Menyang kontèn

Narasimha

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Narasimha Awatara

Narasinga (devanagari: नरसिंह ; mau uga Narasingh, Nārasiṃha) ya iku awatara (inkarnasi) Wisnu kang kaping papat, awujud manungsa kanthi sirah singa, kukune landhep kaya pedhang, lan duwé tangan akèh kanggo nyekel gaman. Narasimha iku minangka simbol déwa kang ngrumeksa sakebehe pamuja wisnu.[1]

Mitologi

[besut | besut sumber]

Miturut kitab Purana, nalika nyaketi akir jaman Satyayuga (jaman kebecikan), sawijining raja asura (raksasa) ingkang gadhah nama Hiranyakasipu boten remen kaliyan sadaya punapa kémawon ingkang gegayutan kaiyan Déwa Wisnu, saha piyambkaipun boten remen manawi wonten ing karajanipun wonten tiyang ingkang muja Déwa Wisnu. Amargi kala rumiyin rayinipun, inggih punika Hiranyaksa dipuntumpes déning Waraha, Awatara Wisnu.[2]

Supados saged sakti, piyambakipun ngadani tapa ingkang dangu, saha naming musataken pikiranipun dhumateng Déwa Brahma. Sesampunipun Déwa Brahma kersa nedahaken wujudipun saha ngersakaken panyuwunipun, Hiranyakasipu nyuwun supados dipunparingi gesang ingkang abadi, boten saged pejah saha boten wonten ingkang saged ngawonaken.. Nanging Déwa Brahma boten kersa, saha nyuwun piyambakipun nyuwun panyuwunan ingkang sanèsipun. Pungkasan Prabu Hiranyakasipu nyuwun, bilih piyambakipun boten saged dipunbesmi déning manungsa, kéwan punapa déné dvwa, boten saged dipuntempes nalika énjing, siyang utawi dalu, boten saged katumpes wonten ing lemah, laut, utawa ing akasa, boten saged kabesmi wonten ing salebeting saha ing njawi dalem, sarta boten saged kabesmi déning sadaya jinising senjata. Panyuwunan mau dipunkersani déning Déwa Brahma.[3]

Nalika piyambakipun késah saking dalem kanggé nyenyuwun berkah, para déwa, ingkang kapimpin déning Dvwa Indra, nyerang dalemipun. Narada nylametaken garwa saha putranipun Prabu Hiranyakasipu ingkang boten mangertos punapa-punapa. Magertosi bilih para déwa njagi garwanipun, Hiranyakasipu mdados duka. Piyambakipun tambah boten remen kaliyan Déwa Wisnu saha putranipun, Prahlada, ingkang sapunika dados pamuja Déwa Wisnu. Nanging, nalika piyambakipun numpes putranipun piyambak, piyambakipun sarwa gagal amargi kaadhang déning kekiyatanipun Déwa Wisnu.[4]

Piyambakipun greget amargi gagal déning kikiyatanipun Déwa Wisnu, nanging piyambakipun boten saged mirsani Déwa Wisnu ingkang njagi Prahlada. Piyambakipun nantang Prahlada supados nedahaken Déwa Wisnu, Prahlada mangsuli, “Déwa Wisnu wonten ing pundi – pundi, Piyambakipun wonten ing mriki, sarta piyambakipun badhé nedahaken wujudipun”. Mireng jawaban punika, Hiranyakasipu tambah duka, ngamuk, sarta ngrisak saka dalemipun. Boten dipunduga-duga, wonten swanten ingkang nggegririsi. Nalika punika Déwa Wisnu minangka “Narasinga” medal saking saka ingkang dipunrisak déning Hiranyakasipu. Narasinga dugi saperlu nylametaken Prahlada saking bapakipun, saha numpes Prabu Hiranyaksipu. Nanging, amargi anugrah saking Déwa Brahma, Hiranyakasipu boten saged pejah bilih boten dipuntumpes wonten ing wekdal, papan saha kaanan ingkang trep. Supados berkah saking Déwa Brahma boten mempan, Wisnu njalma dados manungsa kanthi sirah singa kanggé numpes Hiranyakasipu, piyambakipun ugi milih wekdal saha papan ingkang trep. Saéngga, berkah saking Déwa Brahma boten mempan. Narasimha saged numpes Hiranyakasipu, amargi Hiranyakasipun katumpes sanès déning manungsa, kéwan, utawi déwa. Piyambakipun kabesmi sanès enjing, siyang utawi dalu, nanging nalika sonten. Piyambakipun kabesmi sanès ing njawi utawi salebeting dalem. Sarta sanès kabesmi ing lemah, tirta, dahana, utawi akasa, nanging wonten ing pangkuanipun Narasimha. Ugi katumpes sanès migunankaken senjata, nanging migunakaken kuku.[3]

Makna saking cariyos

[besut | besut sumber]
  • Narasinga maringi tuladha bilih Tuhan punika wonten ing pundi kemawon,
  • Rasa bakti ingkang tulus saking Prahlada nedahaken bilih sikap sawijining priyantun sanès katemtokaken saking golonganipun, utawi keturunan ingkang awon, nanging saking sipatipun. Ewadene Prahlada punika keturunan Asura, nanging piyambakipun minangka panyembah Wisnu ingkang tangat.[4]
  • Numpes Hiranyakasipu kanthi wujud Narasimha minangka salah satunggaling cara maringi paukuman ingkang paling sadis saking Déwa Wisnu. Wonten ing India, Narasimha kawentar sanget, wonten ing festival tradhisional India, cariyos punika gegayutan kaliyan pawiwahan “Holi”, salah satunggaling pawiwahan ingkang paling wigati wonten ing India. Saking punika Narasimha dados kawentar. Wonten ing India sisih kidul, Narasimha langkung asring dipunwujudaken wonten ing seni pahat ugi lukis. Narasimha minangka awatara ingkang paling kawentar sabibaripun Rama kaliyan Krisna.[4]

Ugi pirsani

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. [1](dipunundhuh tanggal 10 November 2012)
  2. [2][pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 10 November 2012)
  3. a b Dharam Vir Singh (Alih Basa Déning I. G. A. Dewi Paramitha, S. S. (2006). Hinduisme Sebuah Pengantar. Surabaya: Penerbit Paramita.
  4. a b c I Ketut Sukartha, dkk. (2003). Agama Hindu untuk SLTP Kelas 3ISBN 979-571-020-6 (jilid 1). Denpasar: Penerbit Ganeca Exact.
Narasinga
Sebelumnya:
{{{sadurungé}}}
Awatara Wisnu
kaping 4
Berikutnya:
{{{sawisé}}}
Awatara Wisnu
Matsya | Kurma | Waraha | Narasinga | Wamana | Parasurama | Rama | Kresna | Baladewa (Balarama) | Buddha | Kalki