Hidrokarbon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Modhèl tiruan saka molekul metana, CH4. Metana yaiku salah siji tuladha hidrokarbon kang kalebu ing golongan alkana, namung duwé 1 jinis ikatan kimia

Sajeroning babagan kimia, hidrokarbon iku siji senyawa sing kapérang saka unsur karbon (C) lan hidrogen (H).[1] Kabèh hidrokarbon duwé ranté karbon lan atom-atom hidrogen sing silih iket karo ranté mau. Istilah iku dipigunakaké uga minangka pangertèn saka hidrokarbon alifatik.

Minangka tuladhané, metana (gas rawa) iku hidrokarbon mawa siji atom karbon lan papat atom hidrogen: CH4. Etana iku hidrokarbon (luwih rinci, siji alkana) sing kapérang saka rong atom karbon dadi siji mawa siji ikatan tunggal, saben atom karbon ngiket telu atom hidrogen: C2H6. Propana duwé telu atom C (C3H8) lan seterusé (CnH2·n+2).

Penggolongan[besut | besut sumber]

Senyawa hidrokarbon yaiku senyawa kang mung ngandhut unsur karbon lan hidrogen (CxHy). Senyawa hidrokarbon bisa diklompokaké miturut struktur molekul lan miturut kejenuhan ikatan.

Miturut struktur molekul[besut | besut sumber]

  1. Hidrokarbon alifatik, yaiku senyawa hidrokarbon mawa ranté karbon tarbuka. Senyawa kang éwoning iki yaiku: alkana (metana, etana, propana, butana), alkena (etena, propena, butena), lan alkuna (etuna, propuna, butuna).[1]
  2. Hidrokarbon alisiklik, yaiku senyawa hidrokarbon kang duwé ranté karbon tertutup. Tuladhané yaiku siklopropana lan siklobutana.[1]
  3. Hidrokarbon aromatik, yaiku senyawa hidrokarbon kang duwé ranté karbon tartutup lan ngandhut loro utawa luwih ikatab rangkap kang dumunung selang-seling. Tuladhané yaiku benzena lan toluena.[1]

Miturut kejenuhan ikatan[besut | besut sumber]

  1. Hidrokarbon jenuh, yaiku hidrokarbon kang paling prasaja. Hidrokarbon iki kabèh kawangun saka ikatan tunggal lan katalèn kar hidorgen. Rumus umum kanggo hidrokarbon jenuh yaiku CnH2n+2.[2] Hidrokarbon jenuh minangka komposisi utama ing bahan bakar fosil lan tinemu mawa wujud ranté lempeng uga nyabang. Hidrokarbon mawa rumus molekul padha nanging rumus strukturé béda diarani isomer struktur.[3]
  2. Hidrokarbon ora jenuh, yaiku hidrokarbon kang duwé siji utawa luwih ikatan rangkap, bilih rangkep loro utawa rangkep telu. Hidrokarbon duwé ikatan rangkap loro diarani alkena mawa rumus umum CnH2n.[4] Hidrokarbon kang duwé ikatan rangkap telu diarani alkuna mawa rumus umum CnH2n-2.[5]

Ciri Umum[besut | besut sumber]

Amarga struktur molekulé béda, mula rumus empiris antarané hidrokarbon uga béda: gunggungé hidrokarbon kang ditalèni ing alena lan alkuna mesthi luwih sithik amarga atom karboné ikatan rangkep.

Kemampuan hidrokarbon kanggo talènan karo awaké dhéwé diarani katenasi lan njalari hidrokarbon bisa mbentuk senyawa-senyawa kang luwih jangkep, kaya ta sikloheksana utawa arena kaya ta benzena. Kemampuan iki bisa amarga sipat ikatan ing antarané atom karbon kang sipaté non-polar.

Miturut téyori ikatan valensi, atom karbon kudu nggenepi aturan "4-hidrogen" kang nyatakaké gungguné atom paling akèh kang bisa talènan karo karbon, amarga karbon duwè 4 elektron valensi. Didelok saka elektron valensi iki, mula karbon duwé 4 elektron valensi kang bisa mbentuk ikatan kovalen utawa ikatan dativ.

Hidrokarbon asipat hidrofobik lan kalebu ing lipid. Sawatara hidrokarbon sumadya akèh ing tata surya. Danau isiné metana lan etana cuwer wis tinemu ing Titan, satelit alam kabesar ing Saturnus, kaya kang dinyatakaké déning Misi Cassini-Huygens.[6]

Hidrokarbon prasaja lan variasi[besut | besut sumber]

Jumlah atom
karbon
Alkana(1 ikatan) Alkena(2 ikatan) Alkuna (3 ikatan) Sikloalkana Alkadiena
1 Metana Metena Metuna
2 Etana Etena (etilena) Etuna (asetilena)
3 Propana Propena (propilena) Propuna (metilasetilena) Siklopropana Propadiena (alena)
4 Butana Butena (butilena) Butuna Siklobutana Butadiena
5 Pentana Pentena Pentuna Siklopentana Pentadiena (piperylene)
6 Heksana Heksena Heksuna Sikloheksana Heksadiena
7 Heptana Heptena Heptuna Sikloheptana Heptadiena
8 Oktana Oktena Oktuna Siklooktana Oktadiena
9 Nonana Nonena Nonuna Siklononana Nonadiena
10 Dekana Dekena Dekuna Siklodekana Dekadiena

Kagunan[besut | besut sumber]

Hidrokarbon yaiku salah sawijinè sumber ènergi paling wigati ing bumi. Panggunaan kang uutawa yaiku sumber bahan bakar. Mawa wujud padhet, hidrokarbon yaiku salah sawijiné komposisi kanggo mbantuk aspal.[7]

Biyèn Hidrokarbon uga minangka nggawé klorofluorokarbon, yaiku zat kang digunakaké minagka propelan ing semprotan lemut. Saiki klorofluorokarbon ora digunakaké manèh amarga duwé èfèek èlèk tumrap lapisan ozon.

BentukMetana lan etana yaiku gas lan ora gampang dicuwèrké ing tekanan ngono waé. Propana luwih gampang dicuwèraké lan padatan didol ing tabung-tabung kanthi wujud cair. Butana gampang banget dicuweèrké, saéngga luwih aman lan asring minangka pemantik rokok. Pentana dhapuré cair bening ing suhu ruangan, padatan digunakaké ing indhustri minangka pelarut lilin lan gemuk. Heksana padatan uga digunakaké minangka pelarut kimia lan kalebu ing komposisi bènsin.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d Sutresna, Nana. 2007. Cara Cerdas Belajar Kimia. Bandung: Grafindo
  2. Silderberg, 623
  3. Silderberg, 625
  4. Silderberg, 628
  5. Silderberg, 631
  6. 'Proof' of methane lakes on Titan, BBC News, 4 January 2007
  7. Dan Morgan, Lecture ENVIRO 100, University of Washington, 11/5/08

Pranala njaba[besut | besut sumber]