Kurma (Hindu)
Wonten ing agama Hindhu, Kurma (basa Sanskerta: कुर्म; Kurma) inggih punika awatara (panjalmaning) déwa Wisnu ingkang angka kalih ingkang awujud bulus raksesa. Awatara punika njalma nalika jaman Satya yuga. Miturut kitab Adiparwa, bulus mau jejuluk Akupa.[1].
Déwa Wisnu, wonten ing inkarnasinipun ingkang angka kalih awujud bulus raksasa, nylametaken donya saking Ksirarnawa nalika para déwa kaliyan raksasa sami pados Amertha. Cariyos ingkang jangkep dipunandharaken wonten ing kitab Adiparwa bab IV.
[2]
Miturut manéka kitab Purana, Wisnu mundhut wujud bulus (kurma) saha ngapung wonten ing lautan susu (Kserasagara utawi Kserarnawa). Wonten ing dhasar laut mau jaréné wonten harta karun saha tirta amerta ingkang saged damel sinten ingkang ngunjuk saged gesang abadi. Para Déwa sarta Asura sami rebutan anggènipun pados tirta amerta. Kangge ngadhuk laut mau, mbetahaken pirantos kaliyan gunung ingkang gadhah nama Mandara dipun-ginakakenn kanggé ngadhuk. Para Déwa saha para Asura ngiket gunung mau kanthi naga Wasuki saha muteraken gunung mau. "Kurma" nopang dhasar gunung mau migunakaken tempurungipun. Déwa Indra nyepeng puncak gunung mau supados boten kaangkat. Sampun sawatawis, tirta amerta saged pinanggih déning para Déwa, sarta dipunpendhet alih déning Déwa Wisnu.[3].
Kurma ugi minangka nama saking salah satunggalin rsi, putra Gretsamada.[4]
Mitologi
[besut | besut sumber]Kacariyosaken wonten ing jaman Satyayuga, para Déwa saha asura (rakshasa)ngawontenaken sidang wonten ing puncak gunung Mahameru saperlu pirembagan babagan pados cara kanggé nemokaken tirta amerta, inggih punika toya suci ingkang saged paring gesang abadi. Déwa Wisnu paring sabda, "Manawi péngin tirta amerta mau, adhuken laut Ksera (Kserasagara), amargi wonten ing salebeting laut punika wonten tirta amerta. awit saking punika, lakonana !".[5].
Sabibaripun mireng parébtah saking Déwa Wisnu, para déwa sarta asura sakliyan sami budhal tumuju ing laut Ksera. Wonten ing mrika wonten salah sawijining gunung, inggih punika Gunung Mandara (Mandaragiri) wonten ing Sangka Dwipa (Pulo Sangka), inggilipun antawis sewelas èwu yojana. Gunung mau dipuncabut déning Sang Anantabhoga. Sabibaripun angsal ijin saking Baruna, gunung Mandara dipundhawahaken ing laut Ksira minangka dados tombak kanggé ngadhuk laut mau. Wonten bulus (kurma) raksasa ingkang gadhah nama Akupa ingang jaréné minangka awatara, dados dhasar pangkal gunung mau kanggé nahan gunung supados boten kelem.[6]
Naga Basuki dipun-ginakaken dados tali, kanggé ngiket léréng gunung mau. Déwa Indra lenggah wonten ing puncakipun, supados gunung mau boten kaangkat. nSasampunipun siyap, para Déwa, rakshasa saha asura miwiwiti muter gunung Mandara kanthi migunakaken Naga Basuki minangka talinipun. Para Déwa nyepeng buntut, déné para asura kaliyan raksasa nyepeng sirahipun. Sedaya sami berjuang kanthi sakuat tenaginipun kanggé nemokaken tirta amerta saéngga laut orég. Gunung Mandara murub, Naga Basuki nyemburaken racun saéngga njalari para asura kaliyan raksasa ngraosaken panas. Lajeng Déwa Indra paring dhawuh dhumateng para méga mendhung supados nyiramaken jawah. Lemak sadaya kéwan ing gunung Mandara sarta lenga kayu alasipun njalari laut Ksira dados kenthel, anggénipun muter Gunung Mandara lajeng tambah sekti.[7].
Uga delengen
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ [1](dipunundhuh tanggal 2 November 2012)
- ↑ I Ketut Sukartha, dkk. (2003). Agama Hindu untuk SLTP Kelas 3. Denpasar: Penerbit Ganeca Exact.
- ↑ [2](dipunundhuh tanggal 2 November 2012)
- ↑ Dharam Vir Singh (Alih Basa Déning I. G. A. Dewi Paramitha, S. S. (2006). Hinduisme Sebuah PengantarISBN 978-979-722-399-1. Surabaya: Penerbit Paramita.
- ↑ [3](dipunundhuh tanggal 2 November 2012)
- ↑ [4] Archived 2012-12-12 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 2 November 2012)
- ↑ [5](dipunundhuh tanggal 2 November 2012)
Kurma | ||
---|---|---|
Sebelumnya: {{{sadurungé}}} |
Awatara Wisnu ke-2 |
Berikutnya: {{{sawisé}}} |
Awatara Wisnu | |
---|---|
Matsya | Kurma | Waraha | Narasinga | Wamana | Parasurama | Rama | Kresna | Baladewa (Balarama) | Buddha | Kalki |