Bathara Bayu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Bathara Bayu

Bathara Bayu iku, putrané Bathara Guru (Sang Hyang Manikmaya) kang nomer papat, saka Dewi Umayi. Bathara Bayu uga sinebut Hyang Pawana iya Sang Hyang Maruta. Pawana utawa Maruta iku tegesé angin utawa kekuwatan. Kahyangané ing Panglawung iya Puserbawana. Garwané bebisik Dewi Sumi, putrine Bathara Soma. Putrané papat: Bathara Sumarma, Bathara Sangkara, Bathara Sudarma, lan Bathara Bismakara. Dewaning angin iki kalebu golonganing warga Bayu. Kang kalebu warga Bayu kabèh ana wolu, ya iku Bathara Bayu, Anoman/Senggana, Werkudara (Bima). Wil Jajahwreka (bayuning buta), Liman Setubandha (bayune Gajah), Sarpa Naga Kuwara (bayune naga/ula), Mahambira (bayune Garudha), lan Begawan Maenaka (bayune Gunung). Bathara Bayu, Werkudara lan anoman duwé kuku (Pancanaka) lan kabèh ngagem kampuh poleng bang bintulaji minangka tandha bisa mangreh lakuning angin. Werkudara ing tata laire putrane Prabu Pandhu Dewanata, ratu Astina, saluguné putrané Bathara bayu, mulané sinebut Bayusuta. Bathara Bayu nganti peputra Werkudara amarga katarik mantram panggendaming déwa aran Adityahredaya (yèn ing pedhalangan aran Puntawekasing Rasa Tunggal Sabda Tanpa lawanan) kang winateg Dewi Kunti kanthi mangesti déwa kang sarirane gedhé dhuwur. Pandhita Durna (Drona) iki iya isih trah Bathara Bayu. Sarasilahe : Bathara Bayu peputra Bathara Sumarma, Bathara Sumarma peputra Bathara Tantra, Bathara Tantra peputra Bathara Guritna, Bathara Guritna peputra Bathara Sumbawa, Bathara Sumbawa peputra Resi Mintasaba, Resi Mintasaba peputra Resi Kuntabasuki ing Atasangin. Resi mau banjur peputra Resi (Prabu) Baratwaja sing banjur nurunaké Bambang Kumbayana iya Pandhita Durna.

Titisan Bathara Bayu[besut | besut sumber]

Bathara Bayu tau tumurun ing marcapada jumeneng ratu ing nagara Medhanggora, jejuluk Prabu Bima. Patihé asma Suksena. Bathara Bayu wujudé gagah gedhé dhuwur, kekuwatane linuwih. Watake kendhel, prasaja lan meneng. Yèn pinuju pisowanan lenggahe ing mburi dhéwé, nutup simpingan sisih kiwa, lan tangane malangkerik. Jumbuh karo wujudé, yèn ngendhika swarane gedhé glereng-glereng, laras nem ageng kedhal sereng lan anteb.

Pungkasané carita wayang sing digelar sewengi natas, miturut pakem padhalangan dipungkasi nganggo Bathara Bayu, kang diarani "tayungan". Wayang mau dijogetakke minangka tandha menang perang. Sadhurungé tayungan, luwih dhisik perang brubuh, mawa gendhing sampak. Ratu kang mau ing jejer sabrangan sawadyabalane teka ing nagara mau ing jejer kawitan, yèn ora tumuju ing Amarta iya Dwarawati nedya ngrebut kabegjan. Satemah dadi perang amuk-amukan. Wusanane ratu sabrang sawadyabalane sirna, tumpes tapis. Manawa ratuné iku malihané satriya, déwa, putri, raseksa utawa yitmané Dasamuka, banjur badhar salin wujud kang sejatiné. Kang mungkasi perang brubuh yèn ing jamané Pandhawa mesthi Werkudara. Yèn jamana carita Ramayana iya mesthi Anoman, déné yèn carita para déwa iya Bathara Bayu. Anoman lan Werkudara sinebut Bayusuta iya Bayusiwi, kang tegesé anak angin, karepé angin cilik, ya iku napas utawa ambegan. Tandangé Anoman lan Werkudara ing perang brubuh nggambaraké napas kang ngukut sakabèhé pancadriya nalikané manungsa sakaratul maut. Kumpulé para ratu utawa satriya kang dadi balungané lelakon, ngendhikakaké maremeing panggalih déné wis bisa mbrasta reretu, satemah kaanan bali tentrem, amarga wis kalis saka sawernané rubedha.

Sawisé tayungan lan kumpuling kadhang, banjur tancep kayon, ya iku gunungan wayang ditancepaké ing satengahing kelir, kang ateges pagelaran wayang wis rampung. gegambaraning urip, wong iku wis mati. Kayon ngono gegambaraning kayon, saka tembung kayun, tegesé urip. Sawisé rampungan kabèh, wayang dilebokaké ing kotak. Kaya manungsa yèn wis mati uga mlebu kubur. Angger anginé (Bathara Bayu,Werkudara, Anoman) wis lunga, tegesé manungsa bali ing ngrasané Sang Hyang Widhi Wasa.

Bathara Bayu Simpingan Ringgit Tengen[besut | besut sumber]

Bathara Bayu inggih punika putra Sang Hyang Jagad Nata, raja para déwa kalihan garwanipun Dèwi Umayi. Bathara Bayu nguwaosi angin, minangka jangkeping déwa 30. Tandha-tandha minangka panguwaos bayu utawa angin nganggé kampuh polèng, kuku pancanaka, pupuk jarot asem.

Pinten-pinten tokoh ingkang kagolong tunggal Bayu kadosta Begawan Anoman, Radèn Werkudara, Wil Jaya Wreksa, Begawan Mainaka, Liman Situbanda utawi Gajah Séna.

Bathara Bayu kagolong ringgit gagahan kanthi watak luruh, muka tumungkul, nétra telengan, grana bentulan, saha tutuk salitan, bréngos ketel, jénggot jambang ketel, ngagem makutha uncit rerenggan puridha. Jamang sungsun uncit motif bludiran, sumping pandhan binethot, utah-utah walik, lan ugi ngagem rembing. Pupuk jarot asem sarta rambut ngoré odhol gembelan. Awak gagahan kanthi ulur-ulur naga mamangsa, ngagem praba minangka pralambang keagungan. Tali praba motif bludiran, suku jangkahan kanthi setunggal pasang, uncal kencana, dodot polèng bang bintlu, ngagem gelang candra kirana, kelat bahu lan ugi ngagem keroncong. Tokoh ringgit Bathara Bayu  punika dipuntampilaken muka cemeng, awak gemblèng utawi brongsong.

Rujukan[besut | besut sumber]

Wayang Kulit Gagrag Ngayogyakarta. Ki Drs. Sunarto, M. Hum.

Uga delengen[besut | besut sumber]


---