Anoman Duta
Prabu Ramawijaya, nata ing nagari Pancawati, ngutus Anoman supados ngyakinaken kawontenanipun Rekyan Wara Sinta (garwanipun Prabu Rama) ingkang dipundustha (diculik) déning Prabu Dasamuka inggih Rahwana, nata ing Nagari Ngalengka.
Anoman
[besut | besut sumber]Anoman anggènipun lumawat wonten ing nagari Ngalengka dipunkantheni déning Anila,Jembawan, sumawana Bagong lan dipunbiyantu déning kadang Bayu (sedherekipun Anoman ing sami-sami kaputra déning Bathara Bayu ingkang cacahipun wonten sanga inggih punika, Bathara Bayu, Bayu Kusuma (Wrekudara nanging dèrèng lair ing marcapada), Wiljajahwreka, Liman Situbandha, Garuda Mahambira, Sarpa Nagakuwara, Anoman piyambak, tuwin gunung Maenaka).
Alangan
[besut | besut sumber]Nalika Anoman badhé tumuju ing nagari Ngalengka lampahipun kepalang samodra. Anoman lajeng dipuntulungi déning Gunung Maenaka kanthi dipununcalaken saking pucuking redi tumuju ing nagari Ngalengka. Nalika wonten ing gegana, Anoman kraos dipunserot saking salebeting samodra saéngga lumebet ing samodra. Pranyata Anoman dalah para panakawan dipunserot déning Ditya Wil Kathaksini lan lajeng kaunthal lumebet ing wadhukipun raseksa prajineman Ngalengka punika. Wadhuk lajeng kasudhet mawi kuku Waja (wonten kadhang dhalang ingkang nyebat Kuku Pancanaka inggih mangga kemawon, namung kemawon sapangertosan kula bilih kuku Pancanaka punika kagunganipun Raden Wrekudara. Ditya Wilathaksini sirna margalayu. Anoman lajeng nerasaken lampahipun.
Diracun
[besut | besut sumber]Sasampunipun Anoman dumugi ing tepis wiringing nagari Ngalengka, Anoman dalah para panakawan kraos luwe sanget, tumuli lajeng sami padhos warung.Dumadakan ing mriku wonten satunggaling warung ingkang mandhe woh-wohan lan dhaharan saha unjukan.Ingkang mandhe awujud wanitya ingkang sanget sulistya ing warni. Anoman saha para Panakawan lajeng sami jajan wonten ing mriku. Lan sajakipun Anoman ingkang wekdhal punika taksih mujudaken jaka-tumaruna ugi lajeng kepranan kaliyan ingkang mandhe, wusana ngantos dumados sesambetan saresmi (gayutan sèksual) kaliyan wanita punika. Sareng cekap anggènipun sami suka pari suka, Anoman dalah para Panakawan lajeng pamit badhé nglajengaken lampah. Nanging dèrèng nganthos Anoman tebih saking papan mriku, dumadakan Anoman lan para Panakawan paningalipun sami boten saged kanggé ndhulu saéngga dados wutha. Jalaran wanita ing sesadheyan punika jebulipun garwa seliripun Prabu Dasamuka ingkang sesilih Dewi Sayempraba ingkang pancen dipunutus déning Prabu Dasamuka supados ngalang-alangi tetiyang ingkang dados dutanipun Prabu Rama. Woh-wohan saha dhaharan ingkang dipuntedha déning Anoman tuwin para Panakawan punika pranyata sampun dipunparingi racun ingkang saged anjalari wuta tiyang ingkang nedha. Mila Anoman dalah para Panakawan ugi lajeng nandhang wutha. Anoman dalah para Panakawan ugi lajeng sami tetangisan nggetuni dhumateng lelampahanipun ingkang nembé kemawon dipunlampahi. Anoman dalah para Panakawan ugi lajeng sami mbacutaken lampahipun sanajan kanthi grayah-grayah amargi sami boten sumerep margi.
Garuda
[besut | besut sumber]Kacarita ing tengah margi, Anoman kepanggih kaliyan Garuda Sempati kadhangipun Garudha Jatayu ingkang sampun sirna dipunpejahi déning Prabu Dasamuka rikala badhé mitulungi Dewi Sinta ingkang dipundustha Dasamuka kanthi ngambah ing gegana.Garuda Jatayu sirna kasabet pedhang Menthawa déning Prabu Dasamuka.
Sasirnanipun Jatayu, Dewi Sinta lajeng dipunbetha wangsul Prabu Dasamuka tumuju ing Ngalengka lan lajeng dipunpapanaken ing Taman Argasoka (Taman Sokka) ingkang dipunjagi para prajineman (prajurit sandhi) Ngalengkadiraja ingkang awujud raseksa.
Bandayuda
[besut | besut sumber]Wangsul bab Anoman ingkang sampun pianggih kaliyan Garudha Sempati. Anoman dalah para Panakawan lajeng dipunusadhani kaliyan Garudha Sempati saéngga saged waluya jati (saged mriksani malih). sasampunipun lerem sawatawis ing papan mriku, Anoman lajeng nglajengaken lampah tumuju ing nagari Ngalengka. Tindhakipun Anoman nglangkungi margi ingkang alus sanget pindha babut. Nanging jebulipun margi ingkang katingal alus sanget punika jebulipun sanès margi ingkang limrah nanging jebulipun margi punika ilatipun (lidah) Ditya Ilatmeja inggih Wil Kathaksa ingkang dipungelar saéngga Anoman boten nglegewa manawi lumebet wonthen tutukipun yaksa punika. Sareng sampun dumugi wadhukipun Ditya Ilatmeja, Raden Anoman nembé sadhar manawi piyambakipun sampun wonten wadhukipun yaksa. Wadhukipun Ditya Ilatmeja lajeng dipunbedhah mawi "kuku Waja" (wonten kadhang dhalang ingkang nyebat kuku Pancanaka inggih mangga kémawon, jalaran manawi saking pemanggih kula kuku Pancanaka punika gadhahanipun Raden Wrekudara). Ditya Ilatmeja lajeng sirna margalayu amargi wadhukipun jebol.Bandayuda tegese berperang
Taman Asoka
[besut | besut sumber]Anoman lajeng nglajengaken lampah.Sareng dumugi baluwerti Ngalengkadiraja, Anoman lajeng mlebet wonten ing Taman Asokka kanthi mlumpati baluwerti saperlu manggihi Rekyan Wara Sinta. Anoman lajeng sesingidan wonten ing wit Nagasari saperlu ngulati kawontenan murih sampun nganthos kesumerepan dhumateng para yaksa prajineman ingkang jagi taman. Sareng kawontenan sampun sepen, Anoman lajeng tetembangan wonten ing mriku saéngga kepireng Dewi Trijatha (putrinipun Raden Gunawan Wibisana,rayinipun Prabu Dasamuka, ingkang tinanggenah ngladhosi Dewi Wara Sinta). Dewi Trijatha ugi lajeng nyaketi suwanten punika kang boten sanès suwantenipun Anoman. Anoman sumerep Dewi Tijatha sanalika nandhang asmara/gerah wuyung.
Trijata Wuyung
[besut | besut sumber]Nyumurupi wonten riwandha (kethèk) ingkang ulesipun putih memplak kadhos kapas, Dewi Trijatha sanget kesengsem. Anoman lajeng dipunlus-lus kanthi dipunpangku saéngga Anoman nganthos mijil kamanipun (air mani) lan dumawah wonten pangkonipun Dewi Trijatha. Kama lajeng dipunusap mawi ron kamal, lan dipunbucal ing bengawan. Kamanipun Anoman ingkang korut wonten bengawan punika lajeng dipunopeni déning Dewi Pratalawati (garwa seliripun Prabu Dasamuka) ing nagari Guwa Pratala (mapan ing dhasaring samodra) ingkang ing tembenipun lajeng dados jabang bayi wujud wanara seta ingkang dipunparingi nama Raden Trigangga inggih Triyangga. Trigangga ugi lajeng kaaken (dipu angkat) putra ingkang angka kalih (dawah enem), jalaran Dewi Pratalawati sadherengipun panci sampun patutan patutan kaliyan Prabu Dasamuka ingkang sesilih Raden Bukbis inggih Raden Pratalamaryam/Kunthalamaryam.
Ali-ali
[besut | besut sumber]Wangsul bab Anoman ingkang nembé lumebet ing Tama Asokka. déning Dewi Trijatha, Anoman lajeng dipunsowanaken dhumateng Dewi Sinta. Ing mriku, Anoman lajeng maringaken sesotya (ali-ali/cincin) agemipun Prabu Ramawijaya. Manawi Sesotya punika dipunagem Dewi Sinta saged "pas", tegesipun boten sesak utawi lobok pratanda yèn Dewi Sinta dèrèng naté karasuk déning Prabu Dasamuka. Lan kabukten sesotya punika ugi pas dipunagem wonten dirijipun Rekyan Wara Sinta ingkang nedhahaken bilih Dewi Sinta taksih suci. Dewi Sinta ugi lajeng maringi ageman susuk kondhe pinangka pralambang bilih Dewi Sinta sanget ngajeng-ngajeng rawuhipun Prabu Ramawijaya.
Nalika Anoman nembé wawan pangandhikan bab kasugenganipun Prabu Ramawijaya dalah ingkang rayi Raden Laksmanadewa/Laksmana Widagda, tuwin para pwana Pancawati, dumadakan kapriksan para prajurit Ngalengka. Anoman lajeng badhé dipuncepeng nanging bonggo. Wusana ndadosaken bandayuda.
Anoman Obong
[besut | besut sumber]Gelising cariyos, Anoman saged kapikut déning Raden Indrajid inggih Meganandha, putranipun Prabu Dasamuka, lajeng dipunsowanaken wonten ngarsanipun Prabu Dasamuka. Anoman lajeng kapidhana pejah kanthi dipunobong wonten ing alun-alun Ngalengka. Nalika dipunbesem, eloking kawontenan, Anoman boten saged tumama (kobong), malah grama ingkang kinarya mbesem Anoman punika dipunawut-awut saéngga Kraton Ngalengka kobong. Kathah prajurit ingkang sami tiwas saking pangamukipun Anoman. Sareng nagari Ngalengka sampun kobong, Anoman tumuli nglajengaken lampah saperlu wangsul sowan wonten ngarsanipun Prabu Ramawijaya ing Pancawati.
Tepis Wiring
[besut | besut sumber]Ing tepis wiringing samodra ingkang misahaken antawisipun Nagari Ngalengka kaliyan Pancawati, Anoman manggihi satunggaling tiyang ingkang kapidhara (semaput) mbothen imut purwa duksina. sareng dipunusadani, pranyata tiyang punika boten sanès kejawi raden Wibisana (rayinipun Prabu Dasamuka) ingkang dipunkepruk "paidhon /kecohan" (bokor) amargi sampun wantun caos atur pamrayogi supados Rekyan Wara Sinta dipunkondhuraken dhumateng Prabu Rama.
Salajengipun Raden Wibisana lajeng dipunkanthi Raden senggana sowan wonten ing Pancawati. Ing nagari Pancawati, Wibisana lajeng dipunaken minangka kadhang anemipun Prabu Ramawijaya lan dipunparingi jejibahan minangka dados "penasehat" raja. Inggih amargi saking pamrayoginipun Wibisana punika, tundhanipunpara wadyabala tuwin seniapti-senopati Ngalengka saged dipunwuningani anggeranipun (rahasia hidup matinya) saéngga saged dipunsirnakaken, kalebet Prabu Dasamuka ugi.