Senyawa Kimia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Molekul banyu yaiku tuladha senyawa kimia kang kawangun saka 2 atom hidrogen lan 1 atom oksigèn.

Senyawa kimia yaiku zat kimia murni kang kawangun saka rong unsur utawa sawatara unsur [1][2][3] kang bisa dipérang manèh dadi unsur-unsur pembentuké kanthi réaksi kimia mau.[4] Tuladhané, dihidrogen monoksida (banyu, H2O) yaiku sawijining senyawa kang kawangun saka rong atom hidrogen kanggo saben atom oksigèn.

Padatan, perbandhingan iki kudu tetep amarga sipat fisikané, dudu perbandhingan kang digawé déning manungsa. Mula iku, material kaya kuningan, superkonduktor YBCO, semikonduktor "aluminium galium arsenida", utawa coklat dianggep campuran utawa aloy, dudu jinis senyawa.

Ciri-ciri kang mmbedakaké senyawa karo unsur lan campuran yaiku anané rumus kimia. Rumus kimia mènèhi perbandhingan atom ing zat lan cacahing atom ing molekul tunggalé (mula iku rumus kimia etena yaiku C2H4 lan dudu CH2. Rumus kimia nyebutaké apa senyawa mau kawangun saka molekul; Tuladhané, natrium klorida (garam dapur, NaCl yaiku senyawa ionik. Wujud senyawa uga ana ing sawatara fase. Akèh kang dadi senyawa kang luwih cilik utawa atom individual bisa dipanasaké nganti suhu tartamtu kang banjur diarani suhu penguraian. Saben senyawa kang wis dijlèntrèhaké ing literatur nduwè pengenal kang unik, yaiku kang diarani nomer CAS.

Jinis senyawa[besut | besut sumber]

  • senyawa asem, yaiku senyawa kang duwé sipat kaya ta rasané kecut, bisa ngeteraké arus listrik ing wujud cair kerionisasi lan ngasilaké ion hidrogen lan sisa asem.[5]
  • senyawa basa, yaiku senyawa kang diwangun saka unsur logam mawa gugus hidroksida (OH). Senyawa basa bisa dimangertèni amarga duwé sipat khas, yaiku rasané pait utawa getir, ing kulit bisa agawé gatel panas, lan bisa ngeteraké arus listrik amarga ngalami ionisasi. Kasil ionisasai wujud ion logam lan gugus OH-.[5]
  • senyawa ionik[5]
  • senyawa garam, yaiku senyawa kang diwangun déning unsur logam lan sisa asem. Senyawa garam nduwé rasa asin, ing kaanan larutan bisa ngeteraké arus listrik amarga ionisasi. Senyawa garam NaCl, keionisasi dadi ion Na+ lan ion sisa asem Cl-.[5]
  • senyawa oksida, yaiku senyawa kang diwangun déning atom oksigèn lan atom liyané. Anané atom oksigèn iki minangka ciri senyawa oksida.[5]
  • senyawa organik, yaiku senyawa kang dibangun déning atom mligi karbon, saéngga senyawa iki uga diarani hidrokarbon.[5]

Senyawa ing Alam[besut | besut sumber]

Ing alam, senyawa kimia digolongaké dadi loro, yaiku senyawa organik lan senyawa anorganik.[5] Senyawa organik dibangun déning atom mligi karbon, saéngga senyawa iki uga diarani hidrokarbon.[5] Senyawa hidrokarbon ana akèh ing alam lan uga ing makluk urip, wiwit saka bahan bakar nganti molekul kang asalé utawa kang tinemu ing makluk urip kaya ta karbohidrat, protéin, lemak, asem amino, lsp.[5]

Déné senyawa anorganik yaiku senyawa kang disusun saka atom utama logam, akèh tinemu ing zat mati, kaya ta lemah, watu, banyu segara, lsp.[5]

Deleng uga[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Brown, Theodore L.; LeMay, H. Eugene; Bursten, Bruce E.; Murphy, Catherine J.; Woodward, Patrick (2009), Chemistry: The Central Science, AP Edition (11th ed.), Upper Saddle River, NJ: Prentice Hall, pp. 5–6, ISBN 0-13-236489-1
  2. Hill, John W.; Petrucci, Ralph H.; McCreary, Terry W.; Perry, Scott S. (2005), General Chemistry (4th ed.), Upper Saddle River, NJ: Prentice Hall, p. 6, ISBN 978-0-13-140283-6
  3. Whitten, Kenneth W.; Davis, Raymond E.; Peck, M. Larry (2000), General Chemistry (6th ed.), Fort Worth, TX: Saunders College Publishing/Harcourt College Publishers, p. 15, ISBN 978-0-03-072373-5
  4. Wilbraham, Antony; Matta, Michael; Staley, Dennis; Waterman, Edward (2002), Chemistry (1st ed.), Upper Saddle River, NJ: Prentice Hall, p. 36, ISBN 0-13-251210-6
  5. a b c d e f g h i j Unsur dan Senyawa(diundhuh 11 Fèbruari 2013)