Empon-empon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Empon-empon inggih punika manéka warni taneman ingkang mliginipun dipun-ginakaken kanggé tamba utawi obat tumrap penyakit-penyakit tinamtu.[1] Empon-empon punika saged awujud oyod-oyodan, woh-wohan, utawi gegodhongan. Nanging, boten sadaya oyod, woh, utawi ron saged dipunwastani empon-empon. Namung sapérangan kemawon ingkang mligi damel obat utawi tamba. Empon-empon tumrap tiyang kathah, kajawi saged damel tamba ugi asring dipun-ginakaken kanggé bumbu masak, pramila boten nggumun manawi kathah ingkang migunakaken empon-empon punika. wonten sapérangan empon-empon jangkep kaliyan kagunanipun, kados ingkang kapacak ing ngandhap punika.

Jahé[besut | besut sumber]

Jahé inggih punika satunggaling empon-empon ingkang gadhah nama latin Zingiber officinale.[2]Jahé adatipun dipun-ginakaken kanggé bumbu masak ing masakan ingkang gadhah raos panas lan pedhes. Kajawi wonten Jawa, Jahe ugi dipun-ginakaken wonten India lan Cina kanggé bumbu masak. Jahé saged ugi kanggé campuran cemilan kados ta permèn jahé saha roti jahé. Jahé ugi dipundadosaken tamba utawi jamu kanggé manéka warni penyakit.[3] Sampun kabukti manawi jahé punika kathah manfaatipun. Jahé saged kanggé komprès keseleo kanthi dipunparut rumiyin, ugi kanggé tamba pegel-pegel, lan sanèsipun. Ugi kanggé tamba masuk angin, mules-mules utawi dipunemut kanggé tiyang èstri ingkang nembé ngandhut kanggé ngicali raos gumoh. Jahé ugi saged damel campuran unjukan, kados ta STMJ (Susu Telor Madu Jahé), Ginger Alé, Jahé Telor, Sekoteng, Pokak lan sanèsipun. Kanggé jamu, jahé sapunika sampun sumadya kanthi cara ingkang praktis awujud jahé siyap saji, dados saged dipundamel wonten pundi kemawon.

Jinisipun Jahé[besut | besut sumber]

Wonten sapérangan jahé ingkang dipunmangertosi kaliyan tiyang kathah, kados ta:

  • Jaé biyasa
  • Jaé gajah
  • Jaé abang

Temulawak[besut | besut sumber]

Temulawak

Temulawak (Curcuma xanthorrhiza) inggih punika taneman obat ingkang kalebet ing suku temu-temuan (Zingiberaceae).[4] Temulawak taneman asli saking Indonesia, mliginipun Pulo Jawa, lajeng nyebar ing saindhenging nuswantara ngantos dumugi manca nagari. Sapunika, temulawak kathah dipuntanem ing Indonesia, Malaysia, Thailand, lan Filipina. Wonten ing sunda Temulawak dipunwastani koneng gedé, ewadéné wonten madura sinebut temu labak. Taneman punika saged gesang kanthi saé ing dataran cendhèk ngantos inggilipun 1500 mèter ing salumahing samodra lan subur ing wana tropis. Rimpang temulawak saged gesang kanthi saé ing siti ingkang mawur.

Ciri-ciri[besut | besut sumber]

Temulawak gadhah ciri bonggol semu kanthi dedeg ngantos langkung saking 1 mèter nanging kirang saking 2 mèter. Rimpang kadhapur kanthi sampurna lan kanthi pang ingkang kiyat, blegeripun ageng, ngepang, lan awerni coklat asemu abang, kuning tuwa utawi awerni ijo peteng. Ing saben tunas saking rimpang mbentuk ron 2 – 9 lembar kanthi mèmper bunder panjang, werni ron ijem utawi coklat semu ungu padhang ngantos peteng, panjangipun ron 31 cm – 84 cm lan ambanipun 10 cm – 18 cm, panjangipun pang ron kalebet lembaran 43 cm – 80 cm, ing saben lembar sinambung kanthi bogol lan pang ron radi panjang. sekaripun awerni kuning tuwa, kanthi wujud unik lan nggrombol. Pang alit lan sisik mèmper garis, panjangipun pang 9 cm – 23 cm lan ambanipun 4 cm – 6 cm, kanthi ron ingkang panjangipun nglangkungi utawi imbang kaliyan makutha sekar.

Kagunan[besut | besut sumber]

Ing Indonésia namung satunggal pérangan Temulawak ingkang dipun-ginakaken inggih punika rimpang temulawak kanggé damel jamu godhog. Rimpang punika ngandhut 48-59,64 % zat tepung, 1,6-2,2 % kurkumin dan 1,48-1,63 % lenga asiri lan dipunpitadosi saged mbiyantu kerja ginjel sarta anti inflamasi. kagunan sanès saking rimpang temulawak inggih punika kanggé obat jerawat, nambah nafsu makan, anti kolésterol, antiinflamasi, anémia, antioksidan, panyegah kanker,lan antimikroba.

Pambudidaya[besut | besut sumber]

Taneman punika dipuntanem kanthi cara konvènsional ing skala alit kanthi migunakaken tèknologi budidaya ingkang prasaja, awit saking punika susah nemtokaken panggènan punjer pambudidaya temulawak ing Indonésia. Mèh ing saben tlatah padésan, mliginipun ing dataran sedang lan inggil, saged dipunprangguli temulawak mliginipun ing lahan ingkang éyup.

Kencur[besut | besut sumber]

kencur

Kencur ingkang gadhah nami ilmiah Kaempferia galangal L. inggih punika empon-empon ingkang taksih sakulawargi kaliyan Zingiberaceae, gadhah woh ingkang dagingipun empuk lan boten gadhah serat. Empon-empon punika gadhah nami sanès inggih punika ceuko utawi tekur (ing Acèh), kaciwer (ing Batak), cakue (ing Minang), cikur (ing Sunda), sikor (ing Kalimantan), cekuh (ing Bali), cakuru (ing Makasar), asauli utawi sahalu (ing Ambon), ukap (ing Irian), sekur (ing Lampung), saha kencor (ing Madura). Manawi wonten ing njawi, kencur dipunwastani humula (ing Benggala), kamung (ing Burma), prao utawi shan nai (ing Cina), lan herbe a kemfer (ing Perancis).

Gesang lan Wujudipun[besut | besut sumber]

Empon-empon kencur kalebet taneman ingkang gadhah gagang semu lan rungkut. Taneman punika gadhah ron ingkang bunder lan amba kanthi pucuk ingkang ciut, radi kandel. Ron taneman kencur thukulipun nglèngsrèh ing nginggilipun siti. Taneman punika gadhah ron ingkang cacahipun kathah lan gagang ronipun awarni radi pethak. Kembang kencur awarni wungu semu pethak alit, arum gandanipun, thukul ing sela-selanipun ron, lan gampil prithil. Taneman kencur gadhah oyod ingkang thukulipun nggrombol, manawi oyodipun dipunbelèk katingal daging oyodipun ingkang awarni pethak lan kulit oyodipun awarni soklat tuwa. Kajawi saking punika, gandanipun oyod kencur kraos èca manawi katandhingaken jinis Zingiberaceae sanèsipun.

Taneman kencur asalipun saking India, sadèrèngipun kasebar ing Asia. Manawi wonten padésan, kencur gampil dipunpadosi amargi kencur limrah thukul ing tegalan utawi ing kebon. Sapunika, taneman kencur gampil dipunprangguli ing pot utawi latar griya minangka bumbu pawon utawi jamu. Taneman punika saé dipuntanem ing siti ingkang mawur, subur, lan wonten pasiripun sakedhik. Budidaya kencur kalebet lumayan gampil inggih punika pilih oyod ingkang tuwa, nanging taksih seger lajeng dipuntanem ing siti. Oyod ingkang dipuntanem punika badhé thukul tunas. Kajawi saking punika, saged ugi oyod ingkang seger punika dipunsimpen ing gudhang sadangunipun 1-2 minggu ngantos thukul tunasipun, lajeng tunas punika ingkang badhé dipuntanem.

Rujukan[besut | besut sumber]