Wamana

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Cithakan:Hindu Déwa Infobox

Wamana (Devanagari: वामन ; Vāmana) ing agama Hindhu, ya iku awatara Wisnu kang angka lima, Sang Déwa njalma ana nalika jaman Treta yuga, minangka putrane Aditi lan Kasyapa, Brahmana. Wisnu njalma kanthi ancas mbrasta kanisthan lan mènèhi pitutur marang Raja Bali (Mahabali), ya iku Asura kang esih kaitung dadi putune Prahlada. Raja Bali wis ngrebut swarga saka Déwa Indra, saéngga déwa Wisnu njalma dadi manungsa kanggo mènèhi paukuman marang Raja Bali. Wamana awatara digambarake mawi wujud anak cilik nggawa payung. Wamana awatara iku dadi panjalmaning déwa Wisnu kang njalma dadi manungsa lengkap, déné wujudé cilik. Wamana kala mangsa uga disebut Upendra[1]

Kisah Wamana Awatara[besut | besut sumber]

Kisah Wamana Awatara kamot wonten ing kitab Bhagawatapurana. Miturut cariyos wonten ing kitab, Wamana minangka Brahmana alit rawuh wonten ing pura Raja Bali amargi nalika sapunika Raja Bali ngundhang sadaya Brahmana saperlu maringi bebungah. Piyambakipun sampun dipunsukani nasehat déning Sukracarya supados boten paring bebungah punapa kemawon dhumateng Brahmana ingkang aneh saha bènten kaliyan sanèsipun. Nalika pambageyan bebungah, salah stunggaling Brahmana ingkang alit wonten ing sadengahipun parra brahmana-brahmana sanèsipun ingkang sampun sepuh. Brahmana punika ugi badhé dipunparingi bebungah déning Raja Bali. Brahmana alit punika nyuwun lemahingkang ambanipun naming tigang jengkal, ingkang kaukur kanthi langkahipun. Raja Bali sesumbar saha nglirwakaken nasihat saking Sukracarya. Piyambakipun lajeng prentah brahmana punika mlampah.[2]

Nalika sapunika ugi, Brahmana punika tambah ageng. Kanthi ukuran ingkang ageng sanget, piyambakipun saged mlampah ing swarga saha donya. Nalika langkang ingkah kapisan, piyambakipun ngidak swarga. Wonten ing langkah angka kalih, piyambakipun ngidak donya. Sarta ingkang pungkasan, amargi boten wonten papan malih, Raja Bali nyerahaken sirahipun Wiwit sapunika, sampun tamat panguwaosipun Raja Bali. Amargi trenyuh kaliyan Raja Bali ingkang suka paparing, saéngga Wamana maringi gelar Mahabali. Piyambakipun ugi janji bilih samangke Bali badhé dados Indra nalika “Manwantara” salajengipun.[3]

Tradisi saha pemujaan[besut | besut sumber]

Wamana minangka 'Sang Hyang Triwikrama' kagambaraken gadhah tigang pada, ingkang satunggal wonten ing donya, ingkang angka kalih wonten ing swarga, sarta ingkang kaping tiga wonten ing sirahipun Mahabali.[4] Kisah Wamana Awatara saha Raja Bali dipunpengeti saben taun nalika pawiwahan Onam ing Kerala (India). Wonten ing mrika ugi dumunung kuil mligi kanggé nyembah Wamana Awatara. Kajaba ing mrika, ugi wonten kuil – kuil Wamana kasebar ing India, salah satunggalipun ing Kanchipuram, caket kuil Kamaskshi.[5]

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ [1](dipunundhuh tanggal 10 November 2012)
  2. ^ [2](dipunundhuh tanggal 10 November 2012)
  3. ^ Dharam Vir Singh (Alih Basa Déning I. G. A. Dewi Paramitha, S. S. (2006). Hinduisme Sebuah Pengantar. Surabaya: Penerbit Paramita.
  4. ^ [3](dipunundhuh tanggal 10 November 2012)
  5. ^ I Ketut Sukartha, dkk. (2003). Agama Hindu untuk SLTP Kelas 3ISBN 979-571-020 6 (jilid 1). Denpasar: Penerbit Ganeca Exact.
Wamana
Sebelumnya:
{{{sadurungé}}}
Awatara Wisnu
kaping 5
Berikutnya:
{{{sawisé}}}
Awatara Wisnu HinduSwastika.svg
Matsya | Kurma | Waraha | Narasinga | Wamana | Parasurama | Rama | Kresna | Baladewa (Balarama) | Buddha | Kalki