika weteng lara amarga nggarapsari (haid): godhogan godhong sembung katambah madu diombé sadina kaping telu.


Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b c d e "Godhong Sembung Tamba Bronkitis". Jaya Baya. 2004-10-24.
  2. a b c d Sumarsono, Heksa Oktiani Putri. "PENGARUH PENGGUNAAN TEPUNG DAUN SEMBUNG (Blumea balsamifera) DALAM RANSUM TERHADAP PERFORMA AYAM BROILER". Skripsi: 17. line feed character in |title= at position 40 (help)
  3. Aladjai, Erni (2019). Ramuan Nenek Perawatan Tradisional Pasca Persalinan Suku Banggai. Banggai Laut: Bois Pustaka. pp. 96–97. ISBN 9786025397905.
  4. Kinho, Julianus,. Tumbuhan obat tradisional di Sulawesi Utara. Kima Atas, Mapanget, Manado. ISBN 978-602-98144-1-5. OCLC 952196206.CS1 maint: extra punctuation (link) CS1 maint: multiple names: authors list (link)