Satya Yuga

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Artikel punika bagean saking seri
Filsafat Hindu
Aum.svg
Ajaran Filsafat
SamkhyaYogaMimamsa
NyayaVaisisekaVedanta
Ajaran Vedanta
AdvaitaVishishtadvaita
DvaitaShuddhadvaita
DvaitadvaitaAchintya Bheda Abheda
Tokoh Filsafat Hindu
KapilaPatanjaliJaimini
GotamaKanadaRsi Vyasa
Patengahan
Adi ShankaraRamanuja
MadhvaMadhusūdana
Vedanta DesikaJayatirtha
Moderen
RamakrishnaRamana
Swami VivekanandaNarayana Guru
RamakrishnaRamana
Sri AurobindoSivananda
Caturyuga
SatyayugaTretayuga
DwaparayugaKaliyuga
Aksara Suci Hindhu

Satya yuga (Basa Sansekerta: सत्ययुग ; dipunsebut ugi Satyuga, Kṛta Yuga, Kerta yuga) wonten ing ajaran agama Hindhu, inggih punika sawatawis kurun jaman ingkang dipunsebut "jaman keemasan", nalika umat manungsa caket sanget dhumateng Tuhan saha para Déwa, nalika kebecikan wonten ing saben papan, saha angkara murka punika dados samubarang ingkang boten biyasa.[1]

Awal siklus Yuga[besut | besut sumber]

Satyayuga utawi Kertayuga, minangka tahap awal saking sekawan (catur) Yuga. Siklus Yuga minangka siklus ingkang muter kados roda. Sabibaripun Satyayuga pungkasan, kanggé sawatawis dangu balik malih dhumateng siklus satyayuga. Siklus Satyayuga kadadéan kirang langkung 1.700.000 taun. Sabibaripun mangsa Satyayuga pungkasan, kasusul déning mangsa Tretayuga. Kalajengaken mangsa Dwaparayuga, lajeng ingkang pungkasan mangsa Kaliyuga. Sabibaripun donya kiamat wonten ing pungkasan jaman Kaliyuga, Tuhan ingkang sampun mralinakaken sadaya kanisthan saha nylametaken tiyang saleh, miwiti malih jaman katentreman,jaman Satyayuga.[2]

Satyayuga, jaman keemasan[besut | besut sumber]

Satyayuga minangka jaman keemasan, nalika tiyang-tiyang taksih caket sanget kaliyan Tuhan. Boten wonten tumindak nistha. Piwulang agama saha meditasi (ngeningaken pikiran) minangka sawijining jaman ingkang wigati sanget nalika jaman punika. Konon rata-rata umur umat manungsa saged dumugi 4.000 taun nalika gesang wonten ing jaman punika. Miturut Nathashastra, wonten ing mangsa Satya Yuga boten wonten Natyam amargi nalika iku sadaya tiyang ngrosaken seneng saha tentrem. Wonten ing jaman punika, "Lembu Dharma" taksih jumeneng kanthi sekawan suku, saéngga ajaran dharma taksih manteb wonten ing pagesangan. Boten wonten tiyang-tiyang ingkang sami nindakaken tumindak ingkang nistha.[3]

Nalika mangsa Satyayuga, tiyang-tiyang boten prelu nyerat kitab, amargi tiyang-tiyang saged gayutan langsung kaliyang Ingkang Maha Kuwaos. Nalika mangsa kasebut, papan nyembah Tuhan boten dipunprelukaken, amargi tiyang-tiyang sampun saged ngraosaken Tuhan wonten ing saben papan, saéngga pamujaan saged kalaksanakaken wonten ing pundi kémawon saha kapan kémawon.[4]

Awatara ing Jaman Satya Yuga[besut | besut sumber]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ [1](dipunundhuh tanggal 11 November 2012)
  2. ^ [2](dipunundhuh tanggal 11 November 2012)
  3. ^ [3](dipunundhuh tanggal 11 November 2012)
  4. ^ [4](dipunundhuh tanggal 11 November 2012)
  5. ^ Dharam Vir Singh (Alih Basa Déning I. G. A. Dewi Paramitha, S. S. (2006). Hinduisme Sebuah PengantarISBN 978-979-722-399-1. Surabaya: Penerbit Paramita.

Cithakan:Topik HindhuCithakan:Hindhu-stub